Advertisement
Source : capturenow/Eliza Alves

9 Contoh Geguritan Gagrag Anyar dan Lawas Berbagai Tema Lengkap

Dilihat dari cara dan waktu pembuatannya penciptaan geguritan dapat diberdakan menjadi dua yakni Geguritan Gagrag Lawas dan Geguritan Gagrag Anyar. Berikut Penjelasannya.

30 November 2025 Zuly Kristanto

Contoh 2: Luh kang Luluh

Sun gegurit

samungkure lintang ing mripatmu rubuh

dakdongakake atimu tetep kukuh

ngadhepi sakehe coba kang meksa mripatmu meres luh

samangsa kena wae batinmu ngrasa angluh

nanging aja kedlarung awit ing kene aku isih saguh

dadi susuh kang nggembol sethithik suluh

kanggo ngadhepi jaman kang tansaya gupuh

ing kalane akeh wong dodolan luh

7 Judul Novel Bahasa Jawa dan Nama Pengarangnya Lengkap

Contoh 3: Layang Marang Sumitraku

Sun amiwiti hanggurit

sumitraku tulung dirungokne

layang iki daktulis ing wanci sore

rikala udan nembe wae ngrampungake jejibahane

sawise nyawang sisa-sisa banyu udan kelangan tilase

sajak ana kang gawe kepranan atine

mula banjur daksawatake

menyang langit kang tan ana watese

menawa isih bisa daktemu wangsulan-E

kang bisa dakgunakake kanggo nglalekake

urip kang paite tansaya angel tambanane

saengga bisa daktempil manise

senajan mung sagebyare thathit suwene

sumitraku delengen kae

coba sawangen langit sisih kulon kae

ing kana isih ana kaendahan kang kumlawe

kluwung mangklung ing wanci sore sajak aweh panyaruwe

marang wong sing seneng tumindak sakarepe dhewe

kudune slirane isih bisa eling panyuwun-E

tansah tresna marang jagad saisine

Contoh 4: Tapak Lelaku

Sun gegurit

tapak langkah ing dalan sepi

kinanthi wektu sing wis kliwat

angin sore nggawa ambune kenangan

sing tau dadi suluh ing perjalanan

aku sinau saka tiba lan tangi

saka luput lan bener kang tau daklakoni

urip iki ora mung bab tekan tujuan

nanging uga bab carane nindakake lelampahan

kanthi ati kang eling lan waspada

marang piwelinge Gusti Kang Maha Kuwasa

Contoh 5: Sasmita Rasa

Sun gegurit

nalika rembulan ngambah pucuk wengi

swara suket krasa bisik-bisik

nyritakake sepi ing njero dada

kang ora tau kasumurupan liyan

aku nyandhak sepi dadi kanca

ngolah rasa ing sajroning bisu

supaya ora kecebur ing segara angkara

lan tetep bisa njaga rasa nrima

ing ngadhepi garis pepesthening urip manungsa

Contoh Geguritan Gagrag Anyar

Contoh 1: Layang saka Samudra

daktulis layang iki kalane ombak pijer lelumban

rebut dhisik ngaras wedhi-wedhi putih ing gisiking panguripan

saka sandhuwure baita daksawang owah gingsire kahanan

sanyatane reged lan resik raga

mung kabiji rikala sinawang ing netra

tanpa nate tinimbang nganggo weninge kaca rasa

mulane aja pada kaget rikala nyekseni

sesawangan kang gawe trenyuhe ati

dadi kekembangane wengi

samangsa dolana menyang pesisir

kanggo nguntabake wengi nganti wancine lingsir

saengga bisa kok sawang prau-prau kang lelayaran

ngadhepi kridhaning ombak panguripan

saka dheweke bisa kok jupuk piwulangan

ngenani kepriye carane memitran

kanggo nyirep pepinginan memungsuhan

rasakna kanthi weninge rasa

tanah wutah getih iki ora ana bedane klawan baita

sing lelayaran ing tengahe samudra

dene aku lan slirane iki mung dadi penumpange

mula supaya bisa slamet tekan papan tujuan

aku lan slirane

kudu nglereni anggene cecongkrahan

coba sawangen kayu sing kok pidak kuwi

dheweke nduweni pangaji merga gelem nyawiji

saka nyawijine kayu kuwi klawan kayu liyane

kasil kacipta baita kang migunani kanggo awake dhewe

upama wae dheweke tetep kukuh madeg dhewe

merga rumangsa luwih becik tinimbang liyane

mesthine dheweke bakal ajur kalane

ngadhepi ombak wingi sore kae

sawise nyawang kasunyatan kaya mangkono kuwi

apa sing bakal kok tindakake?

Halaman:

Advertisement