Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus yang Baik dan Benar
Jika kamu sedang mencari contoh kalimat pembuka pidato bahasa Jawa halus yang baik, temukan di artikel berikut.
Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Sunatan/Khitan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawilujengan, rohmat, saha barokahipun Pangeran ingkang Mahakuwaos mugi tansah tumedhak saha kasarira kita sedaya ingkang sami rawuh ing (siyang, dalu) menika.
Alhamdulillaah wa syukurillaah wa nikmatillaah, la haula walaa quwatta illa billah. Washshalaatu wassalaamu’alaa asrofil ambya’i wal mursalin.
Asyhadu alla ilaha ilallooh wa asyhadu anna Muhammadar ‘abduhu wa rosuuluhu.
Para rawuh, para piisepuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni. Para tamu ingkang bagya mulya, dalah para ingkang sawi rawuh kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Advertisement
Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Lelayu
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
(Mawi Pambuka BASA ARAB)
Inna lillaahi wa inna ilaihi roji’un; bilih sedaya titah menika asalipun saking Allah SWT., lan badhe tinimbalan marak sowan wonten ngarsanipun Allah SWT.
Upacara suci adat Jawi pametak / pangruktinipun layon swargi Bp./Ibu/Sdr./eyang. ingkang sampun tinimbalan sowan wonten ngarsanipun Allah SWT., kalawan dalu tabuh jalaran gerah sepuh utawi nandhang gerah sawetawis wekdal, kanthi yuswa….tahun.
Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Pengajian
Bismillaahirrohmaanirrohim
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillah, alhamdulillahi rabbil ‘alamin, wash sholaatu wasalaamu’ala asrofil ambiyai wal mursalin, wa ala aalihi wa shahbihi ajmain.
Asyhadu alla ilahailallah wa asyhadu annaa muhammadar ‘abduhu wa rasuuluhu.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang sami luhuring budi lan ingkang tansah kula bekteni, Bapak Ustad, para alim ulama minangka pandam pandoning dumadi, ingkang tansah sumandhing kitab suci, wahyuning Ilahi.
Ingkang tansah nengenaken saha angajak dhumateng tumindak kautaman saha tansah nyelak dhumateng Pangeran, muslimin wal muslimat, saha sedaya para ingkang sami rawuh rohimakumulloh saha ingkang tansah kula bekteni.
Minangka pambukaning atur, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa Dalem Allah S.w.t.
Dene ing wekdal menika (siyang, dalu) kita tansah pinaringan kesarasan, kekiyatan sami saged rawuh wonten masjid ingkang saperlu sami tholabul ngilmi ing menika.
Raos syukur ingkang pengaosan sakelangkung ageng jalaran kita sedaya sampun pinaringan hidayah Iman, Islam lan Ihsan.
Shalawat lan salam kita aturaken wonten ngarsanipun junjungan nabi agung Muhammad Rosulullah SAW, ingkang sampun marisaken dinul Islam, agami Islam mulia raya, kanthi kita pinaringan tetilarad Al Qur’an dan Al Hadist.
Menawi kekalih gegebengan menika tansah kita tindakaken lan dipunamalaken kanthi temen-temen, tumemo, tumemenan lan istiqomah.