7 Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa Singkat Beserta Strukturnya

7 Contoh teks tanggapan deskriptif bahasa Jawa singkat beserta strukturnya – Teks tanggapan deskripsi ditulis untuk memberikan penjelasan atau berisi mengenai suatu ulasan terhadap suatu hal.

Maksud dari deskriptif sendiri adalah penggambaran suatu hal atau kejadian dengan menggunakan kalimat.

Jadi maksud teks tanggapan deskriptif adalah memberikan gambaran terhadap suatu kejadian atau peristiwa dengan menggunakan kalimat.

Tentang Teks Deskriptif

https://www.goodnewsfromindonesia.id/

Sebagai pembeda dengan teks jenis lainnya. Dalam teks deskriptif harus memiliki tiga unsur yakni evaluasi, deskripsi dan penegasan.

Supaya dapat memberikan penggambaran yang jelas. Dalam menulisnya harus melibatkan indra sehingga dapat memberikan gambaran mengenai ukuran, kondisi, warna, dan sebagainya dengan jelas.

Adanya penggambaran yang jelas ini dimaksudkan supaya pembaca dapat berimajinasi.

Sehingga seolah-olah pembaca melihat atau merasakan sendiri peristiwa atau kondisi yang disampaikan oleh penulis.

Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 1

sumber : dokumen pribadi

Udan sing terus tumiba ing kutha Solo lan sakiwa tengene keri-keri iki nyebabake dalan-dalan padha rusak (jeglong).

Dalan sing rusak (jeglong) iki mau ora mung dumadi ing dalan alternatif wae nanging uga dalan-dalan utama.

Rusake dalan iki saliyane nyebabake keganggune aktifitas masyarakat nanging uga mbebayani tumrape para pengguna dalan.

Awit yen ora ngati-ati anggene ngliwati dalan sing rusak mau bisa njalari dumadine kacilakan sing ora mung ngrugekake dhiri sacara materi nanging uga nyawa.

Salah siji wujud protes ngenani dalan rusak iku mau ditindakake dening ICS (Info Cegatan Solo dan sekitarnya), salah siji grup facebook paling gedhe ing kutha Solo. Grup ICS iki anggotane maneka werna lan binuka kanggo umum.

Grup iki saliyane menehi info ngenani cegatan kang ana ing kutha Solo lan sakiwa tengene uga menehi maneka info maneka kedadeyan kang dumadi ing kutha Solo lan sakiwa tengene.

Saliyane kuwi grup iki uga martakake dalan-dalane endi wae sing wis rusak (jeglong).

Anggene martakake yaiku kanthi cara motret dalan sing rusak mau banjur diuploud menyang grup lan diwenenhi katrangan dalan ngendi sing rusak mau manggon ing dhaerah endi. mau dipotret.

Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 2

Dina kemis (26/10) kepungkur ana swasana kang beda ing Kantor Balai Bahasa Jawa Timur.

Ing dina kuwi kantor Balai Bahasa Jawa Timur luwih rame tinimbang biyasane. Mobil-mobil kanthi nomor polisi luwar kutha Sidoarjo padha jejer kanthi rapi ing papan parkiran.

Sauntara kuwi puluan wong kang nyandhang cara jawa kanthi gagrag jawa timuran lan yogyanan katon padha sumringah kalane mlebu ing salah sijine ruwangan Balai Bahasa Jawa Timur kasebut.

Pawongan sing nyandhang cara Jawa iku mau mujudake tamu ngestreni adicara taunan kang kagelar dening Balai Bahasa Jawa Timur.

Adicara taunan sing kagelar ing kantor Balai Bahasa Jawa Timur ing dina kuwi yaiku adicara ‘Anugrah Sutasoma.’

Adicara iki mujudake adicarane Balai Bahasa Jawa Timur kanggo menehi bebana marang paraga berprestasi lan paraga kang nduweni lelabuhan gedhe ing jagading literasi, mligine tumrap jagad literasi ing wewengkon Jawa Timur.

Anugrah Sutasoma dhewe saliyane diparingake marang sastrawan lan kritikus sastra kang karyane dianggep paling pinunjul manut etungane para dewan juri.

Uga diparingake menyang guru kang nduweni dedikasi gedhe tumrap basa lan sastra.

Sauntara iku komunitas sastra kang nduweni lelabuhan gedhe tumrap pangrembakane basa lan sastra uga pikantuk bebana wujud Anugrah Sutasoma.

Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 3

Kalungguhane popok tumrape kaluwarga duwe bayi cilik bisa dikandhakake kabutuhan utama kang ora kena ditinggal.

Dinane iki ‘popok sekali pakai’ (sekali pakai) wis ngalahake popok sing bisa digunakake makaping-kaping.

Dupeh duwe dhuwit lan ora gelem ngumbah popok lan sebab liyane nyebabake popok ‘gagrak lawas’ sing kena dienggo makaping-kaping wiwit ditinggal kaluwarga enom jaman saiki.

Mung emane, saka kaluwarga kang nggunakake ‘popok sekali pakai’ isih akeh kang durung kesadharan kanggo mbuwang popok sing bekas dienggo bayine ing papan kang samesthine.

Apa maneh anane kapitayan yen popok diobong bakal ndadekake bayine sulten ndadekake akeh wong sing luwih milih mbuwang popok menyang kali tinimbang mendhem popoke utawa mbuwang popok sing wis digunakake menyang papan kang samesthine.

Anane kahanan kang kaya ngene iki nyebabake akeh kali-kali ing Indonesia mligine kali-kali ing Jawa kebanjiran popok.

Kali-kali gedhe lan kali-kali cilik nasibe padha wae. Kabeh padha dadi papan kanggo mbuwang popok. Popok sing dibuwang menyang kali cetha gawe rusak ekosistem kang ana ing kali.

Ora mung iku wae feses ing popok kang ora diresiki saduunge buwang. Bisa dadi sumber penyakit kang katut kasebar manut ilene banyu kali.

Pencemaran kali merga kebanjiran popok iki tansaya ndadra awit pabrik popok kaya-kaya ora peduli klawan tata kelola produk-produke.

Saora-orane saben taune ana 6 milyar popok kang diproduksi pabrik ‘popok sekali pakai’ ing Indonesia. Saka cacah samono akehe.

Pengelolaan sampah popok isih durung maksimal. Jutaan popok bekas saben taun dibuwang kanthi sembranan kang wusanane nyebabake dumadine masalah. Wiwit saka masalah kesehatan nganti masalah rusake lingkungan.

Ing Jawa dhewe kali sing kapetung paling akeh dienggo mbuwang sampah popok bekas iki yaiku kali brantas ing Jawa Wetan.

Manut sumber dhata saka Badan Pusat Statistik ing taun 2013 wae ana 1,5 juta popok sing dibuwang menyang iline kali brantas saben dinane. Cacah iki mesthi wae ngalami undhak-undhakan saben taune. 

Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 4

sumber : Juru Kunci Candi Mirigambar

Minggu esuk 28 Oktober kepungkur, swasana lapangan desa Mirigambar katon beda tinimbang biyasane. Atusan bocah padha kumpul kanthi praupan kang sumringah.

Saka saperangan bocah sing melu kumpul ing dina kuwi. Ana sing ditunggoni wong tuwane, lan sisane ana sing budhal dhewe saka ngomah.

Reramen ing lapangan desa mirigambar dina iku saliyane kanggo mengeti pengetan dina sumpah pemuda.

Uga kanggo ngregengake adicara ‘Jejak Mirigambar’ kang dianakake dening Karang Taruna Mirigambar. Ngenani isen-isen sajroning gelaran ‘Jejak Mirigambar’ iki maneka rupa.

Saliyane diisi kanthi nggambar lan mulas. Ana uga adicara liyane kayata mural bareng, jagongan sejarah, dolanan bareng, lan pentas seni. Gandhenge akehe isen-isening adicara.

Gelaran “Jejak Mirigambar’ diwiwiti jam pitu esuk lan dipungkasi watara jam sewelas bengi. Adicara dibukak dening H. Nasrudin, minangka Kepala Desa Mirigambar.

Ing pembukaan adicara, Fajar Shidiq minangka Ketua Panitia maringake winih miri marang H. Nasrudin.

“Winih miri sengaja dipilih jalaran jeneng desa mirigambar dijupuk saka jenenge miri,” ujare Fajar Shidiq.

Sabubare adicara dibukak, para bocah sing wis makumpul banjur miwiti anggene nggambar lan mulas gambar kang wis disediakake dening panitia. Ngenani gambar sing dipulas dening para peserta iku mau yaiku gambar candhi mirigambar.

Sengaja dipilih mulas gambar candhi amarga pihak panitia kepengin ngenalake candhi mirigambar menyang para bocah-bocah kang sekolah ing wewengkon desa Mirigambar.

Kanthi pengenalan iki pihak panitia duwe gegayuhan supaya ing tembe bocah-bocah iku mau bisaa nduwe rasa melu nduweni lan melu nguri-uri candhi mirigambar.

Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 5

sumber : dokumen pribadi

Pakulinan ndongeng kalane bocah mapan turu dianggep mujudake wektu paling pas supaya bocah bisa njupuk piwulang becik sajroning dongeng.

Ing perangan liya, saka pakulinan kang kaya mangkene bisa nyedhakake sesambungan batin antarane bocah lan sing ndongengi kang ing kene sing dadi pendongenge wong tuwa.

Emane gandhenge anane ilir gumantine jaman, pakulinan sing kaya ngene iki sithik mbaka sithik wiwit ditinggalake.

Merga alesan sibuk utawa alesan liyane, jarang banget wong tuwa sing gelem ndongengi anake, wektu anake mapan turu.

Wiwit ilange pakulinan sing kaya mangkene iki ora mung ndadekake dongeng-dongeng sing yen ditintingi mujudakake ragam seni tutur cures kepangan iline jaman.

Nanging uga ndadekake sesambungan batin antarane anak klawan wong tuwa melu dadi renggang.

Kanggo ngawekani babagan sing kaya mangkene. Yayak Priasmara, salah siji warga Ngingas, campurdarat, Tulungagung kanthi disengkuyung warga dalah kanca-kancane kang peduli marang nasibe dongeng ing mangsa iki,nggelar sawijining acara kang diwenehi jeneng ‘Kampung Seni Ngingas 2’.

Wosing adicara kang digelar dening Yayak iki yaiku kanggo ngenalake lan ngrembakake sarta ngulinakake maneh pakulinan ndongeng.

Kampung Seni Ngingas 2 dhewe digelar rong dina suwene yaku wiwit tanggal 13-14 Oktober 2018.

Sasuwene rong dina iku ora mung diisi kanthi acara sing ana sesambungane klawan dongeng wae. Nanging uga akeh digelar acara-acara liyane. Kayata dhiskusi, maca puisi, rampag kenthongan, tari teatrikal, lsp.

“Saliyane kanggo ngenalake dongeng, acara iki uga digunakake kanggo ngraketake masyarakat lumantar endahe seni,” ujare Yayak.

Ing adicara Kampung Seni Ngingas 2 katon guyube masyarakat Ngingas. Enom, tuwa, gedhe, cilik, lanang lan padha guyub anggone makarya bebarengan kanggo suksese adicara.

Wiwit sadurunge pentas, nalika pentas, nganti sabubare pentas masyarakat Ngingas padha dilibatake sajroning pelaksanaan Kampung Seni Ngingas 2.

Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 6

Contoh teks tanggapan deskriptif bahasa Jawa sakbanjure.

Senajan kutha cilik nanging potensi sing diduweni Tulungagung ora kena diremehake. Saliyane duwe potensi alam kang sugih.

Potensi sumber daya manungsa sing diduweni Tulungagung ora kalah klawan kutha-kutha liyane. Buktine akeh pawongan saka Tulungagung sing kasil kawentar merga karya-karyane kasil ndudut kawigatene wong akeh.

Mung wae emane akeh potensi-potensi saka Tulungagung sing durung kinawruhan. Saengga akeh warga Tulungagung dhewe sing durung ngerti potensi sing diduweni tanah kelairane.

Salah siji potensi Tulungagung sing klebu misuwur nanging durung kinawruhan wong akeh yaiku potensi seni rupane.

Mung wae masia Tulungagung wis akeh nglairake perupa-perupa sing wis kondhang ing tingkat nasional lan internasional. Nanging emane akeh warga Tulungagung sing durung ngerti sapa wae para perupa iku mau.

Aja maneh masyarakat umum. Antar perupa dhewe akeh sing durung tepung siji lan sijine. Anane kahanan kang kaya mangkene ndadekake Excris, salah siji perupa enom saka Tulungagung kedudut atine.

Priya kang saiki isih kuliyah ing salah siji Universitas Negeri ing Surakarta iki nganakake adicara sing diajab bisa dadi ajang srawunge para perupa-perupa ing Tulungagung.

Saengga ing tembe saliyane bisa padha tepungan lan sesrawungan. Para perupa-perupa iku mau bisa dhiskusi lan tukar idhe. Saengga ombyake seni rupa ing Tulungagung bisa luwih maju maneh.

Adicara kang digelar Excris iki diwenehi jeneng ‘Cek Ombak’ lan adicara iki ginelar ing ‘Omah Oren’ kang mapan ing Kepatihan, Tulungagung.

Sajroning adicara ‘Cek Ombak’ iki sapa wae bisa melu. Carane yaiku kanthi ngirimake karyane.

Ngenani karya sing dikirimake ana saweneh ketentuan. Saliyane ora pikantuk nyinggung babagan SARA. Ukuran karya gedhene mung sakartu pos.

Dene aliran sajroning karya mau dibebasake. Sabanjure ing adicara kang dianakake Excris iki saben wong diwatesi paling akeh mung pikantuk ngirimake karyane cacah telu.

Karya-karya sing dikirimake iku mau banjur dipamerake. Lan menawa ana pawongan sing seneng lan kepengin nduweni.

Karya mau bisa dituku kanthi rega sing disarujuki antarane sing tuku lan sing nggawe.

“Adicara iki dakgelar kanggo ngecek sepira gedhene kawigatene masyarakat umum lan perupa ing Tulungagung marang seni rupa. Saliyane iku adicara iki dakgelar kanggo nonton aliran rupa apa wae kang akeh ing Tulungagung. Mula saka kuwi adicara iki dakjenengi Cek Ombak,” ujare Excris.

Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 7

sumber : dokumen pribadi

Kahanan kali-kali ing Jawa jaman saiki tansah nrenyuhake. Kali-kali gedhe lan kali-kali cilik sing ing jaman biyen dijaga kelestariane merga iline migunani tumraping manungsa.

Dina iki akeh sing padha rusak. Kang dadi jalaran rusake kali iki mau saliyane merga dumadine proses alam, nanging uga disebabake tumindake manungsa kang sembranan lan ora tanggungjawab.

Kali-kali dirusak ekosisteme kathi maneka cara. Saliyane digunakake kanggo papan mbuwang larahan. Akeh wong kang nggolek iwak ing kali kanthi cara ora aman.

Tuladhane kanthi migunakake bom, racun, lan strum. Anane kahanan sing kaya mangkene tansah ndadekake populasi iwak ing kali tansah kaancam cures.

Jalaran cara sing kaya mangkono tansah njalari iwak-iwak ing kali ora bisa berkembang biak. Kang dadi ancaman tumrap lestarine iwak ing kali ora mung iku wae.

Pakulinan saperangan warga kang isih seneng mbuwang larahan menyang iline kali uga dadi salah siji penyebab iwak kali kaancam cures.

Kahanan kang kaya mangkene dumadi jalaran papan-papan sing adate dienggo ngendog iwak padha rusak merga kena larahan.

Masia isih ana saperangan jinis iwak sing bisa tahan marang kondisi lingkungan kali kang kebacut rusak. Nanging iwak kasebut wis ora sehat kanggo dikonsumsi manungsa.

Tegese iwak iku mau ora gawe sehate awak. Nanging suwalike malah gawe sumbering penyakit tumrap sing ngonsumsi iwak kasebut.

Dumadine kahanan sing kaya mangkene iki merga isih akeh wong kang ora peduli klawan lingkungan. Kamangka sipat peduli marang lingkungan gedhe pangribawane tumrap ayem lan tentreme manungsa.

Jalaran dumadine bencana alam kang kerep gawe kapitunan wiwit bandha lan nyawa kanggone manungsa. Salah siji penyebabe merga manungsa ora gelem peduli marang lingkungane.

Saupama manungsa ora nebangi alas, ora ngrusak DAS (Daerah Aliran Sungai), lan mbebuwang sampah menyang kali. Bencana alam kang wujud banjir sithik akeh bisa dikendhaleni.

Ora mung iku wae. Anane kali kang resik lan jinaga kelestariane wis barang mesthi bakal bisa dadi sarana kanggo ngundhakake kesejahteraan masyarakat.

Ngelengi wigatine nyadharake pamikirane masyarakat supaya gelem melu ngrumat lan njaga kelestariane kali iki kang ndadekake Dinas Sosial Propinsi Yogyakarta nggandheng sawetara pihak kayata Tagana (Masyarakat Tanggap Bencana), komunitas-komunitas kang melu njaga kelestarian ekosistem lan resike kali, Karang Taruna, lan liyane kanggo nyuwarakake wigatine njaga kelestarian ekosistem kali.

Penutup

Demikianlah 7 Contoh teks tanggapan deskriptif bahasa Jawa singkat beserta strukturnya.

Semoga artikel contoh teks tanggapan deskriptif bahasa Jawa ini dapat kamu jadikan referensi dalam membuat teks deskriptif bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta