Advertisement
Source : Canva/@oduaimages

Contoh Deskripsi Filosofi Pakaian Adat Jawa Tengah dalam Bahasa Jawa

Di bawah ini akan dijelaskan tentang makna dan filosofi pakaian ada Jawa Tengah dengan lengkap. Jadi, simaklah dengan baik-baik.

29 September 2024 Zuly Kristanto

5. Solo Basahan

Contoh Deskripsi Filosofi Pakaian Adat Jawa Tengah dalam Bahasa Jawa
weddingku.com

Sandhangan iki uga diarani dodot sing asring digunakake ing Solo lan Jawa Tengah umume. Tradhisi Solo Basahan dikenal asale saka lingkungan kraton.

Sandhangan tradhisional iki nduweni makna lan filosofi kang dhuwur, ing salebeting busana menika ngemot pralambang pasrah dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Simbol kasebut ana ing saben unsur paes sarta sandhangan sing digunakake.

8 Jenis Desain Rumah Adat Jawa Barat & Penjelasannya + Gambar

6. Jawa Jangkep

Contoh Deskripsi Filosofi Pakaian Adat Jawa Tengah dalam Bahasa Jawa
pariwisataindonesia.id

Jawa Jangkep yaiku busana adat Jawa Tengah kang umume digunakake dening priya. Sandhangan tradhisional awujud motif kembang lan kain jarik kanthi corak bathik.

Tuladhanipun busana Jawi Jangkep yaiku beskap kang digunakake jangkep klawan blangkon lan keris.

Miturut maneka sumber, busana Jawa Jangkep duwe teges kang sambung rapete klawan panguripan.

Pralambang kang kinandhut sajroning busana jawa jangkep yaiku supaya manungsa tansah tliti marang sekabehane tumindake.

Supaya ing tembe ora nuwuhake kapitunan tumrap awake dhewe, kaluwarga, bangsa, lan bebrayan agung.

7. Blangkon

Contoh Deskripsi Filosofi Pakaian Adat Jawa Tengah dalam Bahasa Jawa
Getty Images/Sukma Rizqi

Blangkon mujudake penutup sirah kangone wong Jawa. Ing kalangane masyarakat Jawa, jinise blangkon ana maneka werna, ning sing paling kawentar yaiku blangkon khas Jogja lan khas Solo.

Senajan wujude beda, nanging makna kang kinandhut sajroning blangkon tetep padha yaiku tali loro kang ana ing perangan mburi blangkon mujudake gambara saka kalimah syahadat ingkang kaiket kanthi mantep.

Tegese, wong sing nganggo blangkon kudu ngugemi ikatan sing kuat, yaiku ajaran Islam.

8. Keris

Contoh Deskripsi Filosofi Pakaian Adat Jawa Tengah dalam Bahasa Jawa
Getty Images/T J Wardoyo

Contoh Deskripsi Filosofi Pakaian Adat Jawa Tengah dalam Bahasa Jawa yang pertama adalah keris. Sebagai salah satu senjata tradisional paling ikonik dari Jawa ini, tentu keris memiliki filosofinya tersendiri.

Keris mujudake salah siji senjata khas kang diduweni maneka suku bangsa kang dedunung ing Asia Tenggara. Ing Indonesia dhewe akeh suku bangsa sing senjata utawa gaman tradisionale wujude keris.

Salah sijine yaiku suku Jawa, kanggone wong Jawa, keris ora mung dianggep pusaka lan jejangkeping busana. Nanging keris uga duwe kandhutan filosofi kang luhur.

Kandhutan nilai filosofi kang ana ing keris yaiku kemantepaning ati sajroning manembah mring Gusti Ingkang Maha Dumadi.

Demikianlah contoh mengenai jenis dan kandungan nilai filosofi yang ada di dalam pakaian adat Jawa Tengah. Semoga artikel ini membantumu untuk lebih mencintai budaya sendiri.

Pakaian Adat Bali untuk Pria dan Wanita Beserta Ciri Khasnya Lengkap

Halaman:

Advertisement