3 Contoh Cerita Sage dalam Bahasa Jawa Pendek yang Menarik

3 Contoh Cerita Sage dalam Bahasa Jawa Pendek yang Menarik- Secara umum sage dapat dikelompokkan ke dalam cerita sejarah yang telah dibumbui.

Bumbu yang dimaksud adalah sebuah kisah keajaiban dan kesaktian tokoh yang terlibat di dalam cerita tersebut.

Apa Itu Cerita Sage?

https://indonesiakaya.com/

Beberapa ahli mengatakan bahwa sage mempunyai dua unsur yakni fakta dan fantasi.

Menurut KBBI sage termasuk sebagai cerita rakyat yang didasarkan pada sejarah dan telah mendapat tambahan imajinasi dari suatu kelompok masyarakat.

Ciri-ciri Sage

Untuk memudahkan mengenali sage di bawah ini adalah ciri-cirinya

  • Mempunyai kandungan peristiwa sejarah
  • Memiliki unsur kesaktian dan kepahlawanan
  • Menyimpan pesan moral
  • Penyebarannya dilakukan secara lisan
  • Tidak diketahui pengarangnya atau anonim
  • Memiliki sifat kolektif
  • Memiliki sejumlah kesamaan dengan tema sage lainnya
  • Kebanyakan bersetting istana sentris

Contoh Cerita Sage dalam Bahasa Jawa

Supaya lebih mudah memahami sage dalam bahasa Jawa. Di bawah ini adalah contoh cerita sage dalam bahasa Jawa .

Contoh Cerita Sage dalam Bahasa Jawa 1

1. Perjuangane Sarip Tambak Oso

Jaman penjajahan biyen, ing dhaerah Sidoarjo ana pendhekar sekti sing jenenge Sarip. Merga omahe manggon ing dhaerah Tambak Oso. Pendhekar mau kondhang kanthi julukan Sarip Tambak Oso.

Sarip iki duwe kasenengan maling. Nanging sing dimalingi Sarip iki dudu wong mlarat. Sarip mung maling ing omahe wong sugih sing dadi begundale Walanda.

Asil saka anggene maling iku ora digunakake Sarip kanggo seneng-seneng. Sarip nggunakake asile maling kanggo mbantu rakyat sing uripe kesrakat merga wengise bangsa Walanda.

Trajange Sarip iki ndadekake Walanda ketar-ketir. Mulane Walanda banjur golek pendhekar sing duwe ilmu sababak karo Sarip. Pendhekar mau karan Paidi.

Sawijining dina, nalika Sarip menyang pasar. Dumadakan ketemu Paidi. Tanpa kekakehan takon Paidi langsung ngajar Sarip.

Ing kalodhangan kuwi Sarip kasil kalah mati. Kabar matine Sarip iki dirungu karo ibune. Weruh anake mati ing pasar.

Ibune Sarip banjur nyusul menyang pasar. Tekan pasar ibune banjur nyedhaki jisime Sarip sing wis ditutupi godhong gedhang karo wong-wong sing ana ing pasar.

Kanthi alon ibune nyedhaki Sarip lan ngomong, “Rip, Sarip. Tangi ya, Rip. Iki Ibu, Le.”

Ajaibe, Sarip sing wis mati merga digugah karo ibune bisa urip maneh. Sawise urip maneh. Sarip kelingan yen matine disebabake karo Paidi.

Wusanane Sarip nuntut bales karo Paidi. Weruh Sarip bisa urip maneh. Mesthi wae Paidi kaget setengah mati.

Paidi lan Sarip perang maneh. Ing paprangan iki Sarip bisa ngasorake Paidi. Sabubare ngalahake Paidi sing dadi begundale Walanda.

Saiki Sarip langsung ngajak perang Walanda. Ing paprangan kuwi Sarip mati maneh. nanging merga digugah ibune. Sarip bisa urip maneh.

Kahanan kaya ngene dumadi bola-bali. Walanda sing bingung banjur golek cara kanggo ngalahakake Sarip.

Wusanane pihak Walanda kasil nemokake kelemahane Sarip. Sawijining dina simboke Sarip dipateni dhisik dening Walanda.

Tumindak Walanda iki mesthi gawe muntabe Sarip. Saking nesune Sarip mlebu ijen menyang markase Walanda.

Tumindake Sarip iki wis diperkirakake karo Waland. Saengga nalika Sarip teka menyang markase Walanda. Pihak Walanda sing wis siyaga langsung mbedhili Sarip.

Saking akehe peluru sing mancep ing anggane Sarip gugur dadi kusumaning bangsa. Sarip wis ora bisa urip maneh merga simboke wis gugur luwih dhisik tinimbang Sarip.

Contoh Cerita Sage dalam Bahasa Jawa 2

2. Kasaktene Pangeran Puger

Ing jaman biyen, nalika pusat kerajaan Mataram manggon ing Kartasura. Pihak Walanda bingung kepriye carane nyingkirake Pangeran Puger.

Kacaritakake Pangeran Puger iku duwe maneka kasakten. Saliyane ora tedhas dibacok. Kulite uga ora tedhas dibedhil.

Saking judhege, pihak Walanda banjur golek cara kiwa kanggo nelukake Pangeran Puger. Ing sawijining dina pihak Walanda kasil ketemu klawan sawijining dukun kang ampuh.

Marang dukun kasebut pihak Walanda njaluk tulung supaya si dhukun nyantet Pangeran Puger. Merga dijanjekake bayaran kang gedhe. Si dhukun mau nyaguhi panjaluke pihak Walanda.

Cekake, si dhukun banjur nidakake ritual. Sawetara wektu candhake, santete si dhukun wis dikirim menyang Pangeran Puger.

