14 Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek tentang Berbagai Tema
Jika kamu sedang mencari informasi tentang beberapa contoh puisi jawa dengan berbagai tema, temukan jawabannya dengan membaca artikel berikut hingga selesai.
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 6
Marang Atiku
Dakjaluk sing gedhe pangapuramu
Merga kesuwen anggenku lali
Saengga weningmu
Kang kudune gilar-ginilar
Malah kucem kebak klawan lebu
Oh, atiku
Wengi iki aku bali
Sawise dakpecaki dalan-dalan kang rumpil
Kasunyatan kang kebak karerantan
Tansah ndadekake elingku
Yen ora ana kang luwih wigati
Tinimbang weningmu
Aja mung mbisu, atiku
Iki wis dakgawakake sapu
Kanggo reresik lebu
Wengi iki bakal daktebus sekabehane luput
Mumpung dinaku durung kukut
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 7
Aruna

Advertisement
Semburat cahyane srengenge ing sisih wetan
Tumiba ing ijone gegodhongan
Tekane saguh maesi kahanan
Saengga esuk katon luwih endah tinimbang padatan
Sasat saemper esemane prawan
Kang pecah samungkre tetangisan
Amarga koncatan katresnan
Masia bisaku nyawang mung saka kadohan
Saka oyot-oyot pengkuh kang pinayungan
Kasetyane ijone gegodhongan
Pengen daktemu sacuwil katentreman
Ing satengahe jaman kang tansah oyak-oyakan
Senajan mung mapan ing sapinggire dalan
Daksuwun esemanmu cukup kanggo gegaman
Ngadhepi kuceming jaman
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 8
Langit
Aku pengin teturon ing pangkone langit
Pengin dakronce maewu-ewu panjerit
Saka para juru gurit
Kang kelangan daya lungid
Amarga lali ngrapal wirid
Ing pucuke wengi kang wingit
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 9
Lintang Alihan
Samungkure rembulan kalinglingan
Mendhung kang wurung nganakake udan
Musna saka jembare langit
Kang kasisa saka wengiku
mung rasa atis kang teka saka pucuke gunung
hawa adhem kang teka mbarengi
kluruke jago kang kapindho
kuwawa nigas krentege
karepku kanggo nggegem tangane
gegambaran gegeman tangan
nalikane lungguh sesandhingan
amrih bisa andum kekuwatan
kanggo ngadhepi pait getiring kasunyatan
kudu daksawatake menyang jembaring kahyangan
supaya ing tembe ora dadi sanggan
tumrap atiku kang wola-wali ketaman
wisaning katresnan
senajan sliramu pindha lintang alihan
tekamu ing uripku mujudake kanugrahan
lamuna critaku lan critamu kudu kapunggel tekan kene
muga ora nuwuhake getun ing wengi candhake
ing kene
ing papan kang ora nate kok bayangake
aku sumendhe menyang garis nasib
nyoba nuwuhake rasa lila
samungkure nemahi katresnan kang sisip