2 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi Singkat dan Menarik

2 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi Singkat dan Menarik –  Di dalam bahasa, tentu terdapat sastra. Demikian juga pada kasus bahasa Jawa yang pastinya melahirkan adanya eksistensi karya sastra Jawa.

Karya sastra Jawa pun mengenal konsep dan struktur cerpen (cerita pendek) pada konteks bahasa Indonesia, dan dikenal dengan istilah cerkak (cerita cekak).

Penasaran apa itu cerkak dan seperti apa contoh cerkak bahasa Jawa dengan tema pengalaman pribadi singkat dan menarik? Baca artikel ini sampai tuntas.

Apa yang Dimaksud dengan Cerkak?

Getty Images/barol16

Cerkak adalah akronim dari cerita cekak. Istilah cerita cekak apabila dialihbahasakan ke bahasa Indonesia artinya adalah cerita pendek.

Sebenarnya bentuk prosa cerkak di dalam karya sastra Jawa bisa digolongkan ke dalam bentuk karya sastra Jawa modern.

Sebab, bentuk seperti cerkak tidak dikenal di masa karya sastra Jawa kuna, maupun karya sastra Jawa pertengahan.

Memang ada karya sastra Jawa dari masa lampau yang bentuknya naratif, namun tidak bisa didefinisikan sebagai cerkak atau cerita cekak.

Mengingat cerkak merupakan bentuk karya sastra Jawa prosa modern, maka temanya sangat beragam, dan pengarang bebas dalam menentukan sebuah tema cerkaknya.

Berbeda dengan karya sastra Jawa di masa lalu yang terikat metrum atau aturan penulisan tertentu, cerkak sepenuhnya bebas.

Unsur-unsur Cerkak

Selanjutnya, sebelum sampai pada contoh cerkak bahasa Jawa pengalaman pribadi singkat dan menarik, kamu perlu paham dahulu apa saja unsur-unsur yang ada di dalam cerkak.

Berikut adalah unsur-unsur cerkak:

1. Tema atau gagasan

2. Karakter atau tokoh

3. Setting tempat dan setting waktu

4. Alur dan plot cerita

5. Penokohan

6. Sudut pandang

7. Amanat

Itulah unsur-unsur penting yang setidaknya harus bisa dijumpai pada satu judul cerkak.

Ciri-ciri Cerkak

Agar kamu memahami bagaimana sebenarnya cerkak  atau cerita cekak itu, baiknya kamu memahami seperti apa ciri-ciri cerkak.

Adapun ciri ciri dari cerkak antara lain:

1. Satu judul cerkak atau cerita cekak tidak lebih dari total 10.000 kata.

2. Cerkak bisa dibaca hingga selesai cukup dalam sekali duduk, atau maksudnya tidak membutuhkan waktu lama untuk menamatkan satu judul cerkak.

3. Cerita di dalam cerkak terfokus pada satu masalah dan satu karakter saja.

4. Tokoh atau karakter yang ada di dalam cerkak disampaikan secara tersirat dan parsial.

Nah, itulah beberapa ciri-ciri dari karya sastra Jawa cerkak.

Selain ciri-ciri di atas, perlu dipahami bahwa struktur bentukan cerkak tidak berbeda dengan cerpen, yang membedakan hanya media bahasa yang digunakan saja.

2 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi 1

1. Pulpen Ireng Sleret Emas

Ing sawijining dina kang tentrem, suasana kang ayem uga kedadeyan ana ing sekolah dhasar sing ana ing desa Nuswantara. 

Candra, salah sawijining siswa ing kelas 5 lagi ngelamun nyawangi pulpen anyar sing wujude rada unik, pulpen kuwi dadi semangate sinau amarga oleh-oleh seka bapakke. 

Pulpen kuwi ditumbasake bapakke nalika ana perjalanan dhinas menyang luwar negeri. Saben dina, Candra mesthikake pulpene wis ana ing jero tas sekolahe. 

Nalika wayah ngaso pertama, Candra banjur nglebokake pulpene menyang tas. Bocahe age-age mlayu menyang latar sekolahan kanggo dolanan karo kancane. 

Dheweke seneng dolanan bal-balan ing wayah ngaso, ngilangi rasa ngatuke pas ing kelas. 

Ing kursi pojokan kelas, Fajar ngamatake tase Candra. Asline dheweke penasaran karo pulpen sing dieman dening Candra. Dilalah, Fajar ya kentekan pulpen. 

Dheweke duweni niyat kanggo nyilih pulpenne Candra kuwi mau. Ananging, Candra lagi sibuk bal-balan. Fajar banjur jupuk pulpen ing tase Candra, niyate mung nyilih, senadyan ngomonge engko nalika Candra wis bali mlebu kelas. 

”Wah, mengko yo tak balikke, mosok Candra meh nesu sih. Aku kan ming meh nyilih.” guneme Fajar sinambi jupuk pulpen seka ta Candra. 

Ora let suwe, suwara bel wis muni. Para siswa banjur padha mlebu menyang kelas. Candra kelabakan goleki pulpene. 

Tas dibukaki kanthi kemrungsung, kabeh bagiyan tas diteliti siji baka siji, ananging pulpene tetep ora ketemu. Candra nesu, paraupane rada abang. Fajar sing weruh kuwi banjur keweden dhewe, dheweke ora wani ngaku.

Candra banjur takon menyang Fajar sing kat mau ana ing kelas, “Jar, kowe weruh pulpenku? Warna ireng ana sleret emase?” pitakone Candra karo semu nggetak.

Fajar mung isa geleng-geleng karo nundhuk, sajak emoh nyawang Candra. 

Nyawang Fajar sing kaya keweden, Candra malah saya ngamuk. “Mesthi kowe yo sing jupuk pulpenku? 

Kuwi pulpen sing tak gemateni tenan Jar, siji-sijine, sing maringi bapakku! Iyo kan, kowe sing jupuk?”

”Ora Jar, paling tiba ing jaba.” Wangsulane Fajar, sambi nyusun siasat arep metu lan nyelehke pulpene menyang jaba. “Makane aja cerobo, deleh barang ora sethithi.” sambunge Fajar. 

Krungu wangsulane Fajar sing kaya mangkono agawe nesune Candra, banjur bocah loro kuwi mau adu suwara lan arep mara tangan. 

Kanca kelas liyane ana sing nengahi ana sing meneng wae. Weruh kedadeyan sing saya rame, Bunga mlayu menyang ruang guru. Lapor menyang wali kelase, Pak Burhan. 

“Ana apa iki cah? Ayo padha lungguh ing kursine dhewe-dhewe!” Tembunge Pak Burhan. 

Karo rada anyel Candra bali menyang kursine, banjur ngomong nyang Pak Burhan kanthi rada besesek nahan tangis. 

“Pak, pulpen kula ical. Kula anggadhahi prasangka dhateng Fajar, amargi wau naming Fajar ingkang wonten kelas nalika istirahat. Punika pulpen kesayangan kula.” 

Pak Burhan meneng sawuntara, banjur nyedhaki Fajar. “Jar, apa pener kowe sing jupuk pulpene Candra?” 

Pitakone Pak Burhan alus, ananging Fajar mung meneng wae ora semaur. “Ora apa-apa Le, jawaben sing jujur, ora dadi ngapa. Ora perlu wedi.” Sambunge Pak Burhan.

Ditakoni kanthi alus, Fajar ora sanggup bendhung tangise, “Inggih kula Pak, niyat kula naming ngampil, ananging mirsani Candra ngamuk kula dados wedi, kula niyat bangsulaken nggihan mangke.”

Ngrungokake wangsulane Fajar, si Candra banjur nyaut, “Ngapa ora ngomong kat mau Jar, apa angele ngaku.” Candra ya nesu ya lega merga pulpene ketemu. 

“Yawis, saiki balikke nyang Candra pulpene. Kowe tak silihi pulpenku wae.” Tembunge Pak Burhan alus. 

“Iki Can pulpenmu tak balikna, ngapurane ya.” Tembunge Fajar. Ananging Candra mung meneng wae karo nyaut pulpene. 

Pak Burhan sing nyawang banjur ngekeki wejangan menyang siswa kelas 5 iku. 

“Ngene ya cah, sing kapisan, dadi uwong kuwi kudu jujur, mbuh kaya ngapa dadine, intine jujur. Kaping pindho aja gampang jupuk gone liyan, yen perlu nyilih ya nembung, yen tanpa nembung kuwi jenenge nyolong. Yen disilihi ya syukur yen ora yo uwis, ora kena meksa. Kaping telu, saiki masalah uwis beres, pulpen wis ketemu, Fajar ya jaluk ngapura. Minangka kanca kelas sepran-seprene, kudu legawa ngapurani. Nggih?” 

Kabeh siswa kelas bareng semaur “Nggih.” Banjur Fajar baleni ngomong nyang Candra, “Ngapurane ya Can, aku sing luput.” Candra langsung nampani salamane Fajar. Kabeh sakkelas banjur seneng. 

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pengalaman Pribadi 2

2. Salah Sasaran

Udan deres tiba ing satengahing Ibukota wengi iku. Kahananing salah sawijining gang sempit krasa rada ndrawasi. 

Budi, bocah sing lagi wae ngancik 17 tahun ngadek ana ing papan peteng cedhak gang, jantunge deg-degan banter, atine krasa arep copot. 

Rong jam sedurunge, ing dalan pinggir gang iku mau ana padudon antaraning rong sekolahan. Dumandakan ana bocah sing tiba dlosor sauwise kena jotosan lan parang. Tibane bocah kuwi mau pas ing pojokan gang papan anggone Budi ngadek nyawang tawuran. 

Asline Budi kuwi bocah apik, mulane dheweke mlaku saka omahe Pakdhe arep tuku gas tabung ijo. 

Ananging weruh ana tawuran, Budi mandhek ana ing ngarep gang iku. Iya. Budi urip ing Ibukota nunut Pakdhene, supaya bisa nerusake sekolah. Wis arep telung tahun Budi urip ing kana kuwi. 

Pas bocah sing kebak getih kuwi tiba, pas polisi teka. Kabeh padha mlayu Budi kebingungan, dheweke banjur melu mlayu. Kewedan. 

Tekan ngomahe Pakdhe dheweke mikir, kudu piye, pungkasane dheweke milih bali menyang desa. Pamit karo Pakdhene yen arep ngurus KTP. Asline ming kabur saka kahanan sing bebrayani. 

Sakuwise perjalanan udakara sepuluh  jam, Budi uwis tekan omahe. 

Dheweke rada ayem, ananging isih tansah sujana. Dheweke nglakoni preinan kaya saben adate, leyeh leyeh ing ngomah, mangan masakan ibune sing dikangeni, karo nyandhak gaweyan sithik sithik. Ngewangi bapake ngurusi tegalan. 

Ora nganti seminggu, polisi tekan omahe Budi. Polisi Ibukota wis kerjasama karo polisi ngendi wae kanggo nglancak bocah-bocah sing kerekam ana ing cctv warung cedhak gang. Lha kok Budi pas banget kesorot cctv bengi iku. 

Wong tuwane Budi kaget weruh polisi teka sing arep gawa Budi nyang Ibukota. Budi mung nangis jaluk sepura gawe kaget wong tuwane. Budi ming manud jare polisi.

Nalika pemeriksaan saksi, Budi jlentrehke. Dheweke mangsuli pitakone polisi karo mimbik-mimbik. 

Pakdhene marani kantor polisi jaluk keterangan, dheweke jelaske yen Budi ora ana gandheng rentenge karo kedadeyan kuwi. 

Wiwitane Budi ming dikon tumbas gas, amarga budhene arep masak nanging gas e entek. Lha kok bali-bali jare toko gase tutup. 

Sauwise ping pirang-pirang pemeriksaan, akhire Budi kabukten ora salah. Budhene nangisi Budi, jare aja wedi ngomong karo Pakdhe Budhe senajan udu wong tuwane dewe. 

Ora dipendhem dhewe lan pungkasane malah kabur bali menyang desa. Budhe nangis karo jaluk ngapura menyang Budi yen selama iki kirane kurang anggone nggatekake Budi. Budi melu jaluk ngapura lan melu nangis. 

Demikian pembahasan mengenai contoh cerkak bahasa Jawa pengalaman pribadi singkat dan menarik yang bisa kamu pelajari. Semoga bermanfaat.

FAQ

Apa itu cerkak dalam bahasa Jawa?

Cerkak adalah akronim dari cerita cekak. Istilah cerita cekak apabila dialihbahasakan ke bahasa Indonesia artinya adalah cerita pendek. Sebenarnya bentuk prosa cerkak di dalam karya sastra Jawa bisa digolongkan ke dalam bentuk karya sastra Jawa modern.

Apa itu cerkak?

Cerkak adalah akronim dari cerita cekak. Istilah cerita cekak apabila dialihbahasakan ke bahasa Indonesia artinya adalah cerita pendek.

Apa yang dimaksud dengan cerita cekak?

Cerkak adalah akronim dari cerita cekak. Istilah cerita cekak apabila dialihbahasakan ke bahasa Indonesia artinya adalah cerita pendek.

Apa saja tema yang ada di dalam cerkak?

Mengingat cerkak merupakan bentuk karya sastra Jawa prosa modern, maka temanya sangat beragam, dan pengarang bebas dalam menentukan sebuah tema cerkaknya.

Apa saja unsur-unsur cerkak?

Selanjutnya, sebelum sampai pada contoh cerkak bahasa Jawa pengalaman pribadi singkat dan menarik, kamu perlu paham dahulu apa saja unsur-unsur yang ada di dalam cerkak.
Berikut adalah unsur-unsur cerkak:
1. Tema atau gagasan
2. Karakter atau tokoh
3. Setting tempat dan setting waktu
4. Alur dan plot cerita
5. Penokohan
6. Sudut pandang
7. Amanat


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta