61 Contoh Tembung Panyandra Bahasa Jawa lan Tegese Lengkap

61 Contoh Tembung Panyandra Bahasa Jawa lan Tegese Lengkap – Pada kehidupan orang Jawa ada kalanya untuk menggambarkan suatu keadaan, baik susah maupun senang mereka akan menggunakan panyandra atau yang sering dikatakan dengan panyandra.

Selain digunakan untuk menggambarkan keindahan alam. Panyandra juga sering digunakan untuk memberikan pujian pada kondisi tubuh seseorang.

Di samping itu kadang panyandra juga dipakai untuk membaca karakter seseorang dan keadaan alam yang sedang terjadi.

Supaya kamu dapat lebih mengenal panyandra lengkap dengan tegesnya di bawah ini adalah beberapa contoh panyandra dan tegesnya.

Kumpulan Contoh Panyandra Bahasa Jawa lan Tegese Lengkap

https://www.balairungpress.com/

Di bawah ini adalah beberapa contoh panyandra yang disampaikan dengan menggunakan bahasa Jawa.

Contoh Panyandra Perangane Awake Manungsa

  1. Dedege pindha waringin sungsang tegese awake gedhe dhuwur lan pengkuh kaya wit ringin
  2. Pakulitane kuning kaya dene temu giring tegese kulite kuning nyenengake yen disawang mripat.
  3. Rikmane ngombak kadya banyu segara tegese rambute ngombak endah sinawang mripat.
  4. Granane ngudhup pindha sekar mlathi tegese irunge nyuplik apik kaya kembang mlathi.
  5. Alise pindha rembulan ingkang nanggal sepisan tegese alise njlirit kaya rembulan tanggal enom.
  6. Idepe pindha tumengeng ing tawang tegese idhepe mlengkung menyang dhuwur, sajak endah nengsemake.
  7. Mripate pindha damar ingkang kasaput maruta mripate yen digawe nyawang bisa gawe tentreme sing nyawang.
  8. Untune tumata rapi pindha miji timun jinejer tegese untune rapi cilik-cilik kaya isine timun.
  9. Pundhake katon endah pindha nraju mas tegese pundhake lurus kaya timbangan emas.
  10. Bangkekane yen sinawang nengsemake merga nawon kemit tegese bangkekakne katon api ‘seksi’ kaya bangkekane tawon.
  11. Lengene katon kukuh kadya gandhewa ingkang pinenthang tegese lengene sajak rosa kaya gandewa sing ditarik.
  12. Drijine sajak merak ati merga kadya pucuking eri tegese drijine endah, cilik-cilik, lincip kaya pucuke eri.
  13. Payudarane katon weweg pindha klapa ingkang nyengkir gadhing tegese payudarane bunder kaya klapa gading.
  14. Pasuryane katon padhang pindha wulan ndadari tegese wajahe cumlorot (cerah/glowing) kaya wulan purnama.
  15. Panyawange adhem pindha bumi kang siniram jawah tegese anggene nyawang bisa nuwuhake rasa ayem tumrap sing disawang kaya dene udan sing bisa nyirep panase lemah.

Contoh Panyandra Solah Bawane Manungsa

  1. Lampahe pindha sima ingkang kaluwen tegese carane mlaku gagah kaya macan sing lagi luwe
  2. Lembeyane pindha blarak ingkang sempak saking wite anggene lembeyan sajak gagah lan nengsemake utawa yen jarene bocah jaman saiki ‘laki banget’
  3. Solah bawane pindha kitiran angiteri jagad tegese ora bisa meneng alias obah/polah terus
  4. Anggene micara pindha beo tegese bisane ngomong mung melu-melu tanpa mikir apa sing diomongake.
  5. Anggene bebojoan tansah atut runtut kadya mimi lan mituna tegese anggene mbangun bale wisma bisa rukun lan ayem, sarta tutug nganci pecating nyawa.
  6. Swarane pindha bledheg ingkang kumawa nyigar angkasa tegese ngomonge banter banget kaya bisa nyigar-nyigara langit.
  7. Pangamuke kadya bantheng ingkang nandang atu arang kranjang tegese kanggo nggambarake kahanane pawongan sing nesune wis nganggo banget.
  8. Anggone polah pindha gabah ingkang diinteri tegese polahe wis ora bisa dikendhaleni maneh.
  9. Anggene jumangkah sajak rangu-rangu pindha manggih krama tegese kanggo nggambarake pawongan sing kakehan prasangka tanpa duwe rasa wani kanggo nyoba.
  10. Anggene seneng kadya mentas katiban ndaru tegese pawongan kang nembe nemu/ngalami kabegjan sing gedhe.
  11. Sumbare kadya bisa nguntal dhuwure gunung tegese anggene nantang kaya bisa mangan gunung.
  12. Sumbare kadya bisa njugrugake Merapi tegese anggene nantang kaya bisa ngembrukake gunung merapi
  13. Trensnane marang kekasihe luwih gedhe tinimbang merbabu tegese yaiku wong sing menehake kabeh tresnane kanggo wong sing disenengi.
  14. Tandange rikat kicot tegese wong sing lumoh banget, yen nyambut gawe alon banget
  15. Anggene tumandang rikat manuk sikatan tegese wong sing tumindak/tandhange cepet banget.
  16. Atine gedhene mung sasigare menir tegese wong sing jirih utawa wedi banget.
  17. Tekade wis gilig pindha tugelaning waja tegese wong sing tekade ora bisa diowahi maneh.

Contoh Panyandra dengan Menggunakan Wayang

Contoh Panyandra dengan Menggunakan Wayang Bagian 1

  1. Baguse pindha Raden Janaka tegese wong lanang sing baguse kebangetan.
  2. Kasetyane pindha Dewi Sinta tegese wanita ayu kang setya marang sisihane.
  3. Anggene sesambungan pindha Batara Kamaja lan Batari Kama Ratih tegese sesambungan antarane priya lan wanita kang wis daket banget.
  4. Anggene ngupadi negelmu kadya Raden Werkudara tegese sawijining priya kang banget tenanan anggene percaya marang pawongan sing diguroni.
  5. Brengose pindha brengose Raden Gatutkaca tegese brengose kandel banget.
  6. Anggene ngugemi janji pindha Raden Karna tegese pawongan kang setya banget marang janjine.
  7. Anggene wasis ngracik jamu kadya Raden Nakula tegese pawongan sing pinter banget nganggo jamu.
  8. Atine putih memplak pindha wulune hanuman tegese sawijining pawongan kang atine resik (putih) kaya wulune Anoman
  9. Mustakane toleh-tinleh pindha kipas angin tegese kanggo nggambarake wong sing ora bisa lan ngerti sing dirapatake.
  10. Kasetyane pindha kasetiyane Dewi Anggraeni tegese gegambaraning wanita sing setya banget marang sisiha.

Contoh Panyandra dengan Menggunakan Wayang Bagian 2

  1. Tekad lan tekune anggene ngupadi ngilmu pindha Raden Ekalaya tegese sawijining pawongan kang duwe semangat golek ilmu sing tenanan.
  2. Tugase abot pindha mindhah mahamera menyang Jawa tegese yaiku sawijining tugas kang abot lan kaya mokal bisa katindakake.
  3. Granane lancip pindha kagungane Gareng tegese pawongan kang irunge mbangir tenanan,
  4. Karosane pindha Raden Gatutkaca tegese pawongan kang rosa banget.
  5. Pakulitane pindha Prabu Kresna tegese kanggo nggamabarake sawijining priya kang bagus nanging duwe pakulitane
  6. Anggene lumaku pindha Patih Sangkun tegese kanggo anggene mlaku dhingklang (pincang)
  7. Nalare pindha Patih Sangkuni tegese pawongan kang duwe sipat alan kang seneng banget mitnah liyan.
  8. Anggene micara pindha Durmagat tegese pawongan sing akeh banget guyune.
  9. Anggene duwe lakon tresna pindha Raden Lesmana Mandrakumara tegese sawijining nom-noman sing nasibe ing babagan katresnan apes banget.

Contoh Panyandra dengan Menggunakan Wayang Bagian 3

  1. Ayune pindha Dewi Banowati tegese wong ayu wis bebojoan nanging isih bisa kegodha karo wong lanang liya.
  2. Trajange pindha Dewi Srikandhi tegese sawijining wanita kang trengginas lan mandiri.
  3. Angene micara pindha Dewi Sembadra tegese anggene wicara alus banget.
  4. Esemane pindha Bathari Durga tegese wong sing yen mesem orane gawe siswa seneng nanging malah nggawe mrinding sing diesemi.
  5. Anggene lumaku pindha Raden Brantasena tegese pawongan sing nduwe cara mlaku gagah kaya Raden Brantasena.
  6. Dedeg piyadege kadya Raden Werkudara tegese wong sing duwe pawakan gedhe dhuwur lan gagah kaya Raden Werkudara.
  7. Anggene tumindak pindha Prabu Yudhistira tegese sawijining pawongan kang sipate ora duwe nesu lan ora bisa ngapusi marang liyan.
  8. Anggene ngguyu pindha Dasamuka menang dadu tegese sawijining pawongan sing guyune banter banget.
  9. Anggene tresna marang negara pindha Kumbakarna tegese sawijining pawongan kang banget anggene tresna marang negarane.
  10. Arang-arang ana wong sing bisa kaya Barata tegese sawijining pawongan kang duwe kaluwihan lan kasempatan nanging ngrasa ora pantes dadi pimpinan/raja.

Penutup

Demikianlah contoh panyandra lan tegese berbagai jenis dalam bahasa Jawa. Semoga dapat memberi wawasan baru kepada kamu mengenai panyandra lan tegese.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta