17 Contoh Teks Geguritan Bahasa Jawa dan Strukturnya yang Baik dan Benar
Puisi yang ditulis dalam bahasa Jawa disebut dengan geguritan. Baca struktur hingga contoh teks geguritan bahasa Jawa dalam artikel ini.
Contoh 11
Judul: Arga Iki
Karya: Siswidiadi Ngesti N
Mataun-taun
Sira ngrusak geger lan awakku
Makaping-kaping
Landhepe bendho lan pacul
Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandur
Pokalmu mblandhong sapenak dhengkulβ¦
Lemah ijo wis malih gundhul
Tirta musna ing mangsa ketiga
Ninggal belik nalika paceklik
Jare wadhuk dadi alesan
Ora bakal ana rampunge
Nadyan donya pisan
Denuntal sakabehe
Yoh
Entenana
Yen tekan titi mangsa
Arga iki nagih prasetya
Contoh 12
Judul: Kidung Wengi
Karya: Hadi Pamungkas
Wengi wis lumingsir jero
Cahyane sang candra katon surem
Tumiyung mangulon mapag tekane gagat raina
Kahanan katon tintrim
Mung swarane jangkrik sesahutan ngumbar lelagon
Kala-kala jegoge asu sing mecah wengi
Jalma manungsa wus padha lerem ing pangimpen
Nepsu-nepsu panguripan uwal saka nala
Gumanti impen-impen kang endah mbuntel panjangka urip
Mung kemrosake manuk codhot nrusuk ing pang-pang wit pelem
ngluru woh-wohan nggo ngganjel weteng
Sakwuse sawengi natas ngancani sepining bawana
Swarane jago kluruk padha pamer swara
Minangka pratandha yen bagaskara bakal tumeka
Cahya warna abang rampak-rampak
Pratandha ngjak jalma miwiti makarya
Ngobahake raga
Ngudi rejeki ngluru pangupajiwa
Sakwuse madhep kiblat
Ing tengahing pedhut manjing subuh
Nyeyuwun nugrahaning kang Maha Rat
Contoh 13
Judul: Sendhang Tirta Panggesangan
Karya: S.Wignya Raharja
Kinclong, klimpah-klimpah, kumricik ilining toya
Pating sliri tawes, wader pari dalasan anggang-anggang
Sedaya memuji mring Hyang Widhi
Tanpa sih Paduka Gusti
Dados punapa awak mami?
Widodari kayangan sami lelumban
Tumurun madyaning sendhang
Jamas, reresik tan emut ing wanci
Kamanungsan si Tarub
Segering tirta sendhang dadya panjanging yuswa
Saiba bombong kula nyumurupi
Sesami titahing Gusti anjagi lestari
Punapa boten rumaos
Punapa sampun wuta tyasira
Kutu-kutu walang ataga sami sun cawisi
Kantho lelahanan tanpa nyulihi
Ngantos telas tan nyisa kula legawa
Nanging geneya?
Kori kula kasumpet aspal
Beton, ngantos nduwa margi kula
Kados pundi punika Gusti?
Nyingkur kawula, Gusti β¦
Sok sintena ingkang mireng pisambat kawula
Keparenga paring marga
Satemah boten namung kabuncang muspra
Kepara damel kasangsaran dhumateng manungsa
Kula kapang dados sendhang tirta panggesangan
Contoh 14
Judul: Endahe Alam
Karya: Arvie Diah Pratiwi
Yen mandheng alam iki
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Ati pun dadi sumringah lan bungah
Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan sing kuasa
Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange dunya iki
Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestariane
Tanpa ngilangake kaendahane
Contoh 15
Judul: Tresnaku-Tresnamu
Karya: Biyung Amie Williams
Rikala kori dakbukak byak
Kaya sinamber gelap lepat
Iki tenan apa ngimpi?
Sliramu jumeneng nyunggi katresnan
Panggah ora owah
Dinodhog rasa jroning dhadha
Meh wae aku kantaka.
Angenku daklarak ing pangumbaran
Telungpuluh loro warsa kepungkur
Kangmas,
Rasa tentrem rinengkuh ing astamu
Edhum nyawang sorot netramu
Aku katrem, aku kasmaran
Engga wektu jumangkah mlaku
Tresnaku-tresnamu dadi rangu
Kelindhes wektu
Daktantang daktanting ora maelu
Sansaya adoh lumayu
Tangeh anggonku bakal ngluru
Kangmas,
Tresnaku tresnamu ginubel wektu
Lawase padha paprentahan Orde Baru
Wis kukut, wis kemput
Nadyan nora bisa nyawiji
Nanging tresna aji lan suci, tresna sejati
Bakal dakrukti nganti tumekeng janji
Contoh 16
Judul: Sekolahku
Karya: Sri Lestari
Sekolahku cilik ana pinggir kali
Swara bocah ngguyu dadi gendhinging esuk
Papan tulis kebak aksara urip
Sing dakrangkai dadi impenan mangsa ngarep
Guru-guruku ora sugih banda
Nanging sugih sabar lan pangurbanan
Saben tembung dadi pepadhang
Ing dalan petenging kawruh
Sanajan tembok retak lan kursi wis lawas
Semangat ora nate gingsir
Saka kene aku sinau ngimpi
Lan sinau wani nguber gegayuhan urip
Contoh 17
Judul: Janji marang Ibu
Karya: Dwi Prasetya
Ibu,
Aku isih bocah sing kerep kliru
Kerep mbalela marang pituturmu
Nanging atiku ora nate adoh saka tresnamu
Tangismu kadhang tak rungokake meneng-meneng
Nalika aku turu kebak pangimpen
Kowe ndonga tanpa leren
Muga dalanku ora kesasar
Ibu,
Aku ora janji dadi wong paling sugih
Nanging aku janji dadi wong sing temen
Sing ngugemi ajaranmu nganti pungkasan uripku
Penutup
Nah, itulah informasi ringkas terkait contoh teks geguritan bahasa Jawa dan strukturnya yang bisa Mamikos bagikan.
Semoga informasi di atas bisa membantu kamu dalam memahami teks geguritan bahasa Jawa ya!
Jika kamu ingin mencari informasi lainnya, kamu bisa kunjungi situs Mamikos dan temukan informasinya di sana.
Halaman:

