Advertisement
Source : Pexels/This And No Internet 25

40 Contoh Soal SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka dan Jawabannya

Apakah kamu sedang mencari informasi tentang SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka yang sudah dilengkapi dengan kunci jawabannya? Yuk, temukan contoh soalnya di sini!

8 Juni 2026 Zuly Kristanto

Soal Nomor 32

Tembang dolanan sing biyasane ditembangake bocah-bocah jaman biyen nalika padhang bulan sinambi dolanan krikil yaiku …..

a. Ilir-ilir

b.Gambuh

c. Menthok-menthok

d. Cublak-cublak Suweng

Kunci Jawaban: D

Soal Nomor 33

Tembang dolanan mujudake tembang prasaja, saengga gampang ditembangake kanggo bocah. Kosok baline tembung prasaja yaiku …..

a. Gampang

b. Ange;

c. Sederhana

d. Rukun

Kunci Jawaban: B

Soal Nomor 34

Bocah kuwi pancen dawa tangane, mulane dheweke ora disenengi kanca-kancane. Tembung dawa tangane tegese …..

a. Seneng njupuk duweke wong liya (nyolong)

b. Seneng tetulung lan mbyantu kancane

c. Seneng njaluk jajan marang kancane

d. Prigel banget yen dikon nyambut gawe

Kunci Jawaban: A

Soal Nomor 35

Ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung saroja yaiku …..

a. Ibu mundhut duku wolu ing pasar kewan

b. Susi karo Bu Dewi lagi rembugan prakara Mbokdhe Jum

c. Murid-murid padha urip rukun, ayem tentrem ing sekolah

d. Yen arep nggancarake tembang kudu ngerti isine

Kunci Jawaban: C

Soal Nomor 36

Susi : “Sugeng enjing bu, kok janur gunung taksih enjing sampun tindak griya mriki?”
Bu Dewi : “Aku pingin kepethuk ibumu nduk.”
Susi : “Inggih bu, wonten kawigatosan punapa kok sajak penting sanget?”
Bu Dewi : “Owalah arep rembug prakara thithik wingi, timbang kriwikan dadi grojogan kudu ndang dirampungake prakarane.”
Susi : “Ooohh ngaten nggih bu.”
Bu Dewi : “Iya Sus, sebabe prakara iki gandheng karo Mbokdhe Jum sing ibarate kebo kabotan sungu, nanging ora oleh bantuan saka pamarentah.”
Susi : “Inggih Bu Dewi, mangga pinarak, kula tak matur dhateng ibu menawi panjenengan tindak mriki.”

Sing ora kalebu basa rinengga adhedasar pacelathon ing ndhuwur yaiku …..

a. Janur gunung

b. Kawigatosan

c. Kriwikan dadi grojogan

d. Kebo kabotan sungu

Kunci Jawaban: B

Soal Nomor 37

Tembung janur gunung sing diucapake Susi ing pacelathon ndhuwur tegese utawa nggambarake kahanan sing …..

a. Kerep banget kedadeyan

b. Ora biyasane utawa jarang banget kedadeyan

c. Kudune pancen wis suwe kedadeyane

d. Bakal dadi prakara sing gedhe banget

Kunci Jawaban: B  

Soal Nomor 38

Basa sing digunakake dening Susi nalika micara marang Bu Dewi yaiku basa …..

a. Ngoko lugu

b. Ngoko alus

c. Krama lugu

d. Krama alus (inggil)

Kunci Jawaban: D

Soal Nomor 39

Aku pengin kepethuk ibumu. Ukara iki klebu ragam basa …..

a. Krama madya

b. Krama lugu

c. Krama inggil

d. Krama alus

Kunci Jawaban: B

Soal Nomor 40

Yen kepengin nulis tembung bolu nganggo aksara Jawa , sandhangan swara sing digunakake ing aksara la yaiku …..

a. Taling

b. Pepet

c. Suku

d. Wulu

Kunci Jawaban: C

Semoga contoh soal SAS Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2 Kurikulum Merdeka ini bisa kamu gunakan sebagai latihan untuk mendapatkan nilai yang memuaskan. 📄👩🏻‍🎓

Referensi:


Halaman:

Advertisement