Advertisement
Source : Canva/@molasidn

37 Kata-kata Ucapan Lebaran Idulfitri 2026 Bahasa Jawa Lucu Singkat Bikin Ngakak

Jika kamu sedang mencari contoh ucapan lucu lebaran idul fitri, kamu dapat menemukannya pada artikel berikut.

8 Maret 2026 Zuly Kristanto

Contoh 14

Muga-muga ing dina riyaya iki dosaku lan dosamu bisa resik kaya isine dompetku sing mentas dakgawe nyangoni anakmu lan ponakanku.

Contoh 15

Aku sadhar sepira pangribamu marang uripku, tanpa sliramu aku kaya ambulan tanpa wiu-wiu, sepira-pira gedhene tresnaku, tulung disepura ya dhuh tresnaku.

Contoh 16

Numpak sepur menyang Surabaya, aja lali sangu kembang gula. Sesuk wis wancine riyaya, nyuwun disepura lepat kula.

Contoh 17

Sejatine dudu liburan lebaran sing dakenteni, uga dudu jajan lebaran sing dakkarepake. Aku mung pengin slirane paring sepura tumrap sakehing luput kula lan sakulawarga.

5 Teks Khutbah Idul Fitri Singkat 2026 tentang Silaturahmi, Sedih, Orang Tua, & Kematian

Contoh 18

Jarene iklan wani reged iku pancen apik, nanging kanggoku sing luwih apik kuwi wani ngresiki samubarang kang reged. Aku ngerti awakku reged kebak dosa. Mula ing dina riyaya iki, aku njaluk sepura marang sakabehing kanca.

Contoh 19

Ana iklan sing kandha gelem nglayani kanthi sepenuh hati. Sarehne dina iki riyaya, aku ora pengin dilayani, nanging aku pengin disepura kanthi sawutuhe ati murih awak iki bisa bali suci.

Contoh 20

Jarene wong tuwa jajan sing disuguhake kuwi kudu dipangan. Supaya mbesuk bisa dadi seksi ing akhirat yen aku wis dolan mrene. Merga jajane enak apa entuk aku njaluk plastik bening, supaya mbesuk seksiku ing akhirat dadi akeh?

Kata-kata Ucapan Lebaran Idulfitri Bahasa Jawa Lucu Bagian 3

Contoh 21

Yen ora bisa nempil esem lan atimu lilakna daktempil pangapuramu.

Contoh 22

Senajan dudu rembulan sing bisa gawe padhange wengi lan dudu lintang sing bisa dadi panuduhing laku, tulung dadia bun sing bisa gawe seger uripku.

Contoh 23

Yen pancen slirane ora bisa aweh kepastian, utawa bisa aweh keputusan. Saora-orane, ing dina riyaya iki slirane bisa aweh sepura marang sakehing luputku marang sliramu.

Contoh 23

Dina riyaya iku ora kanggo ngrembug babagan utang, nanging kanggo apura ing ngapura. Tenang wae sakehing luputmu wis daksepura, semono uga luputku bisa kok sepura. Nanging babagan utang tetep ana etungane.

Contoh 24

Aku iki wonge pancen gampang lalen. Nyawa wae upama ora nyawiji karo raga wis klalen anggenku ndheleh. Dadi sliramu ora perlu sumelang. Sekabehaning luputmu wis daklalekake, nanging beda maneh karo utangmu. Rampung lebaran bakale daktagih.

Contoh 25

Sepurane pancen aku sing salah, salah panampa marang kabecikan lan duwe pengarep-arep kanggo ngrengkuh sliramu minangka sigaraning nyawa.

Yen slirane rumangsa kaganggu karo tumindakku ing dina riyaya iki aku njaluk samudraning pangaksama.

Contoh 26

Aku paham kok, aku iki wonge sadhar dhiri. Aku bisa ngukur boboting awak lan dhedhegku dhewe. Wong kaya aku mokal rasane bisa nduweni widadari kaya sliramu. Nanging upama aku nempil pangapura saka slirane, slirane gelem maringi?

Contoh 27

Dadi wong iku aja seneng menehi pangarep-arep ta? Ngene iki tiwas diarep-arep jebul ora bisa dideweni.

Ya, wis sarehne dina iki riyaya, slirane isih bisa daksepura nanging sesuk aja dibaleni. Yen nekad kok baleni aja takon lan salahmu, aja kok salahke menawa sliramu dakjak rabi.

Halaman:

Advertisement