Advertisement
Source : Canva/@zuzanna-images

75+ Contoh Tembung Panyandra Bahasa Jawa lan Tegese Lengkap

Jika kamu ingin mencari contoh tembung panyandra lan tegese yang lengkap, maka kamu dapat menemukan beberapa contohnya pada artikel berikut.

4 Desember 2025 Zuly Kristanto

Contoh Panyandra Solah Bawane Manungsa

  1. Lampahe pindha sima ingkang kaluwen tegese carane mlaku gagah kaya macan sing lagi luwe.
  2. Lembeyane pindha blarak ingkang sempak saking wite anggene lembeyan sajak gagah lan nengsemake utawa yen jarene bocah jaman saiki ‘laki banget’.
  3. Solah bawane pindha kitiran angiteri jagad tegese ora bisa meneng alias obah/polah terus.
  4. Anggene micara pindha beo tegese bisane ngomong mung melu-melu tanpa mikir apa sing diomongake.
  5. Anggene bebojoan tansah atut runtut kadya mimi lan mituna tegese anggene mbangun bale wisma bisa rukun lan ayem, sarta tutug nganci pecating nyawa.
  6. Swarane pindha bledheg ingkang kumawa nyigar angkasa tegese ngomonge banter banget kaya bisa nyigar-nyigara langit.
  7. Pangamuke kadya bantheng ingkang nandang atu arang kranjang tegese kanggo nggambarake kahanane pawongan sing nesune wis nganggo banget.
  8. Anggone polah pindha gabah ingkang diinteri tegese polahe wis ora bisa dikendhaleni maneh.
  9. Anggene jumangkah sajak rangu-rangu pindha manggih krama tegese kanggo nggambarake pawongan sing kakehan prasangka tanpa duwe rasa wani kanggo nyoba.
  10. Anggene seneng kadya mentas katiban ndaru tegese pawongan kang nembe nemu/ngalami kabegjan sing gedhe.
  11. Sumbare kadya bisa nguntal dhuwure gunung tegese anggene nantang kaya bisa mangan gunung.
  12. Sumbare kadya bisa njugrugake Merapi tegese anggene nantang kaya bisa ngembrukake gunung merapi.
  13. Trensnane marang kekasihe luwih gedhe tinimbang merbabu tegese yaiku wong sing menehake kabeh tresnane kanggo wong sing disenengi.
  14. Tandange rikat kicot tegese wong sing lumoh banget, yen nyambut gawe alon banget.
  15. Anggene tumandang rikat manuk sikatan tegese wong sing tumindak/tandhange cepet banget.
  16. Atine gedhene mung sasigare menir tegese wong sing jirih utawa wedi banget.
  17. Tekade wis gilig pindha tugelaning waja tegese wong sing tekade ora bisa diowahi maneh.
  18. Anggene meneng pindha watu karang tegese wong sing meneng wae lan ora gampang ngomong.
  19. Anggene tumindak kadya kilat nyamber tegese tumindake cepet banget.
  20. Anggene nesu pindha geni kobong tegese nesune njeblug lan ora isa dikendhaleni.
  21. Anggene nyambut gawe pindha semut nglumpuk tegese sregep lan ora kendhat nyambut gawe.
  22. Anggene ngadhepi masalah pindha banyu mili tegese tansah anteng lan sabar nalika nemoni masalah.
9 Contoh Novel Bahasa Jawa beserta Nama Pengarangnya Lengkap

Contoh Panyandra dengan Menggunakan Wayang

Contoh Panyandra dengan Menggunakan Wayang Bagian 1

  1. Baguse pindha Raden Janaka tegese wong lanang sing baguse kebangetan.
  2. Kasetyane pindha Dewi Sinta tegese wanita ayu kang setya marang sisihane.
  3. Anggene sesambungan pindha Batara Kamaja lan Batari Kama Ratih tegese sesambungan antarane priya lan wanita kang wis daket banget.
  4. Anggene ngupadi negelmu kadya Raden Werkudara tegese sawijining priya kang banget tenanan anggene percaya marang pawongan sing diguroni.
  5. Brengose pindha brengose Raden Gatutkaca tegese brengose kandel banget.
  6. Anggene ngugemi janji pindha Raden Karna tegese pawongan kang setya banget marang janjine.
  7. Anggene wasis ngracik jamu kadya Raden Nakula tegese pawongan sing pinter banget nganggo jamu.
  8. Atine putih memplak pindha wulune hanuman tegese sawijining pawongan kang atine resik (putih) kaya wulune Anoman
  9. Mustakane toleh-tinleh pindha kipas angin tegese kanggo nggambarake wong sing ora bisa lan ngerti sing dirapatake.
  10. Kasetyane pindha kasetiyane Dewi Anggraeni tegese gegambaraning wanita sing setya banget marang sisiha.
  11. Wicaksanané pindha Prabu Kresna tegese wong sing wicaksana lan wening pamikirane.
  12. Kesabarané pindha Dewi Kunti tegese wong wadon sing sabar lan tabah ing urip.
  13. Kasaktèné pindha Anoman mabur tegese wong sing duwe tenaga lan semangat gedhe.
  14. Keberaniané pindha Abimanyu mlebu Cakrabayuha tegese wong sing wani ngadhepi bebaya senajan angel.
  15. Kasetyaané pindha Raden Rama marang Sinta tegese wong sing setya marang pasangan tanpa pamrih.

Halaman:

Advertisement