Advertisement
Source : Getty Images Signature/webphotographeer

Contoh Pidato Hari Pahlawan 2025 dalam Bahasa Jawa Singkat dan Mudah Dihafal

Apakah kamu sedang mencari contoh pidato hari Pahlawan 2025 dengan menggunakan bahasa Jawa yang singkat dan mudah dihafal? Yuk, temukan referensinya di sini!

5 November 2025 Zuly Kristanto

Contoh 4 Pidato Hari Pahlawan 2025

Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Sepindah, sumangga kita sedaya tansah ngonjukaken raos sokur dhumateng Gusti Allah Kang Maha Agung amargi namung saking rahmatipun, kawula dalah panjenengan sedaya tasih pinaringan rohmat, taufiq, hidayah, saha inayah, saengga saged rawuh ing ngriki kanthi sehat tanpa kekirangan menapa.

Kaping kalihipun, sholawat saha salam Allahumma sholli ala Muhammad, mugi-mugi tetepa konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Para bapak/ibu guru saha para mitra ingkang kula tresnani, dinten menika kita nindakaken pengetan dinten Pahlawan.

Lumantar pengetan dinten Pahlawan punika mugia saged dados pepiling tumrap kita saking lelabuhanipun para pahlawan ingkang sampun berjuang njagi kamardhikan Indonesia.

Ing 10 November 1945 kepungkur, para pahlawan menika ikhlas ngorbanaken jiwa ugi raganipun kagem mertahanaken kamardhikanipun nagari kita.

Mugi-mugi kanthi nindakaken pengetan dinten pahlawan punika, kita saged nuladhani sikap kaprawiranipun para pahlawan-pahlawan kita.

Sasenese niku mugia kanthi pengetan dinten Pahlawan punika saged dados sarana kagem ngraketaken semangat persatuan ugi kesatuan kagem sedaya masyarakat Indonesia.

Saderenge kula pungkasi pidhato niki, sumangga kita sedaya sesarengan ngonjukaken donga pamuji kagem para pahlawan ingkang samenika sampun sowan ing ngarsanipun Gusti.

Mugi lantaran donga kita saged ndadosaken Gusti Allah kersa paring pangaksama tumrap sedaya kalepatan ingkang sampun ditindakaken dening para pahlawan kita.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi kanthi pengetan niki, saged dados sarana murih kamardhikanipun bangsa Indonesia tetepa lestari.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

7 Contoh Pidato tentang Hari Pahlawan untuk Anak SD, SMP, dan SMA Singkat

Contoh 5 Pidato Hari Pahlawan 2025

Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Ingkang kula hormati Bapak Ibu (…)
Ingkang kula hormati staf TU

Sarta Ingkang kawula khurmati para Bapak/Ibu undangan

Para rawuh ingkang kawula khurmati.
Sampun dados pakulinan tumrap warga Indonesia bilih saben tanggal 10 November kita nindakaken pengetan dinten Pahlawan Nasional.

Pengetan punika kagem ngeling-eling prastawa ageng ingkang nate dumados wonten Surabaya rikala 10 November 1945, kepengker.

Ing wekdal punika, maewu-ewu pejuang sarta rakyat Indonesia cancut taliwanda njagi kamardhikan Indonesia ingkang badhe dipunrebut malih kaliyan bangsa Walanda ingkang kabantu pihak Sekutu.

Arek-arek Surabaya ingkang boten kepengin ngraosaken rekasanipun dijajah lajeng nindakaken perang lumawan Walanda lan Sekutu.

Saking perang punika wonten welasan ewu arek-arek Surabaya ingkang pralaya. Kathahing kurban ing pihak Indonesia ngantos ndadosaken pihak PBB tumut nengahi.

Wusananipun ing perang punika boten wonten pihak ingkang kalah ugi pihak ingkang menang. Nanging, lumantar perang ageng punika masyarakat donya saged ngertos menawi Indonesia sampun dados negara ingkang mardhika lan Walanda disuwun supados boten ganggu gawe malih dhateng Indonesia.

Kagem ngeling-eling prastawa punika, ir Soekarno minangka presiden republik Indonesia lajeng netepaken 10 November minangka dinten pahlawan kagem ngeling-eling perjuanganipun arek-arek Surabaya.

Para rawuh, cekap semanten atur kula, bilih wonten lepating atur saha solah bawa ingkang kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan, kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassallamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh

Demikian informasi tentang rekomendasi pidato hari Pahlawan 2025 dengan memakai bahasa Jawa yang singkat dan mudah dihafal. 🗣️🎙️

Referensi:


Halaman:

Advertisement