Advertisement
Source : bknpdiperjuangan.id

15 Contoh Sinopsis Cerita Rakyat Bahasa Jawa Singkat 2 Paragraf Berbagai Legenda

Berikut ini adalah contoh sinopsis cerita rakyat bahasa Jawa singkat 2 paragraf. Perhatikan dengan sungguh-sungguh, ya!

14 Desember 2025 Zuly Kristanto

5. Contoh Sinopsis Cerita Rakyat Bahasa Jawa Prabu Angling Darma

Merga nandang sungkawa sawise ditinggal pati Obong sisihane. Prabu Angling Darma ngumbara tekan Mirigambar. Wektu tekan Mirigambar Prabu Angling Darma weruh putri buta kang lagi mangan daging manungsa.Weruh kahanan kaya ngono, Prabu Angling Darma banjur njarahi putri buta mau.

Putri Buta sing rumangsa mangkel dijarahi banjur Prabu Angling Darma dadi mliwis putih. Putri Buta mau kandha yen Prabu Angling Darma bisa dadi manungsa sauger ana wanita kang gelem dadi sisihane Prabu Angling Darma. Kahanan iki kang ndadekake Prabu Angling Darma mabur tekan Bojonegoro.

Pengertian Puisi Rakyat, Unsur Kebahasaan, Ciri-ciri, dan Cara Mengidentifikasi

6. Contoh Sinopsis Cerita Rakyat Bahasa Jawa Rawa Pening

Ing sawijining dina ana sawijining bocah kang nantang kanca-kancane njabut sada kang ditancepake menyang lemah. Akeh sing nyoba nanging babar pisan ora ana sing kasil.

Si bocah banjur njabut sada mau. Eloke, sawise dibubut tilas sadane ngetokake sumber kang ora ana enteke. Wusanane sumber mau ndadekake desane kebanjiran. Lan papan kasebut saiki sinebut rawa pening.

7. Contoh Sinopsis Cerita Rakyat Bahasa Jawa Danau Toba

Sawijining dina Toba pikantuk iwak kang bisa malih dadi wanita kang ayu banget. Wanita kuwi banjur dirabi Toba kanthi syarat Toba ora kena ngundhat-undhat asal-usule wanita kasebut. Saka anggene rabi karo wanita kasebut Toba duwe anak kang dijenengi Samosir.

Ing sawijining dina Samosir diutus ngirim sega pake. Emane sega kuwi ora diterke ning malah dipangan karo kanca-kancane. Kahanan iki ndadekake Toba muntab lan ngilokake anake. Anake wadul ibune lan sanalika ibune nesu. Sawise kuwi dumadi udan kang ndadekake banjur gedhe. Wusanane desane toba dadi danau kang aran Danau Toba.

8. Contoh Sinopsis Cerita Rakyat Bahasa Jawa Gunung Nglanggeran

Jaman biyen gunung merapi iku dhuwure sundhul langit. Saben dina kethek sing manggon pucuk merapi bandhem-bandheman lintang. Kahanan iki ndadekake mangsa ora pesthi lan mesthi wae gawe nesune para dewa.

Saking nesune karo tumindake para kethek kang bandhem-bandheman lintang iki ndadekake para dewa ngethok gunung merapi. Kethokane gunung merapi dibuwang ngidul parane. Lan saiki kethokane gunung merapi iki sinebut gunung Nglanggeran.

9. Contoh Sinopsis Cerita Rakyat Bahasa Jawa Gunung Tangkuban Perahu

Kepincut karo ayune Dayang Sumbi, Sangkuriang pengin nglamar. Ning dheweke ora ngerti yen Dayang Sumbi iku ibune dhewe. Merga weruh sing nglamar anake dhewe, Dayang Sumbi menehi syarat sing ora gampang yaiku gawe danau lan prau sing kudu dadi sewengi.

Kegawa rasa tresna lan ora ngerti, Sangkuriang nyoba nuruti panjaluke Dayang Sumbi. Nanging usahane Sangkuriang digagalake Dayang Sumbi. Jalaran saking nesune merga usahane gagal. Prau sing meh dadi banjur didugang lan sawise tumiba malih dadi gunung.

10. Contoh Sinopsis Cerita Rakyat Bahasa Jawa Batu Menangis

Biyen ana sawijining ibu kang duwe anak wadon. Si anak tansah diuja karo ibune. apa wae penjaluke tansah dituruti. Senajan wong ora duwe, nanging si ibu tansah ngupaya maneka werna supaya panjaluke anake bisa keturutan.

Merga diuja teruis, panjaluke anake tansaya ora ndalan. Nganti sawijining dina si ibu wis ora bisa nuruti panjaluke anake. Merga nesu panjaluke ora dituruti. Anake ngundamana. Ibuke banjur lara ati lan nyabda anake dadi watu.

11. Contoh Sinopsis Cerita Rakyat Bahasa Jawa Timun Mas

Ana sawijining randha tuwa jenenge Mbok Sirni kang kepengin banget nduweni anak. Ing sawijining dina, Mbok Sirni ketemu karo Buto Ijo kang janji bakal menehi anak kanthi syarat yen bocah kasebut kudu diserahake nalika wis gedhe. Sawise sawatara wektu, Mbok Sirni bener-bener nduweni anak wadon kang ayu lan diwenehi jeneng Timun Mas. Bocah iku digedhekake kanthi kebak katresnan lan dadi bocah kang becik atine.

Nalika Timun Mas wis gedhe, Buto Ijo teka maneh kanggo njaluk janjine Mbok Sirni. Mbok Sirni kang wedi kelangan anak banjur njaluk pitulungan marang pertapa. Saka pertapa mau, Timun Mas diwenehi piranti gaib kanggo nylametake awake. Nalika Buto Ijo ngoyak Timun Mas, piranti-piranti mau digunakake siji-siji nganti pungkasane Buto Ijo bisa dikalahake. Timun Mas lan Mbok Sirni banjur urip tentrem lan bahagia, lan crita iki mulangake babagan keberanian, kecerdikan, lan katresnan wong tuwa marang anak.

Halaman:

Advertisement