Advertisement
Source : Getty Images Pro/jittawit.21

5 Contoh Khutbah Idulfitri Bahasa Jawa 2026 Singkat, Padat, dan Mengharukan

Apakah kamu sedang membutuhkan contoh khutbah untuk Idulfitri 2026 yang menggunakan bahasa Jawa? Yuk, temukan contohnya di sini!

6 Maret 2026 Zuly Kristanto

Contoh 2 Khutbah Idulfitri 2026

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
(Diwiwiti kanthi maos Takbir, Tahmid, Syahadat kados padatanipun)

Sepisan, sumangga kita sesarengan ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah Swt. Awit saking kanugrahan nikmat, kawilujengan, sarta kiyatipun iman, saking panjenengan-E kita sedaya saged ngrampungaken ibadah siyam Ramadan sarta saged kepanggih malih kaliyan riyaya Idulfitri.

Mugi-mugi Gusti Allah kersa nampi sedaya amal ibadah ingkang samp kita tindakaken sadangunipun wulan siyam., saengga kita saged kagolong dados umat ingkang saged nggayuh kemenangan.

Para jamaah ingkang minulya,
Sejatosipun Idulfitri punika boten namung dinten dinten riyaya ingkang isinipun kagem suka-pari-suka, nanging kedahipun wekdal punika saged dados momentum ingkang trep kagem nyuwun sarta andum pangapura tumrap sapadhaning manungsa.

Kita kedah emut lamun kita wonten jagad menika klebet umat ingkang limrah. Pramila sedaya titah wonten alam padhang punika nate ndamel cuwa utawi gelaning sapadha.

Nuwuhaken cuwa utawi gela dhateng manungsa punika sejatosipun klebet salah satunggiling dosa ingkang boten saged ical senaosa dipun sranani ngagem sodaqoh, infaq, utawi rapalan donga-donga tartamtu.

Satunggiling cara supados dosa punika saged luntur sarta ical namung kanthi nyuwun pangaksama dhumateng tiyang ingkang sampun kita larani utawi kita damel cuwa manahipun.

Kita kedah emut lamun gesang kita wonten alam donya punika namung sekedhap, pramila menika wekdal ingkang sae kagem ngicalaken sedaya luput kanthi nyuwun sarta paring pangaksama.

Sedherek kedah ngertos menawi sinten kemawon ingkang kersa nyambut tali silaturahmi bakal ngundang duginipun kasaenan dhumateng gesange wiwit saking rejeki ingkang mbruwah sarta yuswa ingkang barokah.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

5 Contoh Kultum Singkat tentang Sombong dan Rendah Hati yang Menarik

Contoh 3 Khutbah Idulfitri 2026

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Puji sokur konjuk dhumateng Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun nyucikaken jiwa kita lumantar ibadah ing wulan Ramadhan, saengga dinten menika kita saged ngraosaken kemenangan ing dinten ingkang suci punika.

Shalawat sarta salam mugia tansah katujokaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, panutan ingkang gadhah samudraning pangapunten ingkang tanpa winates.

Jamaah shalat Idulfitri ingkang kinurmatan,
Wonten ing wekdal punika, sumangga kita ruruhaken manah kagem nambahi raos takwa dhumateng ngarsa Dalem Gusti Allah. Mugi-mugi ing dinten ingkang suci menika, kita kalebet golonganipun tiyang ingkang nampi lubèring rahmat saking Allah SWT.

Para jamaah wiwit dalu dumugi saniki lathi kita mboten kendat anggene ngucapaken takbir, nanging saénipun manah kita ugi tumut “reresik”.

Idulfitri menika sanès namung dinten pahargyan, nanging dinten kagem ngrubuhaken raos kumalungkung (ego). Sasampunipun kita saged nahan luwé lan ngelak sewulan muput, sapunika titi wancinipun kita nilaraken sipat dendam ingkang ngeridu batin.

Kados dene dhawuhipun Allah SWT salebetipun QS Al-A’raf:199 ingkang artinipun Dadia wong kang paring pangapura, perintaha marang perkara kang ma’ruf, lan sumingkira saka wong-wong kang bodho.
Jamaah ingkang minulya.

Sipat paring pangapura (pemaaf) menika sanès titikanipun tiyang ingkang apes utawi asor utawa kalah. Kosok wangsulipun, paring pangapura menika nggambaraken jiwa ingkang mardika lan jembar dhadhanipun.

Kanthi paring pangapura dhumateng sanès, kita saestu nembe nguwalaken dhiri kita piyambak saking kunjara raos sengit lan gething.

Mumpung taksih wonten wekdal ing dinten ingkang suci punika, sumangga kita rakteaken malih sesambungan ingkang nate pedhot, kita dandanani malih paseduluran ingkang nate rengka, sarta kita rangkul malih sanak kadang saha kanca-kanca ing salebeting raos ukhuwah Islamiyah.

Wassalamulaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Halaman:

Advertisement