14 Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek tentang Berbagai Tema
Jika kamu sedang mencari informasi tentang beberapa contoh puisi jawa dengan berbagai tema, temukan jawabannya dengan membaca artikel berikut hingga selesai.
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 2
Ajar Marang Sapu
Delengen sapu korek kae
Dheweke bisa migunani bareng kaiket kanthi keket
Coba yen suhe rengga kepara ilang
Samesthine dheweke ora bakal bisa digunakake
Semono uga uripe manungsa
Bakal migunani tumraping liyan
Yen sapu korek mbutuhake lawe
Kanggo pangikete
Kita mung butuh ngilangake
Rasa gumedhe
lan pengin menange dhewe
Saka atine dhewe-dhewe
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 3
Sisa-sisa Grebeg Sudiro

Advertisement
Isih ana sethithik cahya saka rembulan sagarit
Ing kalane wengi dikebaki tetembungan panyengit
Mung untunge sethithik cahyane
Isih kena dakgawe cecolok
Saengga isih ana gurit kang karakit
Kanggo ngruwat wengi kang wingit
Sisa-sisa Grebeg Sudiro kang mentas wae mungkur
Isih durung bisa kasingkur
Senajan akeh panylimur
Kang samangsa gawe panyawang dadi blawur
Muga wae aku lan kowe
Senajan beda kapitayan
Kita kudu tansah eling
Njaga paseduluran selawase
Sarta janji njaga toleransi
Supaya NKRI tetep Lestari
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 4
Apa isih ana sing bisa digeguyu
Nalika ati wis kebak klawan tatu
Nyatane gumantine wektu
Tansah gawe perih ing atiku
Ing mendhung kang kapulas klawu
Dakrakit ukara tanpa tresna
Minangka pangejawantahe rasa kuciwa
Marang sakehe tumindakmu kang tega
Ninggal esem mawa wisa
Ing kalane sawutuhe tresna
Dakpasrahake mung kanggo
Sliramu, Nimas
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 5
Banguntapan
Wengi ing kalane dakambah dedalan sepi kuthamu
Nyatane mung nyisakake
Gemujeng antarane sorot merkuri lan atise wengi
Kang tansaya ngrerojeh ati
Masia wengi iki ora daktemu esem renyah
Lan panyapa prasaja kang sinungging
Kanggo mapag tekaku, ing kuthamu
Ora dadi ngapa
Awit saka tapakmu kang tumapak ing pinggiring dalan
Isih bisa dakwaca
Sliramu tansah bagya minulya
Aja nate takon
Kena apa gurit iki linair
Awit dheweke mung saderma netepi wajib
Nyuwarakake atine si pengung
Kang keprapanan klawan mustikaning Banguntapan