5 Contoh Teks Sastra dan Non Sastra Bahasa Jawa dan Strukturnya
Jika kamu sedang mencari contoh teks sastra dan non-sastra dalam bahasa Jawa. Maka kamu harus membaca beberapa contohnya pada artikel berikut ini hingga selesai.
Contoh 2
2. Iwak Asin ing Jaman Kuna
Sesambungan antarane wong Indonesia, mligine wong Jawa klawan iwak asin wis dumadi suwe banget.
Ana cathethan kang ngandhakake ing jaman biyen iwak asin mujudake salah siji panganan kang klebu dimulyakake, merga panganan iki kerep banget sinebut ing prasasti-prasasti tinggalan jaman kuna.
Sajroning prasasti-prasasti iku padha nyebutake iwak asin klebu sesaji wajib sing kudu ana rikala ana panetepan sawijining sima (dhaerah kang diangkat statuse dadi bebas pajek).
Ngenani iwak asin sing dadi salah siji sesaji ing upacara siwa iki tinulis ing prasasti Penggumulan A lan B kang duwe anka taun 824 C utawa 902 M.
Ing prasasti kang migunakake tembaga iki ora mung nyebutake kaya ngapa lakuning upacara. Nanging uga nyebutake jinis iwak apa wae kang diasinake.
Manut prasasti kasebut iwak sing diasinake ing antarane yaiku iwak kakap, iwak bawal (kadiwas), iwak kembung (ruma), lan iwak layar utawa iwak pari (layarlayar).
Dene lakuning upacara digambarake kurang luwih kaya mangkene. Dapunta Kosisik sawijining esuk pendhudhuk ing kabhikuan desa Pamehanan mimpun lakune upacara panetepan sima kanggo desa Pangguwulan, kang klebu wewengkon Puluwati (saiki Sleman).
Panetepan sima iku dhewe diparingake merga gedhene lelabuhane penduduk desa kang gelem ngrumat wewangunan suci ing Kinawuhan.
Wiwitane para pejabat kerajaan nganti tataran pejabat desa lan kabeh sing rawuh padha nganggo kembang lan kawatittha (wedhak wangi) minangka tandha diwiwitine adicara.
Kabeh sing rawuh padha lungguhan ing lapangan sinambi ngubengi sanghyang kudur lan sanghyang watu kalumpang.
Kabeh sing rawuh padha sumpah lan ngrapal sapatha (supata) ing sangarepe watu sinambi mbeleh endhas pitik lan mbanting endhog nganti pecah.
Tumindak sing kaya mangkene dikarepake sapa sing nglanggar sumpah bakale ngalami nasib kaya dene endhas pitik kang pisah saka awake lan endhog pitik sing ajur kasebut. Sawise prosesi sumpah rampung. Adicara dibacutake kembul bujana.
Contoh 3
3. Tradisi Nyadran ing Desa Jawa
Nyadran kalebu salah siji tradisi budaya Jawa kang isih lestari nganti saiki. Tradisi iki lumrah ditindakake dening masyarakat desa nalika arep nyedhaki wulan Ramadan utawa nalika mangsa ruwah.
Nyadran ora mung mujudake upacara adat kanggo ndonga lan nyekar ing pasareyan leluhur, nanging uga minangka wujud rasa syukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi sing wis paring rejeki lan kesehatan.
Warga desa lumrahe bebarengan lunga menyang pasareyan, nggawa kembang, banyu mawar, lan panganan sajeroning tampah. Saben kulawarga banjur bebarengan ndonga, maca tahlil, lan nyekar ing makam kulawargane sing wis tilar donya.
Sawise nyekar rampung, warga padha kumpul ing balai desa utawa ing omah sesepuh kanggo ngadani kendhuri utawa slametan. Panganan padha digawa kanthi gotong royong, kaya sega tumpeng, ingkung pitik, jenang, lan jajanan pasar.
Tradisi Nyadran uga nduweni fungsi sosial sing wigati. Kanthi ana adicara iki, warga bisa padha kumpul, akrab, lan nguwatake rasa paseduluran antarane siji lan sijine. Mula saka kuwi, Nyadran ora mung perkara religi, nanging uga dadi wujud kekompakan lan kerukunan antar warga.
Sanadyan wektu saya maju lan gaya urip saya owah, tradisi Nyadran tetep dilestarekake. Iki nuduhake yen budaya Jawa isih duwe panggonan ing ati masyarakat lan dadi lokasi kanggo njaga warisan leluhur sing ngemu pitutur luhur.
Demikianlah contoh teks sastra dan non-sastra dalam bahasa Jawa. Semoga melalui artikel ini dapat membuatmu lebih teliti dalam membedakan teks sastra dan teks non-sastra.
Halaman:
