Advertisement
Source : southeastasianlibrary.com

5 Contoh Teks Sastra dan Non Sastra Bahasa Jawa dan Strukturnya

Jika kamu sedang mencari contoh teks sastra dan non-sastra dalam bahasa Jawa. Maka kamu harus membaca beberapa contohnya pada artikel berikut ini hingga selesai.

11 Desember 2025 Zuly Kristanto

Contoh Teks Sastra 2

2. Pesene Eyang Kakung

“Aku ora lila yen kowe rabi anake si Sardi kae. Kaya ora ana bocah wedok liya. Kowe oleh rabi anake Pak Sardi. Nanging tarube aja dipasang ing pekaranganku,” pangancame simbah putri.

Oleh pamenggak kaya mangkono. Aku sanalika lemes. Ning untunge simbahku lanang menehi pambombong.

“Yen kowe temen lanang, lan temen seneng klawan Asih. Kowe kudu wani nanggung kabeh resikone. Sing jenenge wong rabi kuwi ora manggon ing omah. Paribasan manggon ing gerdhon wae uga entuk. Bakune oleh palilah saka wali lan ana saksine,” ngendikane simbah lanang.

Cekake masia wektu iku aku durung entuk palilah kanthi wutuh saka simbah putri. Aku tetep rabi klawan Asih. Wiwit dina rabiku, aku wis ora manggon ing omahe simbahku maneh.

Aku melu maratuwaku. Setaun, rong taun, wis kelakon. Nanging tandha-tandha aku bakal entuk putra isih durung katon. Lagi ing taun kaping telu. Asih sisihanku mbobot.

Kaya ngapa bungahku kalane ngerti sisihanku mbobot. Kabar mbobote bojoku langsung dakkabarake menyang simbah lan wong tuwaku.

Kabeh padha seneng. Nanging ana siji sing ora patia seneng klawan kabar ngandhute Asih. Pawongan kuwi ora liya ya simbah wedok.

“Anakmu lagi tak anggep buyutku yen mbesuk lair wedok,” ujare simbahku wedok.

Oleh omongan kaya mangkono aku langsung kelangan daya. Aku ora ngerti kena ngapa simbah wedok bisa ngomong kaya mangkono. Nanging sepisan maneh. Simbahku lanang gelem aweh tambahan semangat.

“Wong lanang kuwi. Yen bojone lagi mbobot kudu gelem tirakat. Pamrihe kanggo njaluk supaya ibu lan anake sing dikandhut bisa slamet nganti babaran,” ngendikane Simbah lanang.

“Carane pripun, Kung?” takonku.

“Gampang wae, mung perlu pasa senin lan kemis wiwit ngerti bojone mbobot nganti babaran mbesuk. Yen kowe kepengin ngerti. Mengko bengi tak warahi dongane.”

Gandhenge ora pengin kedadeyan sing ora apik dumadi. Wekasane aku nindakake tirakat.

Ing tirakat sing tak tindakake iku panjalukku mung siji. Aku mung kepengin sisihan lan anakku bisa lair kanthi gangsar lan slamet.

7 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa Singkat dan Terjemahannya Lengkap

Contoh Teks Non-Sastra Bahasa Jawa

Contoh 1

1. Bulek Lamno Suku Mripat Biru ing Indonesia

Sasuwene iki menawa wae akeh sing nganggep yen mripat werna biru ngono mung diduweni dening wong manca negara mligine sing saka Eropa utawa Amerika.

Panganggep sing kaya ora kliru, jalaran saperangan gedhe wong kang dedunung ing Eropa lan Amerika rancake mripate wernane biru.

Nanging panganggep sing kaya mangkono ora sawutuhe bener. Merga ing Indonesia dhewe ana etnis kang nduweni mripat werna biru asli.

Ora mung mripate wae, pasuryane uga beda klawan pasuryan kang diduweni wong Indonesia umume.

Etnis sing nduweni mripat werna biru iki sinebut Bulek Lamno lan asale saka laladan Aceh. Ing laladan Aceh, kenya saka etnis iki dianggep salah siji primadonane.

Panganggep sing kaya ngene dumadi merga kenya saka etnis iki saliyane nduweni pasuryan kang ayu.

Wiwit isih cilik wis diwulang ilmu agama kang jero dening wong tuwane. Saengga bisa dianggep yen kenya saka etnis Bulek Lamno iki ayune lair batin.

Ngenani asal usule leluhure etnis Bulek Lamno iki saka ngendi isih durung ana panliten kang resmi.

Nanging yen manut crita lan saka saweneh sumber, ana kang nyebutake yen leluhure etnis Bulek Lamno iki saka Portugal kang sabanjure dhaup klawan warga Aceh.

Ngenani wiwit kapan etnis Bulek Lamno iki manggon ing Aceh uga durung kinawruhan kanthi pesthi. Mung wae akeh sing nduweni panduga yen etnis Bulek Lamno iki wis ana wiwit abad XV.

Rancake etnis Bulek Lamno iki mapan ing pinggire segara. Ing jaman saiki etnis Bulek Lamno akeh ditemokake ing Desa Mukhan lan Kuala Daya.

Saliyane kuwi Bulek Lambo uga sumebar ing Kecamatan Jaya lan Indra Daya. Saka saperangan laladan ing Aceh kang isih ana etnis Bulek Lamno iku mau, laladan Kuala Daya mujudakake dhaerah kang dadi basise Bulek Lamno.

Halaman:

Advertisement