Wengi kuwi Pangeran Puger ngrasa atine kurang kepenak. Piyambake banjur sembahyang kang dibacutake kanthi nindakake dzikir.

Nalika nindakake dzikir kuwi Pangeran Puger ngrasa aneh merga weruh wewujudan saemper manungsa kang ana ing ngarepe.

Pangeran Puger banjur takon, “Kowe sapa kok wani-wanine ana ing ngarepku?”

“Aku teluh kirimane Walanda.”

Wiwitane Pangeran Puger ora percaya. Nanging suwe-suwe Pangeran Puger bisa percaya yen wewujdan sing ana ngarepe iku dudu manungsa.

“Yen tekamu ing kene kanggo gawe cilakaku. Becike kowe balia tinimbang kowe sing tak pungkasi uripmu.”

Merga wedi karo pangancame Pangeran Puger. Santet mau bali menyang dhukun lan pihak Walanda sing kongkonan. Akibate, dhukun lan Walanda padha mati bareng merga kena santete dhewe.

Contoh Cerita Sage dalam Bahasa Jawa 3

3. Prabu Angling Darma lan Putri Bojonegoro

Sawise dikutuk putri cacah telu, saiki Prabu Angling Dharma malih dadi mliwis putih.

Nalika menehi kutukan, salah siji putri buta kandha yen ktukane bakal ilang lamuna ana putri sing bisa njabel wulu sing ana ing mustakane Prabu Angling Dharma.

Wis maneka papan kang ditekani Prabu Angling Dharma, nanging durung ana siji-sijia putri sing dirasa cocog ing angen-angene.

Sawise udakara sawetara sasi Prabu Angling Dharma sing wujudu malih dadi mliwis putih tekan ing wewengkon Kraton Bojonegoro.

Ing papan kasebut mliwis putih malihane Prabu Angling Dharma ditemu karo nom-noman desa kang karan Bongoh.

Sakawit Bongoh pengin masak mliwis putih malihane Prabu Angling Dharma, nanging sawise pikantuk katrangan yen mliwis sing diingu kuwi dudu mliwis sabaene.

Wusanane Bongoh gelem ngopeni mliwis kasebut kanthi becik. Suwening suwe antarane mliwis putih lan Bongoh dadi kanca kang rumaket.

Sawijining dina Bongoh crita yen ing sawalike tembok kaputren ana wanita kang ayu banget rupane. Wanita kuwi putrine Prabu Bojonegoro.

Merga kapencut karo critane Bongoh. Wusanane mliwis putih pengin mbuktekake dhewe. Saiba nggumune si mliwis nalika weruh yen Bongoh ora goroh.

Sarehne wis ngerti lan rumangsa cocog karo putri kasebut. Si mliwis putih banjur golek cara murih bisa cedhak ketemu langsung lan njaluk tulung supaya kutukane diuwalake.

Untung wae, ora suwe saka dina kuwi. Ing kerajaan Bojonegoro lagi ana wanita sing ngrasa bingung kanggo nemtokake bojone sing asli.

Wanita kuwi ngrasa bingung merga ana priya cacah loro sing padha rupane lan kekarone ngaku dadi bojone wanita kasebut.

Wis maneka cara diupayakake, ananging asile durung ana sing maremake. Meruhi ana kahanan kaya ngono kuwi. Mliwis Putih ngajak Bongoh menyang istana kanggo melu ngudhari keadeyan kuwi.

Wiwitane Bongoh nulak, nanging merga ana hadiah gedhe kanggo sapa wae sing bisa ngrampungi masalah kuwi. Wusanane Bongoh manut.

Tekan istana wis akeh wong sing melu. Nanging ora ana sing bisa nemtokake endi sing mujudake garwa asli saka wanita sing njaluk tulung.

Sawise ngenteni sawetara wektu, saiki tekan gilirane Bongoh. Sadurunge maju, Bongoh wis dibisiki karo mliwis putih malihane Prabu Angling Dharma kanggo nemtokake endi sing asli lan endi sing asli.

“Kanggo nemtokake endi sing asli lan endi sing palsu sejatine gampang,” ujare Bongoh.

“Carane piye?” takone sauntara warga sing nonton.

“Sok sapa wae sing bisa mlebu kendhi iki. Ya, berarti kuwi sing asli.”

Keprung sing dikandhake Bongoh. Salah siji priya sing ngaku bojone wanita kang njaluk tulung mau pucet sanalika. Dene priya sijine mung mesem.

“Yen mung kuwi syarate gampang,” ujare salah siji priya.

Sedhela candhake si priya langsung mlebu menyang njero kendhi. Sawise kuwi para prajurit banjur kepingin ngrangket priya sing ora bisa mlebu menyang njero kendhi.

Untunge Bongoh bisa menggak, “Piye, ta? Ya sing asli kuwi sing ora bisa mlebu menyang njero kendhi. Coba ta digagas. Manungsa ngendi sing bisa mlebu menyang njero kendhi?”

Weruh carane Bongoh iki kabeh sing nonton padha surak. Wusanane Bongoh diwenehi hadiah kang gedhe.

Saliyane nampa hadiah kang gedhe. Bongoh uga duwe panjaluk amrih wulu kang ana ing endhase mliwis putihe bisa dijabut dening sang putri.

Merga panjaluke dirasa gampang. Panjaluke Bongoh dikabulake. Nalika wulu kuwi dijabut dening sang putri. Mliwis putih sing diopeni Bongoh malih dadi wujud asline yaiku Prabu Angling Dharma.

Weruh yen sasuwene iki dadi kancane jebule Prabu Angling Dharma. Saking kagete nganti ndadekake Bongoh semaput.

Demikianlah contoh sage berbahasa Jawa. Semoga contoh sage ini menambah wawasanmu khususnya tentang teks sage yang ditulis dengan menggunakan bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta