Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus yang Baik dan Benar

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus yang Baik dan Benar – Bahasa Jawa Halus merupakan salah satu ragam bahasa Jawa yang sering digunakan penutur saat berbicara kepada orang yang lebih tua atau mereka yang lebih dihormati karena kedudukan sosialnya.

Selain dilestarikan sebagai alat komunikasi, bahasa Jawa halus juga dilestarikan dengan cara digunakan pada saat berpidato.

Dalam artikel ini, Mamikos akan membahas tentang pidato bahasa Jawa halus yang bisa kamu pelajari dan dijadikan acuan. Yuk, simak!

Pidato Berbahasa Jawa Halus

Getty Images Pro/Manjurul

Biasanya, pidato yang disampaikan dengan memakai bahasa Jawa halus ini adalah upacara adat atau acara yang pesertanya orang-orang yang sudah berusia lanjut.

Penggunaan bahasa Jawa halus dalam pidato ini adalah untuk menghormati para tamu undangan yang usianya lebih tua dibanding orang yang sedang pidato.

Nah, supaya pidato kamu bisa lebih keren dan menarik, yuk intip contoh pembuka pidato bahasa Jawa Halus yang baik dan benar di bawah ini.

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus

Di bawah ini adalah contoh kalimat pembuka pidato Bahasa Jawa halus yang bisa kamu jadikan referensi.

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Aqiqah

Bismillahirrohmaanirrohiim
Assalaamu’alaikum wr. wb.

Kawilujengan, berkah, saha rahamatiipun Gusti Allah, mugia tansah kasarira lan tumedhak tumrap kita sedaya. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin

Asyhadualla ila ha illalloh wa asyhadu anna Muhammadarrosululloh

Para sesepuh, para pinisepuh kakung putri ingkang kula bekteni, para sarjana sujaneng budi ingkang luhur ing budi.

Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang bagya mulya; dalah para tamu sinedhahan ingkang kebak ing kabagyan.

Minangka pambukaning titilaksana/ adicara, mangga kita sedaya ansah hangonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten garsa dalem Allah SWT.

Dene ing wekdal (siyang, sonten, dalu) menika kita tansah pinaringan kesarasan, kekiyatan, sami saged rawuh wonten dalemipun Bapak saha Ibu…..

Ingkang ing wekdal menika ngawontenaken tasyakuran amargi putranipun ingkang nami…… sampun katampi dados dhosen PNS wonten pawiyatan…….

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Sunatan/Khitan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawilujengan, rohmat, saha barokahipun Pangeran ingkang Mahakuwaos mugi tansah tumedhak saha kasarira kita sedaya ingkang sami rawuh ing (siyang, dalu) menika.

Alhamdulillaah wa syukurillaah wa nikmatillaah, la haula walaa quwatta illa billah. Washshalaatu wassalaamu’alaa asrofil ambya’i wal mursalin.

Asyhadu alla ilaha ilallooh wa asyhadu anna Muhammadar ‘abduhu wa rosuuluhu.

Para rawuh, para piisepuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni. Para tamu ingkang bagya mulya, dalah para ingkang sawi rawuh kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Lelayu

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
(Mawi Pambuka BASA ARAB)

Inna lillaahi wa inna ilaihi roji’un; bilih sedaya titah menika asalipun saking Allah SWT., lan badhe tinimbalan marak sowan wonten ngarsanipun Allah SWT.

Upacara suci adat Jawi pametak / pangruktinipun layon swargi Bp./Ibu/Sdr./eyang. ingkang sampun tinimbalan sowan wonten ngarsanipun Allah SWT., kalawan dalu tabuh jalaran gerah sepuh utawi nandhang gerah sawetawis wekdal, kanthi yuswa….tahun.

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Pengajian

Bismillaahirrohmaanirrohim
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, alhamdulillahi rabbil ‘alamin, wash sholaatu wasalaamu’ala asrofil ambiyai wal mursalin, wa ala aalihi wa shahbihi ajmain.

Asyhadu alla ilahailallah wa asyhadu annaa muhammadar ‘abduhu wa rasuuluhu.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang sami luhuring budi lan ingkang tansah kula bekteni, Bapak Ustad, para alim ulama minangka pandam pandoning dumadi, ingkang tansah sumandhing kitab suci, wahyuning Ilahi.

Ingkang tansah nengenaken saha angajak dhumateng tumindak kautaman saha tansah nyelak dhumateng Pangeran, muslimin wal muslimat, saha sedaya para ingkang sami rawuh rohimakumulloh saha ingkang tansah kula bekteni.

Minangka pambukaning atur, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa Dalem Allah S.w.t.

Dene ing wekdal menika (siyang, dalu) kita tansah pinaringan kesarasan, kekiyatan sami saged rawuh wonten masjid ingkang saperlu sami tholabul ngilmi ing menika.

Raos syukur ingkang pengaosan sakelangkung ageng jalaran kita sedaya sampun pinaringan hidayah Iman, Islam lan Ihsan.

