Contoh Artikel Eksploratif Bahasa Jawa Singkat Beserta Strukturnya
Jika kamu sedang mencari contoh artikel bahasa Jawa eksploratif. Maka kamu dapat menyimaknya pada artikel berikut ini hingga tuntas.
Ana cara kang luwih cepet kanggo ngawekani longsor tinimbang nindakake reboisasi.
Cara iku yaiku nanduri dhaerah pereng pegunungan utawa papan-papan kang diperkirakake rawan longsor nganggo akar wangi.
Manut penelitian ana sawetara perangan kang nyebabake oyot akar wingi dianggep luwih apik tinimbang kuat tinimbang wit-witan.
Akar wangi klebu tanduran kang duwe oyot serabut. Oyote bisa nunjem jero nganti kedalaman 5 meter.
Saliyane kuwi akar wangi klebu tanduran kang ‘bandel’. Amarga tanduran iki bisa ditandur ing papan kaya ngapa wae.

Advertisement
Wiwit saka dhataran rendah, dhataran tinggi, bekas tambang, nganti tebing-tebing kang kbeak watu bisa ditanduri nganggo akar wangi.
Saliyane kuwi akar wangi bisa ditandur ing dhaerah kang curah udane sithik lan suwalike akar wangi uga ora bakal mati lamuna ditandur ing dhaerah kang curah udane dhuwur.
Eloke, saupama akar wangi iki ditandur ing pereng kang kebak watu. Oyot akar wangi bisa njilma kaya jangkar kang bisa nahan partikel-partikel lemah.
Kanthi anane kaluwihan kaya ngene. Papan sing ditanduri akar wangi ora bakal kena erosi lan longsor.
Akar wangi dhewe mujudake tanduran kang klebu bangsa sesuketan gedhe. Tanduran iki dhuwure bisa nganti 1-2,5 meter.
Masia ora ngasilake kembang lan wiji-wijian. Nanging akar wingi bisa sumebar kaya dene alang-alang.
Akar wangi kang ditandur sacara rapet bakal bisa dadi pager kang bisa ngurangi bantere iline banyu lan bisa nahan matrial sediment.
Kaluwihan sing kaya ngene iki cetha ndadekake tanduran iki dibutuhake dening dhaerah-dhaerah ing pereng pegunungan lan dhataran tinggi.
Akar wangi dhewe kanggone masyarakat Indonesia dudu tanduran anyar. Tanduran iki wis suwe dikenal lan dibudidayakake kanggo sadengah keperluan.