35 Contoh Tembung Yogyaswara Bahasa Jawa beserta Artinya Lengkap
Jika kamu sedang mencari contoh tembung yogyaswara yang sudah dilengkapi dengan artinya dengan lengkap, maka kamu dapat menemukannya pada artikel berikut.
Perbedaan Tembung Yogyaswara dengan Tembung Dwi Lingga Salin Swara
Meskipun tembung dwi lingga saling swara ada yang akhiran vokal a dan i, namun tidak bisa dikategorikan sebagai bagian tembung yogyaswara karena kata yang terbentuk tidak merujuk pada jenis kelamin laki-laki dan perempuan.
Kumpulan Contoh Tembung Yogyaswara di Dalam Kalimat
Kumpulan Contoh Tembung Yogyaswara di Dalam Kalimat Bagian 1
Para widadara-widadari nurunake udan kembang minangka tandha bungahe merga Anoman kasil nyirnakake raseksa kang duweni watak angkara murka.
Terjemahan : Para bidadara-bidadari menurunkan hujan bunga sebagai tanda kebahagiaannya karena Anoman berhasil membinasakan raksasa berwatak angkara murka.
Para siswa-siswa ing SDN Mirigambar I padha sengkud anggone sinau merga kepengin lulus ujian kanthi biji kang becik.
Terjemahan : Para Siswa-siswa di SDN Mirigambar I belajar dengan giat karena ingin lulus ujian dengan nilai yang memuaskan.
Ing kahyangan para dewa-dewi padha ketar-ketir merga ana sawijining raseksa kang kasil nelukake jagone para dewa.
Terjemahan : Di kahyangan para dewa-dewi semua ketakutan karena ada sesosok raksasa yang berhasil mengalahkan jagonya para dewa.
Pamrentah duwe pangajab amrih para pemudha-pemudhi Indonesia bisa njaga persatuan lan kesatuan murih ora gampang tukaran klawan bangsane dhewe.
Terjemahan : Pemerintah mengharapkan agar para pemuda-pemudi Indonesia bisa menjaga persatuan dan kesatuan supaya tidak mudah bertengkar dengan bangsanya sendiri.
Samungkure alas dandaka dibabad dening Rama lan Laksmana akeh para raseksa-raseksi padha pindha menyang alas kang isih ketel.
Terjemahan : Setelah hutan dandaka dibuka oleh Rama dan Laksmana banyak para raseksa-raseksi yang pindah ke hutan yang masih lebat.
Para bathara-bathari ing kahyangan padha surak seneng samungkure weruh akeh raseksa kang kasil diperjayani dening pasukane Prabu Ramawijaya.
Terjemahan : Para bathara-bathari di kahyangan banyak yang bersorak senang setelah menyaksikan banyak raksasa yang berhasil dibinasakan oleh pasukannya Prabu Ramawijaya.
Kumpulan Contoh Tembung Yogyaswara di Dalam Kalimat Bagian 2
Dina iki mahasiswa-mahasiswi akeh kang demo ing sangarepe gedung DPRD Tulungaguang merga nolak kawicaksanane pamrentah kang kepengin ngundhakake rega sembako.
Terjemahan : Hari ini mahasiswa-mahasiswi banyak yang demo di depan gedung DPRD Tulungagung karena menolak kebijaksaan pemerintah yang ingin menaikkan harga sembako.
Anton lan Antin mujudake kendhana-kendhini saka Pak Budi kang ora mung bagus ing rupane nanging uga bagus ing atine.
Terjemahan : Anton dan Antin merupakan kendhana-kendhini dari Pak Budi yang tidak hanya bagus secara lahiriah tetapi juga memiliki perilaku yang baik.
Bangsa gandarwa-gandarwi kang ora kuwat nahan panas merga daya kasektene Raden Werkudara padha mlayu sipat kuping ninggalake papan kang wis suwe dianggep angker dening warga.
Terjemahan : Bangsa gandarwa-gandarwi yang tidak kuat menahan panas akibat daya kesaktian Raden Werkudara banyak yang melarikan diri meninggalkan tempat yang telah lama dianggap keramat oleh warga.
Halaman:

