9 Contoh Geguritan Gagrag Anyar dan Lawas Berbagai Tema Lengkap
Dilihat dari cara dan waktu pembuatannya penciptaan geguritan dapat diberdakan menjadi dua yakni Geguritan Gagrag Lawas dan Geguritan Gagrag Anyar. Berikut Penjelasannya.
Contoh 2: Kanggo kang Rumangsa
sepira gedhene rasa bungah
sing kok rasakake, nalika sesawangan sing mulane katon endah
padha bubrah merga tumindakmu kang sawiyah
apa banjur kowe bakale rumangsa paling gagah
sawise kasil ngrusak tatanan sejarah
jaremu aja nganti kekayaane bangsa iki kajarah
dening bangsa liya kang adoh saka omah
nanging kasunyatane tumindakmu ora beda adoh klawan gajah
kang diutus njaga lestarine sawah
samesthine bakal ana bebana gedhe
kang bakal kok tampa samungkure
kembang manca warna ilang saka pekarangane
nanging elinga Gusti ora nate sare
saben-saben tumindak bakal ana piwalese dhewe-dhewe
mula tatagna atimu lan kuwatna rasamu
rikala ketman dayaning siku
samesthine uripmu saiki wis kepenak
bisa mangan sarwa enak
sarta bisa nempil wulune merak
kanggo ngusadani rasa melik para bangsa gagak
nanging kowe kudu eling, merga kekakehen lagak
katentremanmu bakale rusak
kayadene kreweng kang kapidak
wektu iki mesthine sliramu isih bisa ngguyu lakak-lakak
ing sela-selane ngombe kopi lan dolanan skak
terus-terusna anggenmu tumindak nistha
sarta gawe mubal wawa kadurakan ing alam donya
merga tumindakmu bakal merbawani
tekane satriyatama kang bakal mungkasi
sakehing denawa wujud manungsa saka salumahe bumi
sadurunge puputing wengi
rikala kowe sirna layu ilang kertaning bumi
merga kena ukume Gusti
wangine ganda mlathi
bakal mapag bumi kang bali suci
rikala wektu kuwi dumadi
mung wong kang kadunungan akal budi
kang karangkul dening ibu pertiwi
Contoh 3: Munggah saka Reruntuhan
aku ngadeg ana ing tengah reruntuhan
dudu reruntuhan omah utawa kutha
nanging reruntuhan pangajab
sing biyen tau dakbangun saka tembok-tembok percaya
wong-wong padha liwat
sawetara mung ndeleng
sawetara ngguyu alon
tanpa ngerti sepira lara sing dakgawa
nanging saka bledug lan pecahan iku
aku sinau ngadeg maneh
nyusun impen nganggo tangan gemeter
lan ngakoni yen kalah dudu pungkasan
nanging wiwitan kanggo luwih waspada marang urip
Contoh 4: Swara saka Njero Layar
driji-jariku luwih kerep nyentuh layar
tinimbang nyentuh tangan sedulurku dhewe
aku luwih apal swaramu saka rekaman
tinimbang swara tangismu sing sejatine
donya katon rame saka pojok kamar
kabeh kasedhiya ana sajroning genggaman
nanging nalika sinyal tiba
aku nemokake sejatine sepi
sing ora bisa diundhuh
lan ora bisa didol nganggo kuota
mula aku miwiti sinau maneh
ngrungokake swara manungsa
tanpa piranti
lan nyawang urip tanpa saringan
Demikianlah perbedaan mengenai geguritan gagrag anyar dan lawas disertai dengan contohnya.
Semoga artikel contoh geguritan gagrag anyar dan lawas ini menambah wawasanmu tentang dunia sastra Jawa.😊
Halaman:
