Contoh Pidato Hari Pahlawan 2025 dalam Bahasa Jawa Singkat dan Mudah Dihafal
Apakah kamu sedang mencari contoh pidato hari Pahlawan 2025 dengan menggunakan bahasa Jawa yang singkat dan mudah dihafal? Yuk, temukan referensinya di sini!
Setiap tanggal 10 November seluruh instansi di Indonesia selalu memperingati hari Pahlawan.
Biasanya di dalam peringatan hari Pahlawan ini, diisi dengan pidato tentang pentingnya mengingat jasa para pahlawan dengan menggunakan bahasa daerah, salah satunya adalah bahasa Jawa.
Nah, di artikel ini kamu akan belajar contoh-contoh pidato bahasa Jawa untuk peringatan hari Pahlawan yang singkat dan mudah untuk dihafal. Simak contoh-contoh pidatonya, ya! 🎤📑✨
Daftar Isi
Contoh Pidato Hari Pahlawan 2025 dalam Bahasa Jawa

Hingga saat ini, masih banyak orang yang memperingati hari Pahlawan dengan cara memakai pidato dengan menggunakan bahasa daerah masing-masing, termasuk memakai bahasa Jawa.
Cara ini dipilih bukan hanya untuk menyampaikan pesan-pesan luhur agar generasi penerus tidak melupakan jasa besar pahlawan yang telah berkorban jiwa raga dalam mempertahankan kemerdekaan republik Indonesia.
Tetapi, juga digunakan untuk melestarikan bahasa daerah yang belakangan ini mulai ditinggalkan oleh masyarakat penuturnya.
Berikut ini adalah contoh pidato hari Pahlawan 2025 dengan memakai bahasa Jawa rekomendasi dari Mamikos untuk kamu jadikan panduan belajar.
Contoh 1 Pidato Hari Pahlawan 2025
Assalamualaikum warrahmatullahi wabaraktuh.
Sugeng enjing kagem para rawuh. Ingkang kinurmat, bapa Kepala Sekolah, bapa guru tuwin ibu guru. Para mitra ingkang kula tresnani.
Sumangga kita sesarengan ngonjukaken raos sokur dhumateng ngrasanipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha kanikmatan ingkang saged ndadosaken kula dalah panjenengan sami saged kempal wonten ing papan ngriki kanthi rahayu tanpa kirang setunggal punapa.
Kaping kalihipun, sholwat ugi salam mugia tansah konjuk dhumateng junjungan kita sedaya inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad Saw ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu wonten dinten kiyamat mangke.
Ing ngriki kula (sebutkan nama) minangka sesulih saking (sebutkan asal kelas) badhe nindakaken sesorah babagan wigatosipun mengeti dinten pahlawan.
Saderengipun miwiti matur, kula badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sami ingkang sampun kersa ngrawuhi adhicara punika.
Para rawuh sedaya, sampun kula dalah panjenengan sampun mangertosi bilih dinten pahlawan punika dipun pengeti saben 10 November.
Anggenipun milih tanggal 10 November dados dinten Pahlawan boten saged uwal saking prastawa ageng ingkang nate dumados wonten Surabaya warsa 1945 kepengker.
Ing taun punika, maewu-ewu pejuang saking Surabaya dalah sakupengipun sami perang lumawan NICA ingkang kepengin ngrebut malih kamardhikan Indonesia ingkang nembe saumur jagung.
Mesthi mawon para pejuang boten trima ugi kersa nyembadani panyuwunipun NICA. Amargi panyuwunanipun boten dituruti ugi malah ngibaraken gendera Walanda.
Sanalika para pejuang muntab lan paparangan ageng boten saged dipunselaki. Senaosa menang cacah, nanging pejuang Indonesia kalah ing babagan gegaman.
Tentara NICA ingkang dipunrewangi pihak Sekutu ingkang kagungan gegaman langkung modern ndadosaken para pejuang kita kangelan menangaken paprangan.
Senaosa kathah pejuang ingkang sampun gugur, nanging para pejuang boten purun nyerah. Kanthi gegaman sawontene para pejuang terus-terusan perang mungsuh bangsa penjajah.
Saking sawetawis cathethan sinebut menawi wonten 6.000 ngantos 16.000 pejuang ingkang gugur salebeting perang 10 November wonten Surabaya punika.
Setunggal taun candhakipun utawi wonten 10 Novemer 1946 presiden Soekarno netepaken tanggal 10 November minangka dinten Pahlawan.
Wiwit dinten niki dugi sepriki, kita sedaya tansah nindakaken dinten Pahlawan murih sami ngertos menawi kamardhikan ingkang kita raosaken punika sanes bebungah utawi peparing saking bangsa sanes, nanging mujudaken asil saking perjuwanganipun para pahlawan kita.
Mugia kanthi emut kaliyan kedadosan punika saged nuwuhaken raos nasionalisme wonten manah kita sedaya.
Cekap semanten saking kula, menawi wonten tembung kirang trep ingkang kawedal, saestu kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassallamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Halaman:


