9 Contoh Teks MC Bahasa Jawa Singkat untuk Berbagai Acara Terbaru dan Menarik
Pada artikel ini mamikos akan menampilkan beberapa contoh MC Bahasa Jawa singkat untuk berbagai acara yang dapat kamu pelajari. Simak baik-baik.
3. Contoh Naskah untuk untuk MC Bahasa Jawa Resepsi
Resepsi merupakan saat yang paling ditunggu setelah prosesi ijab dilakukan kedua mempelai. Adapun contoh naskah MC untuk resepsi adalah sebagai berikut.
Contoh Teks MC bahasa Jawa untuk Resepsi
Assalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.
Para sesepuh, para pinisepuh, sarta sagung tamu sinedhahan kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan, saha ingkang bagya mulya.
Mugi kawilujengan, rahmat, sarta nugrahing Gusti Ingkang Mahakuwaos katedhakna saha tansah kasarira dhumateng panjenengan sedaya hing papan menika, satemah sageda hamimbuhi pepadhang wilujeng nir sambekala.
Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah nyenyuwun saha hameminta, mugi sih wilasa wilasanipun Pangeran tansah hanglimputana saha handayani hing papan menika, satemah hamung pinanggih hayu, hayem, hayom lan handayani.
Kanthi tansah hanyenyadhang berkahing Allah Ingkang Maha Asih, kepareng kula Imam Sutardjo ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah adicara hing wanci menika.
Dhaupipun Rara Dewi Wulandari atmajanipun Bapak Sanusi tuwin Ibu Sukarti hing Bantul ingkang kajatukrama dening Bagus Doni Kusuma hing laladan Sleman atmajanipun Bapak Widarma Ibu Sulastri
Sanggyaning para tamu ingkang bagya mulya, wondene penganten kekalih sampun tinangsulan tatacara akad nikah rikala dinten Selasa Legi surya 6 Desember 2022 kanthi wilujeng kalis ing rubeda ingkang mapan wonten Bantul.
1. Pinangka purwakaning adicara pahargyan pawiwahan ing sonten menika penganten putri kakanthi lenggah hing krobongan.
2. Sasampunipun penganten putri sampun satata lenggah, katungka bidhalipun ingkang kasraya mapak penganten kakung.
3. Wondene adicara srah tinampi penganten kakung katindakaken menawi penganten kakung sampun samapta hing sangajengipun papan pahargyan pawiwahan.
4. Purna adicara srah tinampi, kalajengaken adicara tatacara panggih hanut satataning adat. Manawi tatacara panggih sampun purna, penganten sarimbit kasingepan slindur, lajeng kakanthi tumuju hing krobongan, samapta badhe hanindakaken tatacara krobongan.
5. Para tamu kakung putri ingkang tansah kula bekteni. Purna tatacara krobongan, besan sapangombyong tumuli kahaturan rawuh martuwi penganten, ingkang limrah winastan besan martuwi. Manawi besan sapangombyong sampun satata lenggah, penganten tumuli hanindakaken tatacara ngabekten.
6. Purnaning adicara winastan bedholan penganten.
Mekaten para tamu sinedhahan kakung putri, menggah rantaman inggih rancanganing lampah-lampah adicara pahargyan pawiwahan penganten ingkang prasaja hing wanci menika, mugi handadosna kawuningan.
4. Contoh Naskah untuk MC Bahasa Jawa Pengajian
Setiap peringatan hari besar dalam agama islam atau pada bulan ramadhan, di masjid-masjid biasanya diadakan suatu pengajian.
Supaya pengajian berjalan sesuai dengan rencana. Biasanya pengajian dipandu oleh seorang MC. Dan contoh naskah MC Bahasa Jawa untuk pengajian adalah sebagai berikut.
Contoh Teks MC bahasa Jawa untuk Pengajian
Bismillaahirrohmaanirrohim.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillah, alhamdulillahi rabbil ‘alamin, wash sholaatu wasalaamu’ala asrofil ambiyai wal mursalin, wa ala aalihi wa shahbihi ajmain. Asyhadu alla ilahailallah wa asyhadu annaa muhammadar ‘abduhu wa rasuuluhu.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang sami luhuring budi lan ingkang tansah kula bekteni.
Bapak Ustad, para alim ulama minangka pandam pandoning dumadi, ingkang tansah sumandhing kitab suci, wahyuning Ilahi,
Ingkang tansah nengenaken saha angajak dhumateng tumindak kautaman saha tansah nyelak dhumateng Pangeran, muslimin wal muslimat, saha sedaya para ingkang sami rawuh rohimakumulloh saha ingkang tansah kula bekteni.
Minangka pambukaning atur, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa Dalem Allah SWT.
Dene ing wekdal menika (siyang, dalu) kita tansah pinaringan kesarasan, kekiyatan sami saged rawuh wonten masjid ingkang saperlu sami tholabul ngilmi ing menika. Raos syukur ingkang sakelangkung ageng jalaran kita sedaya sampun pinaringan hidayah Iman, Islam lan Ihsan pengaosan.
Shalawat lan salam kita aturaken wonten ngarsanipun junjungan nabi agung Muhammad Rosulullah SAW, ingkang sampun marisaken dinul Islam, agami Islam mulia raya, kanthi kita pinaringan tetilaran Al Qur’an lan Al Hadist.
Menawi kekalih gegebengan menika tansah kita tindakaken lan dipunamalaken kanthi temen-temen, tumemen, temenanan, saha istiqomah; insya Allah gesang kita bahagia fidunnya wal akhiroh, allohumma amin.
Para ingkang sami rawuh saha para hadirin rohimakumulloh, wondene urut-urutaning lampah adicara pengaosan ing (dalu siyang) menika.
1. Adicara kapisan inggih menika pambuka.
2. Lampah kaping kalih waosan ayat suci Al Qur’an saha saritilawah, ingkang badhe dinpunsarirani Bapak Muhadi saha sedherek Bapak Sukardi.
3. Adicara kaping tiga inggih menika Laporan Ketua inggih pangarsa pengaosan Maulid Nabi.
4. Titilaksana kaping sekawan inggih menika tanggapwara inggih tanggap wacana takmir masjid Al Huda ingkang dipunsarirani panjenenganipun Bapak Kurniawan.
5. Adicara kaping gangsal inggih menika pengaosan ingkang kaandharaken panjenenganipun Al saking Ustad Kyai H Gufron Shidiq. Menawi andharan sampun cekap kalajengaken pandangonpandangon utawi pitakenan saking para ingkang sami rawuh.
6. Adicara kaping nenem waosan doa penutup, dipunsarirani panjenengan Al Ustad Kyai H. Imam Samsuri.
7. Lampah kaping pitu pengaosan paripurna.
Mekaten para rawuh, muslimin wal muslimat menggah uruturutaning lampah pengaosan (dalu, siyang) menika ingkang sampun karantam panitya.
Halaman:

