70 Contoh Kalimat Krama Alus beserta Artinya dalam Bahasa Indonesia
Penasaran dan ingin belajar kalimat krama alus dengan baik dan benar? Yuk, pelajari contoh-contohnya di artikel berikut!
Contoh Kalimat Krama Alus 21 – 30
- Kandhutanipun Mbak Lina sampun ngancik sekawan wulan. (Kandungan Mbak Lina sudah memasuki bulan keempat.)
- Menawi wonten tumindak kula wonten ingkang damel manah panjenengan cuwa, kula nyuwun pangaksama. (Jika ada tindakanku yang menyakiti hatimu, saya minta maaf.)
- Sinten ingkang ngasta oleh-oleh srabi punika? (Siapa yang membawa oleh-oleh serabi ini?)
- Samenika panjenengan ngasta dhateng pundi? (Sekarang kamu bekerja di mana?)
- Sinten ingkang sampun nyambut buku kula ingkang asesirah Singkar punika? (Siapa yang meminjam bukuku yang berjudul Singkar itu?)
- Bapak lan ibu bingah sanget wanci mireng pawarta Mbak Suci sampun hanggarbini. (Bapak dan ibu senang sekali ketika mendengar kabar Mbak Suci sudah hamil.)
- Kula badhe nyuwun pirsa, dalemipun Mas Anang punika wonten pundi nggih? (Saya ingin bertanya, rumah Mas Anang itu di mana?)
- Menawi panjenengan kersa, kula aturi panjenengan mundhut setunggal. (Jika anda berkenan, kamu saya ijinkan mengambil satu.)
- Sampun dalu, sumangga kula aturi kagem sare rumiyin. (Sudah malam, mari saya persilakan untuk tidur terlebih dulu.)
- Sinten priyantun ingkang ngagem rasukan werni cemeng punika? (Siapakah orang yang memakai pakaian berwarna hitam itu?)
Contoh Kalimat Krama Alus 31 – 40
- Ibu nembe mawon matur menawi badhe tilik putranipun ingkang wonten Madiun. (Ibu baru saja berkata akan mengunjungi putranya yang ada di Madiun.)
- Kados pripun pawartosipun sedherek kula ingkang wonten Yogyakarta? (Bagaimana kabar saudara saya yang ada di Yogyakarta?)
- Samenika bapak taksih dereng kondur saking kantor. (Saat ini bapak masih belum pulang dari kantor.)
- Unjukanipun taksih benter. (Minumannya masih panas.)
- Badhe dhateng pundi malih kok kesesa sanget? (Mau kemana kok terburu-buru sekali?)
- Antawis jam tiga sonten Pak Nurman kapundhut. (Sekitar jam tiga sore Pak Nurman meninggal dunia.)
- Nyuwun sewu, kados pripun ingkang panjenengan kersakaken? (Permisi, mau kamu itu bagaimana?)
- Menapa dereng cekap anggenipun panjenengan paring pasiksan tumrap rayi kula? (Apakah belum cukup siksaan yang kamu berikan terhadap adik saya?)
- Sampun dangu anggenipun kula nandang kapang kaliyan panjenengan. (Sudah lama aku merindukanmu.)
- Menapa panjenengan sampun mireng pawartos punika? (Apakah kamu sudah mendengar kabar ini?)
Contoh Kalimat Krama Alus 41 – 50
- Cobi panjenengan jlentrehaken babagan punika! (Coba kamu jelaskan masalah ini!)
- Pak Warsito sadeyan klapa dhateng peken. (Pak Warsito jualan kelapa di pasar.)
- Kedah dhateng pundi malih anggen kula madosi tindakipun Bu Tarno. (Harus ke mana lagi aku harus mencari perginya Bu Tarno?)
- Dinten menika Bu Ningsih boten saged rawuh amargi madharanipun gerah. (Hari ini Bu Ningsih tidak bisa masuk karena perutnya sakit.)
- Kula ngaturaken matur nuwun amargi panjenengan kersa paring pambiyantu tumrap kaluwarga kula. (Saya berterima kasih karena kamu sudah berkenan membantu keluarga saya.)
- Kula badhe nyuwun pamit rumiyin. (Saya akan ijin pulang terlebih dulu.)
- Ibu nembe maos ariwarti wonten teras ngajeng. (Ibu sedang membaca koran harian di teras depan.)
- Pak Marni dereng saged sowan ngriki amargi taksih gerah. (Pak Marni belum bisa ke sini karena masih sakit.)
- Ibu mundhut kurma nalika ziarah dhateng pasareyanipun Sunan Ampel. (Ibu membeli kurma saat ziarah ke makam Sunan Ampel.)
- Ibu nembe mawon ndamel madumangsa kagem suguhan riyadin. (Ibu baru saja membuat madumongso untuk suguhan hari raya.)
Contoh Kalimat Krama Alus 51 – 60
- Saben enjing bapak maos koran rumiyin saderengipun budhal dhateng kantor. (Setiap pagi bapak membaca koran terlebih dulu sebelum berangkat ke kantor.)
- Ibu taksih dereng dhahar amargi adhik kula boten purun tilem. (Ibu belum makan karena adik saya belum mau tidur.)
- Ibu mundhut lisah tigang liter dhateng peken. (Ibu membeli minyak tiga liter di pasar.)
- Riyadin sampun kirang tigang dinten, nanging bapak taksih dereng mundhut rasukan enggal. (Lebaran sudah kurang tiga hari, tetapi bapak masih belum beli baju baru.)
- Kaleresan menawi panjenengan kersa tindak dhateng dalemipun Mbah Said. (Kebetulan kalau anda berkenan berkunjung ke rumah Mbah Said.)
- Ketawisipun panjenengan nembe nandang perkawis ingkang awrat sanget? (Kelihatannya anda sedang mendapatkan masalah yang sangat berat sekali?)
- Ibu kagungan pangajab murih para putranipun kedah kagungan tumindak ingkang becik. (Ibu memiliki keinginan agar anaknya memiliki perilaku yang baik.)
- Panjenengan ingkang nyekseni menawi kula boten nate micara kados mekaten. (Anda yang menyaksikan kalau saya tidak bicara seperti itu.)
- Rikmanipun Abas dipuncet werni abrit. (Rambutnya abas dicat warna merah.)
- Sampun ngantos kesupen benjing riyadin panjenengan kedah sowan dhateng dalemipun simbah. (Jangan sampai lupa lebaran nanti anda harus berkunjung ke rumahnya simbah.)
Halaman:



