5 Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia Halal Bihalal Bahasa Jawa Pendek 2026
Jika kamu sedang mencari contoh teks sambutan ketua panitia halal bihalal Bahasa Jawa, maka kamu dapat menemukannya pada artikel berikut.
Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia Halal Bihalal Bahasa Jawa 4
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kinurmatan para sesepuh, pinisepuh, saha sedaya rawuh ingkang kulo tresnani.
Sumangga ing kalodhangan ingkang kebak kabagyan punika, kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, amargi kanthi rahmat saha hidayahipun, kita saged makempal wonten ing adicara Halal Bihalal punika kanthi wilujeng tanpa kirang setunggal punapa.
Sholawat saha salam mugya tansah katur dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka ketua panitia ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh lan nyengkuyung kalaksanane adicara punika.
Halal bihalal punika boten namung dados tradisi, nanging ugi dados sarana kagem nglebur dosa saha kalepatan, ngempalaken balung pisah, saha ngraketaken paseduluran ingkang sampun suwe mboten pinanggih.
Mugi kanthi wontenipun adicara punika, trah saha paseduluran kita tansah rukun, ayem tentrem, saha pinaringan berkah dening Gusti Allah SWT.
Pungkasanipun, menawi wonten kekirangan anggen kula saha panitia ngladosi panjenengan sedaya, kulo nyuwun pangaksama ingkang ageng.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia Halal Bihalal Bahasa Jawa 5
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Sugeng siang para rawuh ingkang kinurmatan.
Alhamdulillah, ing dinten punika kita saged kempal malih wonten ing adicara Halal Bihalal keluarga besar kita. Sedaya punika namung awit saking rahmat saha paringipun Gusti Allah SWT.
Para rawuh ingkang kula tresnani, minangka ketua panitia, kula ngaturaken panuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun nyengkuyung adicara punika, wiwit saking persiapan dumugi kalaksanane dinten punika.
Halal bihalal punika dados wekdal ingkang sae sanget kagem silaturahmi, sesrawungan, saha saling paring pangaksama. Ing wulan Syawal punika, sumangga kita resiki manah, ngilangaken sekeca saha raos sengit, supados paseduluran kita tansah langgeng.
Mugi adicara dinten punika saged lumampah kanthi lancar, migunani, saha maringi kabagyan tumrap kita sedaya.
Menawi wonten atur saha tumindak kula ingkang kirang mranani, kulo nyuwun samudraning pangaksama.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Penutup
Demikianlah contoh teks sambutan ketua panitia Halal Bihalal Bahasa Jawa.
Semoga artikel singkat ini dapat membantumu gambaran mengenai bagaimana cara membuat sambutan lebaran singkat dalam bahasa Jawa.✨
Halaman:
