Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus yang Baik dan Benar

Jika kamu sedang mencari contoh kalimat pembuka pidato bahasa Jawa halus yang baik, temukan di artikel berikut.

28 Januari 2024 Zuly Kristanto

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus untuk Berangkat Haji

Bismillahirrahmanirrahim

Assalammualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh

Alhamdulillah alhamdulillah wa syukurillah wa nikmatillah la haula walaa quwata illa billah.

Ashadualla ilaaha ilallah wa asyhadu anna Muhammadar abduhu wa rasuluuhu.

Para sesepuh, pinisepuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni, para alim ulama ingkang luhur ing budi saha ingkang tansah nengenaken tumindak kautaman sarta tansah sumandhing kitab suci.

Para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya, saha para ingkang sami rawuh kakung putri ingkang binektenan.

Minangka pambukaning adicara, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT.

Gusti ingkang Mahakuwaos; dene ing wekdal (siyang, dalu) menika sami saged rawuh wonten (dalemipun Bapak saha Ibu…) kanthi wilujeng.

Sholawat dalah salam tansah kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW ingkang tumurun wonten jagad raya menika minangka rahmatan lil alamin, anjagi ayem tentrem saha berkahipun alam semesta, lan ing alam akhirat badhe paring syafaat utawi pitulungan rikalanipun yaumul hisab.

Ingkang sampun marisaken Al Qur’an saha Al Hadits, menawi kalih tetilaran gegebengan menika tansah kita ugemi lan dipunamalaken kanthi temen, temen-temen, tumemen, temenanan, saha istiqomah saged anjalari gesang kita bahagia fidunnya wal akhirah … Amien.

Contoh Kalimat Pembuka Pidato Bahasa Jawa Halus Kumpulan RT/RW

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
(Saged katambah mawi BASA ARAB)

Sugeng dalu, mugi karaharjan, rahmat, hidayah, saha berkahipun Allah SWT. mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya.

Pangarsa inggih ketua RW/ RT ingkang kula bekteni, para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi, saha sedaya warga RW/RT……. ingkang bagya mulya.

Minangka pambukaning lampah, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT., Pangeran Ingkang Mahakuwaos.

Dene ing (siyang, dalu) menika kita sedaya sami saged rawuh makempal wonten dalemipun Bapak saha Ibu….. kanthi gentosan, kanthi tansah amanggih kesarasan lan kawilujengan ingkang saperlu silaturahmi, arisan warga, saha sami angraketaken kekadangan antawisipun warga RW/ RT……

Ibu-Ibu, Bapak-Bapak dalah sedaya warga RW/RT ingkang tansah guyub rukun saha daya dinayan, bilih saben sewulan sepisan kaleres surya utawi tanggal …., utawi selapan sepisan, saben dinten malem Jum’at Kliwon / Selasa Kliwon, kita sami ngawontenaken pepanggihan saha arisan warga RW/RT

Close