4 Contoh Cerkak (Cerita Cekak) Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema
Apakah kamu sedang mencari informasi mengenai contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema? Pada artikel ini, mamikos akan memberikan contoh-contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema.
Di bawah ini akan Mamikos berikan beberapa contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema.
Contoh 1 Cerkak Tema Persahabatan
Jarik Warisan
“Um..Ummu, awakmu ngerti apa ora jarikku?” takone Irma menyang Ummu, kancane.
“Jarik sing ndi, Ma?” Ummu ganti takon menyang kancane.
“Jarik sing biyasane dakgawa latihan kae, hlo?”
“Sing motife Satria Wibawa kae ta?”
“Iya. Piye awakmu ngerti apa ora?”
Ummu godheg tandha dheweke ora ngerti. Weruh sing ditakoni godheg Irma ambegan landhung. Dheweke ngrasa sedhih banget jalaran jarik sing paling ditresnani kuwi durung kinawruhan ana ngendi dununge.

Advertisement
Jarik sing digoleki dening Irma kuwi mujudake jarik kesayangane. Irma tresna banget karo jarik kuwi merga jarik kanthi motif satriya wibawa kuwi mujudake jarik paringane simbahe.
“Luhmu usapana nganggo iki, Ir,” ujare Ummu sinambi ngulungake tisu.
Kotak wadhah tisu iku ditampa dening Irma. Tisu dijupuk telung lembar banjur digunakake kanggo ngusapi luhe.
“Ir, awakmu ora pengin gawe sayembara?
“Sayembara sing piye?”
“Ya kaya ndek kethoprak-kethoprak ngono kae. Upama sing nemokake wedok bakal kok angkat dadi sedulur sinarawedi lan dijajanke menyang warunge Mbok Jum, sewulane suwene.
Dene yen sing nemu bocah lanang bakal kok dadekake pacar. Aku iki jan-jane mesakake banget karo dhirimu. Wis ayu kelangan jarik, sik ditambahi nyangga beban perasaan sing abot merga isih tetep jomblo di semester tua. Hahahahaha.”
“Ummu…….”
“Piye awakmu sanggup apa ora? Yen ora sanggup aku wegah ngrewangi.”
“Ya, wis aku sanggup.”
Gandhenge Irma kepengin jarike mbalik. Senajan abot, dheweke gelem gawe sayembara kuwi. Ing njero ati dheweke ndonga muga-muga sing nemokake jarike iku dudu bocah lanang.
Kanggone Irma luwih entheng nukokake jajan sewulan suwene tinimbang kudu pacaran.
“Um…awakmu lagi ana ngendi?” takone Priyo.
“Iki aku lagi ana perpustakaan, ana apa Pri?” Ummu ganti takon.
“Ngene aku iki mentas nemu jarik werna soklat.”
“Jarik werna soklat? Motife apa?”
“Yen ora kliru motife satriya wibawa.”
“Tenan? Coba aku kirimana fotone!”