Advertisement
Source : wikimedia.org

Kumpulan Contoh Naskah Cerita Ludruk Jawa Timur Singkat dan Lucu

Jika kamu sedang mencari contoh naskah cerita ludruk singkat yang lucu, maka pada artikel ini kamu akan menemukan jawabannya.

1 Januari 2024 Zuly Kristanto

(Kemudian Budi mengambil satu batang dan mulai membakarnya)

Parjo

Ya apa? Enak?

Budi

Enak gundhulmu iku. Rokoke rasane dadi ora ngalor ora ngidul.

Parjo

Sing temenan ta?

Budi

Koen gak percaya? Iki jajalen dhewe!

Parjo

Hlo kok bisa ngene rasane. Iki sing kliru mesthi cethene. Iki kopimu tukune ndok ngendi Jo?

Budi

Aku gak duwe kopi

Parjo

Hla iki? Iki dudu gelas kopi tilasmu ta?

Budi

Sik…sik….. Jupukmu ndok ngendi?

Parjo

Ndek meja kerjamu…

Budi

Oo… arek edan iku dudu kopi. Nanging mangsi…

Parjo

Koen iku sing edan. Mangsi kok diwadhahi gelas…

Budi

Ya salahe ora takon sik…

Parjo

Mangkane rokoke aneh. Sing tak gawe nyethe jebule dudu kopi nanging mangsi.

15 Contoh Teater Rakyat Dilengkapi Pengertian, Ciri-Ciri dan Fungsinya

Contoh Naskah Cerita Ludruk 3

Pak Lukito

Eh..eh…iki ana apa kok rame banget

Sisri

Iku lho pak Blantik sapine nakal

Pak Lukito

Lho…lho blantik sapine kuwi aku

Sisri

Lho lha iku sapa..??

Pak Lukito

Oalah iku anak buahku, iki Tarno….iki Parto

Sisri

Pantes rai-raine kaya sapi

Tarno

He..he aja ngenyek, saiki lho deloken raimu dhisik, iku wedhak ta tepung terigu

Sisri

Ora mas iki ngono kapur barus, ya wedhak ta mas. Iki lho merk terkenal

Parto

Iya merk terkenal. Pabrike mbahmu ya……

Pak Lukito

Wis-wis sido tuku sapi ta gak

Sisri

Lha rega sapine pira lho……

Pak Lukito

Sapi sing endi. Gedhe, cilik, sedengan, mati, urip utawa sing kejet-kejet…..

Sisri

Lho kok ana sing kejet-kejet…iku kenek apa pak..??

Parto

Oalah….iku ngono merga ndelok raimu, sapiku kaget langsung kejet-kejet………

Sisri

Wis-wis aku iki arep golek sapi sing gagah, gedhe, lan dhuwur

Tarno

Wah titik akeh ki mesthi ngilokno aku…….wis-wis ndang mulih

Pak Lukito

Ya wis ki ana sapine tapi regane larang…

Sisri

Halah larang pira, paling ya gak sampek ngedol omah

Tarno

Iya nek omahmu kok dol merga mbelani sapi, siap-siap ae turu kelon karo sapi

Sisri

Lho ngenyek omahku lho pitu, mobilku 18, asuku 20

Parto

 : ( nyaut ) munyuke 21 karo awakmu

Sisri

Hee…cangkemu..rai-rai kaya sapi ae

(bersambung)

Halaman:

Advertisement