Shalawat lan salam kita aturaken wonten ngarsanipun junjungan nabi agung Muhammad Rosulullah SAW, ingkang sampun marisaken dinul Islam, agami Islam mulia raya, kanthi kita pinaringan tetilarad Al Qur’an dan Al Hadist.

Menawi kekalih gegebengan menika tansah kita tindakaken lan dipunamalaken kanthi temen-temen, tumemo, tumemenan lan istiqomah.

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Berangkat Haji

Bismillahirrahmanirrahim

Assalammualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh

Alhamdulillah alhamdulillah wa syukurillah wa nikmatillah la haula walaa quwata illa billah.

Ashadualla ilaaha ilallah wa asyhadu anna Muhammadar abduhu wa rasuluuhu.

Para sesepuh, pinisepuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni, para alim ulama ingkang luhur ing budi saha ingkang tansah nengenaken tumindak kautaman sarta tansah sumandhing kitab suci.

Para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya, saha para ingkang sami rawuh kakung putri ingkang binektenan.

Minangka pambukaning adicara, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT.

Gusti ingkang Mahakuwaos; dene ing wekdal (siyang, dalu) menika sami saged rawuh wonten (dalemipun Bapak saha Ibu…) kanthi wilujeng.

Sholawat dalah salam tansah kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW ingkang tumurun wonten jagad raya menika minangka rahmatan lil alamin, anjagi ayem tentrem saha berkahipun alam semesta, lan ing alam akhirat badhe paring syafaat utawi pitulungan rikalanipun yaumul hisab.

Ingkang sampun marisaken Al Qur’an saha Al Hadits, menawi kalih tetilaran gegebengan menika tansah kita ugemi lan dipunamalaken kanthi temen, temen-temen, tumemen, temenanan, saha istiqomah saged anjalari gesang kita bahagia fidunnya wal akhirah … Amien.

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus Kumpulan RT/RW

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
(Saged katambah mawi BASA ARAB)

Sugeng dalu, mugi karaharjan, rahmat, hidayah, saha berkahipun Allah SWT. mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya.

Pangarsa inggih ketua RW/ RT ingkang kula bekteni, para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi, saha sedaya warga RW/RT……. ingkang bagya mulya.

Minangka pambukaning lampah, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT., Pangeran Ingkang Mahakuwaos.

Dene ing (siyang, dalu) menika kita sedaya sami saged rawuh makempal wonten dalemipun Bapak saha Ibu….. kanthi gentosan, kanthi tansah amanggih kesarasan lan kawilujengan ingkang saperlu silaturahmi, arisan warga, saha sami angraketaken kekadangan antawisipun warga RW/ RT……

Ibu-Ibu, Bapak-Bapak dalah sedaya warga RW/RT ingkang tansah guyub rukun saha daya dinayan, bilih saben sewulan sepisan kaleres surya utawi tanggal …., utawi selapan sepisan, saben dinten malem Jum’at Kliwon / Selasa Kliwon, kita sami ngawontenaken pepanggihan saha arisan warga RW/RT

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Halal Bihalal

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawilujengan, karaharjan, rahmat, saha berkahipun Allah SWT mugi tansah tumendhak lan kasarira kita sedaya. “Minal ‘aaidiin wal faaidziin”, sugeng riyadi, sugeng lebaran nyuwun pangapunten sedaya kalepatan.

Ingkang kula khurmati

Bapak Mubaligh, Al Ustad K.H. ….. ingkang bekteni, Bapak Lurah dalah sedaya pamongipun ingkang tansah dados tetuladhanipun bebrayan, pangarsa RW.. saha RT… ingkang sami luhur ing budi.

Para sesepuh para pinisepuh kakung miwah putri utameng budi lan ingkang tansah kula bekteni, sedaya warga RW…/RT ingkang bagya mulya, sarta adhik-adhik ingkang kula tresnani.

Minangka pambukaning pepanggihan halal bi halal ing dalu menika mangga kita sedaya tansah memuji wonten ngarsanipun Allah SWT.

Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, dene ing dalu menika kita sedaya sami saged rawuh wonten ing bale kalurahan utawi dalemipun Bapak/Ibu ingkang saperlu sami silaturahmi, halal bi halal, apura ingapura antawisipun para warga RT…/RW….

Shalawat saha salam tansah kita aturaken konjuk Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW, minangka rohmatan lil alamin saha sampun nilaraken utawi marisaken agami Islam dhumateng kita sedaya, kanthi gegebengan kalih prekawis inggih menika Al Qur’an saha Al Hadis.

Menawi kekalih gegebengan menika tansah kita tindakaken kanthi temen, temen-temen lan tumemen, insya Allah gesang kita saged bagya mulya wonten ngalam donya dumuginipun alam delahan Amiin.

Penutup

Demikian contoh pembuka pidato bahasa Jawa Halus untuk berbagai acara. Semoga artikel ini bermanfaat bagi yang membutuhkan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta