Contoh Teks Pranatacara Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa Singkat Kelas 9 dan 12 SMA

Contoh Teks Pranatacara Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa Singkat Kelas 9 dan 12 SMA – Semua yang pernah bertemu pasti akan mengalami suatu masa yang dinamakan dengan perpisahan.

Ada banyak perpisahan yang terjadi dalam kehidupan. Salah satunya adalah perpisahan pada saat menempuh pendidikan di bangku sekolah.

Perpisahan yang terjadi pada saat menempuh pendidikan adalah satu hal yang paling ditunggu tetapi juga paling ditakuti.

Sebab, selain menjadi jalan untuk menempuh pendidikan yang lebih tinggi dan membuat kita lebih dekat dengan cita-cita yang ingin diwujudkan.

Perpisahan Sekolah Pertemuan Terakhir

http://sdnegerimlati1.blogspot.com/

Perpisahan sekolah bisa jadi merupakan pertemuan terakhir dengan teman-teman seperjuangan yang bertahun-tahun menemani.

Sebab itulah keberadaan acara perpisahaan pada saat acara kelulusan menjadi sangat penting keberadaannya.

Karena ada kemungkinan pidato yang disampaikan pada saat acara perpisahan tersebut merupakan kenangan terakhir kita dengan teman seangkatan dan para guru di sekolah.

Peran Pranatacara

Guna memastikan acara perpisahan sekolah dapat berjalan dengan lancar. Maka dibutuhkan seorang pemandu acara yang dinamakan pranatacara.

Supaya pranatacara dapat menjalankan tugasnya dengan baik. Seorang pranatacara harus mengetahui acara apa saja yang akan digunakan untuk mengisi acara perpisahan sekolah.

Di samping mampu mengetahui apa saja jalannya acara perpisahan. Seorang prantacara harus mampu menguasai panggung supaya tidak gugup dalam menjalankan tugasnya.

Bukan itu saja dalam menyampaikan atau dalam memandu jalannya acara. Seorang pemandu acara atau pranatacara harus memiliki artikulasi yang jelas.

Sehingga apa yang sedang disampaikan selama memandu jalannya acara dapat didengar secara jelas dan tidak membuat pendengarnya merasa kebingungan.

Berikut contoh teks pranatacara perpisahan berbahasa Jawa yang bisa kamu jadikan referensi.

Beberapa Contoh Teks Pranatacara Perpisahan

Contoh Teks Pranatacara Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa Singkat Kelas 9

Assalamu’alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Bapak Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol ingkang kinurmatan. Bapak dalah Ibu Guru, para wali murid saha para Karyawan ingkang kula khurmati. Boten kesupen para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Ingkang kapisan sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng  Gusti Allah, ingkang sampung kersa paring kanugrahan lan kasarasan saengga kula dalah panjenengan sedaya saged nyawiji raos ing wanci papan punika kanthi boten kekirangan satunggal punapa.

Sholawat ugi salam mugya tansah konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten pungkasan mangke.

Salajengipun kula (sebutkan nama) Ingkang titiwanci kajibah dados pranatacara badhe ngandharaken rantamaning adicara perpisahan ing dinten punika.

Ngenani rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan inggih punika

  • Atur pambuka
  • Atur pangandikan saking ketua panitia perpisahan
  • Pentas Seni saking Kelas VII lan kelas VIII
  • Atur perpisahan saking sesulihipun kelas IX
  • Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol
  • Donga Panutup

Adicara kaping pisan inggih menika pambuka, sumangga kula dalah panjenengan sedaya kita buka adicara dinten punika kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur nuwun.

Adicara kaping kalih inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia wekdal saha papan kula kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan lan pentas drama tradisional saking kelas VII lan kelas VIII. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara  salajenge utawi ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan ingkang badhe dipun andharaken dening sesulihipun kelas IX. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara ingkang pungkasan inggih menika donga sarta panutup. Sumangga kita pungkasi adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah kanthi sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin.  Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh menawi wonten kirangipun anggen kula matur.

Santen toyaning klapa nyuwun pangapunten saking kalepatan kula

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Contoh Teks Pranatacara Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa Singkat Kelas 12

Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Bapak Kepala Sekolah SMP 1 Kalidarir ingkang kula bekteni. Bapak dalah Ibu Guru, para wali murid saha para Karyawan ingkang kula mulyakaken. Boten kesupen para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Ingkang kapisan sumangga kita awiti adicara dinten punika kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng  Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos.

Amargi namung saking berkah sarta kanugrahanipun kita saged rawuh dhateng adicara pepisahan dinten niki kanthi tanpa wonten alangan setunggal punapa.

Salajengipun kula (sebutkan nama) Ingkang dinten lan wekdal punika kajibah dados pranatacara badhe ngandharaken rantamaning adicara perpisahan SMP 1 Kalidawir ingkang badhe kita lampahi sesarengan.

Ngenani reroncene adicara ingkang badhe katindakaken inggih punika

  • Pambuka
  • Atur pangandikan saking ketua panitia perpisahan
  • Pentas Seni saking Kelas VII lan kelas VIII
  • Atur perpisahan saking sesulihipun kelas IX
  • Paring hadiah kagem siswa kelas IX ingkang prestasnipun inggil
  • Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol
  • Donga Panutup

Adicara kaping pisan inggih menika pambuka, sumangga kula dalah panjenengan sesarengan maos basmallah kagem mbikak adicara pepisahan ingkang kaleksanan ing dinten punika. Mmatur nuwun.

Adicara kaping kalih inggih menika atur pangandikan ingkang badhe dipunandharaken dening ketua panitia. Dhumateng kagem panjenengane bapa (sebutkan nama dan gelar) ingkang kajibah dados ketua panitia kula suwun jumeneng. Sumangga. Matur suwun.

Adicara salajenge inggih menika pentas seni musik tradisional, musikalisasi puisi, sarta pentas drama tradisional ingkang badhe dipuntindakaken dening wakil saking kelas VII lan kelas VIII. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara  salajenge utawi ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan ingkang badhe dipun ayahi dening sesulihipun kelas IX. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara salajenge inggih menika paring hadiah kagem para siswa ingkang pikantuk biji paling inggil ing ujian pamungkas kala wingi.

Senajan namung tandha mata, nanging mugya hadiah ingkang badhe diparingaken saged dados pamecut tumrap adhi-adhi kelas supados saged sinau langkung sregep/

Saengga ing tembe bakalan saged ngungkuli prestasi ingakng sampun nate kagegem dening para siswa kelas 9 ingkang dinten punika nindakaken pepisahan.

Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.

Adicara ingkang pamungkas ing dinten punika inggih menika donga sarta panutup ingkang badhe dipuntindakaken dening bapa (sebutkan nama dan gelarnya).

Alhamdulillah sedaya adicara sampun kalampahan kanthi lancar. Sumangga kita pungkasi adicara perpisahan dinten punika kanthi waosan hamdallah kanthi sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin.  Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh menawi wonten kirangipun anggen kula matur.

Santen toyaning klapa nyuwun pangapunten saking kalepatan kula

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Penutup

Demikianlah contoh teks pranatacara perpisahan sekolah singkat untuk kelas 9 dan 12. Semoga contoh ini dapat kamu gunakan sebagai referensi membuat teks pranatacara di kemudian hari.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta