Advertisement
Source : Getty Images Pro/jittawit.21

5 Contoh Khutbah Idulfitri Bahasa Jawa 2026 Singkat, Padat, dan Mengharukan

Apakah kamu sedang membutuhkan contoh khutbah untuk Idulfitri 2026 yang menggunakan bahasa Jawa? Yuk, temukan contohnya di sini!

6 Maret 2026 Zuly Kristanto

Contoh 4 Khutbah Idulfitri 2026

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Sepisan, sumangga kita sesarengan ngonjukaken raos puji dokur dhumateng Gusti Allah SWT. Awit saking kanugrahan-Ipun, kita taksih saged kempal ing dinten kamenangan menika kanthi kawontenan ingkang sae boten kirang setunggal punapa.

Shalawat ugi salam mugia tansah katujokaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sapangatipun kita rantos ing dinten pungkasan mbenjing.

Jamaah ingkang dipun rahmati Allah,
Maknanipun Idulfitri menika mboten namung bali dhumateng kahanan ingkang suci kanthi nindakaken pasa sewulan laminipun.

Dosa ugi kalepatan ingkang saged dipun resiki lumantar pasa punika inggih dosa kita klawan Allah Ta’ala.
Pramila dosa kita klawan sapadhaning manungsa namung saged diresiki kanthi nyuwun pangaksama dhumateng tiyang sanes.

Ing perangan sanes, wekdal riyaya fitri kados dinten punika sejatose ugi dados latihan pripun caranipun kita dados manungsa.

Dinten punika kita bali ajar pripun supados manah kita kersa myuwun pangaksama, sarta kersa paring pangaksama dhumateng tiyang sanes.

Kita bakal saged ngraosaken kemenangan ingkang sejati lamun kita saged pikantuk pangaksama sarta kersa paring pangaksama.

Perkawis kalih punika ketawise prasaja nanging boten kathah tiyang ingkang saged nglampahi awit taksih wonten raos ujub dhateng manahe.

Mugia kita sanes klebet golongan tiyang ingkang kalah ing wekdhal kebak kemenangan kados niki mergi ngraos paling resik ugi paling suci tinimbang tiyang sanes, naudzubillah mindzalik.

Para jamaah ingkang minulya,
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten lepat kula nyuwun agunging pangaksama dhumateng panjenengan sedaya.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

5+ Contoh Ceramah Singkat tentang Puasa Ramadan beserta Dalilnya

Contoh 5 Khutbah Idulfitri 2026

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Jamaah Idulfitri ingkang dipun rahmati Allah,
Sepisan, sumangga kita sesarengan ngonjukaken raos dhumateng ngaipun Gusti Allah SWT, awit saking kanugrahan saking panjenengan-E kita taksih saged kempal ing papan ngriki tanpa kirang setunggal punapa sarta kanthi sehat.

Kaping kalihipun shalawat ugi salam mugia tansah katur dhumateng Kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita rantos wonten dinten kiyamat mangke.

Sedherek kula ingkang minulya, salebeting dinten ingkang kebak kabagyan menika, sumangga kita sesarengan ningkataken taqwa dhumateng Gusti Allah kanthi nindakaken dhawuhipun sarta nebihi sedaya awisanipun.

Taqwa tegesipun tundhuk dhumateng aturanipun Allah kados ingkang dipun-pertelakaken dening Kanjeng Nabi.

Jamaah ingkang dipunmulyakaken Gusti Allah,
Dinten riyadin menika minangka syiar Islam kagem nggulawenthah kerukunan sarta kekompakan umat. Kita kedah saged ngrumangsani sedaya kaluputan lan introspeksi dhiri, amargi jaman sakmenika kathah tiyang ingkang gampil adu-adu lan guneman ala ingkang saged ngrusak paseduluran.

Pramila, cara ingkang paling saé kagem ngadhepi tantangan menika nggih menika kanthi ngiyataken tali silaturahmi.

Gusti Allah lan Rasulullah ngajab supados kita njaga kerukunan lan nebihi persulayan. Menawi wonten prabeda panemmu, mangga pados titik samine, sanes pados salahe.

Kerukunan menika kedah dipun-wiwiti saking dhiri pribadi, lajeng dipun-tuladhani dhumateng putra wayah kanthi sabar lan akhlakul karimah.

Dinten riyadin menika sanes kagem pamer bandha donya utawi ageman enggal, nanging kagem ningkataken raos taqwa. Mangga kita dadosaken kalodhangan punika kagem sowan dhumateng tiyang sepuh, sedherek, lan tanggi tepalih kagem nyuwun pangaksama.

Minangka pamungkas, mangga kita tumungkul sekedhap, nyuwun dhumateng Gusti Allah mugi-mugi amal ibadah kita ing wulan Ramadhan dipun-tampi lan kita tansah pinaringan hidayah kagem njaga kerukunan.

Mugi-mugi Gusti Allah maringi kita sedaya kanugrahan lan ndadosaken kita sedaya paseduluran ingkang mbarokahi donya lan akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Semoga contoh khutbah Idulfitri bahasa Jawa 2026 ini bisa memberikan manfaat bagi kamu yang sedang membutuhkannya. 🕌🕋

Referensi:


Halaman:

Advertisement