Contoh-contoh Teks Sastra dan Non Sastra Bahasa Jawa dan Strukturnya

Contoh-contoh Teks Sastra dan Non Sastra Bahasa Jawa dan Strukturnya – Secara umum teks yang dituliskan dalam bahasa Jawa dapat dibedakan menjadi dua macam yakni teks sastra dan teks non-sastra.

Teks sastra merupakan teks yang dibuat untuk tujuan artistik dengan memakai bahasa tertentu.

Bahasa yang dipakai dalam membuat teks sastra adalah bahasa lisan dan bahasa tulis. Sebab itulah yang kemudian menjadikan ada sastra lisan dan ada pula yang tergolong sastra tulis.

Struktur Teks Sastra

southeastasianlibrary.com

Struktur teks sastra adalah unsur-unsur yang digunakan seorang penulis untuk membangun satu kesatuan yang kompleks dalam karya sastra yang dibuatnya.

Struktur teks non-sastra adalah adalah tulisan ilmiah dan bertujuan menambah wawasan dan pengetahuan pembaca.

Penulisannya didasarkan pada kenyataan dan fakta-fakta yang terjadi di lapangan. Tujuan penulisan teks nonsastra mengutamakan kelogisan dalam pengungkapannya.

Melalui uraian di atas dapat ditarik sebuah kesimpulan bahwa ada perbedaan yang mencolok antara teks sastra dengan teks non-sastra.

Jika teks sastra penulisannya berpijak pada ide yang mempunyai sifat imajinatif dan tujuan penulisannya adalah untuk memberikan hiburan kepada pembacanya.

Sementara teks nonsastra penulisannya didasarkan pada ide yang berpijak pada fakta atau pendapat yang didasarkan pada keadaan yang sebenarnya (nyata).

Supaya kamu dapat lebih jelas memahami perbedaan contoh teks sastra dan non-sastra kamu dapat melihat contohnya pada artikel berikut.

Contoh Teks Sastra Bahasa Jawa

Contoh Teks Sastra 1

1. Critane Nardi lan Ningsih

“Tulung….tulungg…..tulung…iki enek wedhus edan,” pambengoke Ningsih njaluk tulung.

Krungu swarane Ningsih sing njaluk tulung, Nardi banjur mlayu sinambi nggawa tambang kang lumayan dawa. Tanpa kekakehen takon tambang mau langsung dikalungake menyang wedhus mau.

“Sepurane ya Jeng. Wedhus iki pancen nakal banget. sampeyan rak ya ora kena ngapa-ngapa ta?”

“Ora, aku ora apa-apa nanging gara-gara wedhus iki daganganku rusak kabeh. Iki rak ya wedhuse sampeyan ta? Sampeyan kudu tanggungjawab.”

“Yen tanggungjawab aku bakale tanggungjawab. Nanging aku ora duwe dhuwit kanggo ngganti daganganmu.”

“Pokoke embuh piye carane sampeyan kudu ganti rugi. Wedhuse rak ya wis gedhe. Upama wedhus kuwi sampeyan dol rak ya kena ganti rugi.”

“Wah, lak dadak nganggo adol wedhus. Aku sing wegah, Jeng.”

“Hla, kena ngapa? Jarene pengin ganti rugi. Nanging bareng didudohi carane kok wegah?”

“Soale wedhus iki dudu wedhusku dhewe. Wedhus iki paron karo Mbokdhe Karni. Upama ngene wae piye. Aku tak melu sampeyan nyambut gawe sampeyan kaya padatane.

Banjur yen wayah gajiku sampeyan potong minangka ganti rugi kangkung sing wis rusak. Piye?”

Bareng mikir sawetara wektu wekasane Ningsih gelem sarujuk. Lan wiwit dina iku Nardi kanthi resmi dadi rewange Ningsih.

Masia bayarane tansah dipotong nanging Nardi tetep ngrasa seneng jalaran tansah bisa cedhak klawan Ningsih. 

Ing kalane utange klawan Ningsih kurang sethithik maneh lunas. Nardi bali golek cara piye carane supaya dheweke bisa terus cedhak klawan Ningsih.

“Hla, iki cara sing paling apik. Yen cara iki bisa kasil. Aku ora mung bakal bisa cedhak klawan Ningsih. Nanging uga bakal bisa nduweni Ningsih minangka sigaraning jiwa,” batine Nardi sinambi mesam-mesem dhewe.

Contoh Teks Sastra 2

2. Pesene Eyang Kakung

“Aku ora lila yen kowe rabi anake si Sardi kae. Kaya ora ana bocah wedok liya. Kowe oleh rabi anake Pak Sardi. Nanging tarube aja dipasang ing pekaranganku,” pangancame simbah putri.

Oleh pamenggak kaya mangkono. Aku sanalika lemes. Ning untunge simbahku lanang menehi pambombong.

“Yen kowe temen lanang, lan temen seneng klawan Asih. Kowe kudu wani nanggung kabeh resikone. Sing jenenge wong rabi kuwi ora manggon ing omah. Paribasan manggon ing gerdhon wae uga entuk. Bakune oleh palilah saka wali lan ana saksine,” ngendikane simbah lanang.

Cekake masia wektu iku aku durung entuk palilah kanthi wutuh saka simbah putri. Aku tetep rabi klawan Asih. Wiwit dina rabiku, aku wis ora manggon ing omahe simbahku maneh.

Aku melu maratuwaku. Setaun, rong taun, wis kelakon. Nanging tandha-tandha aku bakal entuk putra isih durung katon. Lagi ing taun kaping telu. Asih sisihanku mbobot.

Kaya ngapa bungahku kalane ngerti sisihanku mbobot. Kabar mbobote bojoku langsung dakkabarake menyang simbah lan wong tuwaku.

Kabeh padha seneng. Nanging ana siji sing ora patia seneng klawan kabar ngandhute Asih. Pawongan kuwi ora liya ya simbah wedok.

“Anakmu lagi tak anggep buyutku yen mbesuk lair wedok,” ujare simbahku wedok.

Oleh omongan kaya mangkono aku langsung kelangan daya. Aku ora ngerti kena ngapa simbah wedok bisa ngomong kaya mangkono. Nanging sepisan maneh. Simbahku lanang gelem aweh tambahan semangat.

“Wong lanang kuwi. Yen bojone lagi mbobot kudu gelem tirakat. Pamrihe kanggo njaluk supaya ibu lan anake sing dikandhut bisa slamet nganti babaran,” ngendikane Simbah lanang.

“Carane pripun, Kung?” takonku.

“Gampang wae, mung perlu pasa senin lan kemis wiwit ngerti bojone mbobot nganti babaran mbesuk. Yen kowe kepengin ngerti. Mengko bengi tak warahi dongane.”

Gandhenge ora pengin kedadeyan sing ora apik dumadi. Wekasane aku nindakake tirakat.

Ing tirakat sing tak tindakake iku panjalukku mung siji. Aku mung kepengin sisihan lan anakku bisa lair kanthi gangsar lan slamet.

Contoh Teks Non-Sastra Bahasa Jawa

Contoh 1

1. Bulek Lamno Suku Mripat Biru ing Indonesia

Sasuwene iki menawa wae akeh sing nganggep yen mripat werna biru ngono mung diduweni dening wong manca negara mligine sing saka Eropa utawa Amerika.

Panganggep sing kaya ora kliru, jalaran saperangan gedhe wong kang dedunung ing Eropa lan Amerika rancake mripate wernane biru.

Nanging panganggep sing kaya mangkono ora sawutuhe bener. Merga ing Indonesia dhewe ana etnis kang nduweni mripat werna biru asli.

Ora mung mripate wae, pasuryane uga beda klawan pasuryan kang diduweni wong Indonesia umume.

Etnis sing nduweni mripat werna biru iki sinebut Bulek Lamno lan asale saka laladan Aceh. Ing laladan Aceh, kenya saka etnis iki dianggep salah siji primadonane.

Panganggep sing kaya ngene dumadi merga kenya saka etnis iki saliyane nduweni pasuryan kang ayu.

Wiwit isih cilik wis diwulang ilmu agama kang jero dening wong tuwane. Saengga bisa dianggep yen kenya saka etnis Bulek Lamno iki ayune lair batin.

Ngenani asal usule leluhure etnis Bulek Lamno iki saka ngendi isih durung ana panliten kang resmi.

Nanging yen manut crita lan saka saweneh sumber, ana kang nyebutake yen leluhure etnis Bulek Lamno iki saka Portugal kang sabanjure dhaup klawan warga Aceh.

Ngenani wiwit kapan etnis Bulek Lamno iki manggon ing Aceh uga durung kinawruhan kanthi pesthi. Mung wae akeh sing nduweni panduga yen etnis Bulek Lamno iki wis ana wiwit abad XV.

Rancake etnis Bulek Lamno iki mapan ing pinggire segara. Ing jaman saiki etnis Bulek Lamno akeh ditemokake ing Desa Mukhan lan Kuala Daya.

Saliyane kuwi Bulek Lambo uga sumebar ing Kecamatan Jaya lan Indra Daya. Saka saperangan laladan ing Aceh kang isih ana etnis Bulek Lamno iku mau, laladan Kuala Daya mujudakake dhaerah kang dadi basise Bulek Lamno.

Contoh 2

2. Iwak Asin ing Jaman Kuna

Sesambungan antarane wong Indonesia, mligine wong Jawa klawan iwak asin wis dumadi suwe banget.

Ana cathethan kang ngandhakake ing jaman biyen iwak asin mujudake salah siji panganan kang klebu dimulyakake, merga panganan iki kerep banget sinebut ing prasasti-prasasti tinggalan jaman kuna.

Sajroning prasasti-prasasti iku padha nyebutake iwak asin klebu sesaji wajib sing kudu ana rikala ana panetepan sawijining sima (dhaerah kang diangkat statuse dadi bebas pajek).

Ngenani iwak asin sing dadi salah siji sesaji ing upacara siwa iki tinulis ing prasasti Penggumulan A lan B kang duwe anka taun 824 C utawa 902 M.

Ing prasasti kang migunakake tembaga iki ora mung nyebutake kaya ngapa lakuning upacara. Nanging uga nyebutake jinis iwak apa wae kang diasinake.

Manut prasasti kasebut iwak sing diasinake ing antarane yaiku iwak kakap, iwak bawal (kadiwas), iwak kembung (ruma), lan iwak layar utawa iwak pari (layarlayar).

Dene lakuning upacara digambarake kurang luwih kaya mangkene. Dapunta Kosisik sawijining esuk pendhudhuk ing kabhikuan desa Pamehanan mimpun lakune upacara panetepan sima kanggo desa Pangguwulan, kang klebu wewengkon Puluwati (saiki Sleman).

Panetepan sima iku dhewe diparingake merga gedhene lelabuhane penduduk desa kang gelem ngrumat wewangunan suci ing Kinawuhan.

Wiwitane para pejabat kerajaan nganti tataran pejabat desa lan kabeh sing rawuh padha nganggo kembang lan kawatittha (wedhak wangi) minangka tandha diwiwitine adicara.

Kabeh sing rawuh padha lungguhan ing lapangan sinambi ngubengi sanghyang kudur lan sanghyang watu kalumpang.

Kabeh sing rawuh padha sumpah lan ngrapal sapatha (supata) ing sangarepe watu sinambi mbeleh endhas pitik lan mbanting endhog nganti pecah.

Tumindak sing kaya mangkene dikarepake sapa sing nglanggar sumpah bakale ngalami nasib kaya dene endhas pitik kang pisah saka awake lan endhog pitik sing ajur kasebut. Sawise prosesi sumpah rampung. Adicara dibacutake kembul bujana.

Demikianlah contoh teks sastra dan non-sastra dalam bahasa Jawa. Semoga melalui artikel ini dapat membuatmu lebih teliti dalam membedakan teks sastra dan teks non-sastra.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta