Advertisement
Source : Getty Images Signature/lechatnoir

15 Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa beserta 5W + 1H yang Benar

Contoh teks pawarta bahasa Jawa berikut ini akan memudahkan kamu untuk mengerti maksudnya karena terdapat pertanyaan serta jawabannya.

1 Oktober 2025 Mamikos

4. Contoh Teks Pawarta yang Ada dalam Bahasa Jawa: Memaknai Pendidikan

Makna contoh teks pawarta singkat bahasa Jawa pamulangan luwih saka proses transfer kawruh saka guru menyang murid. Lan proses pencaian makna pamulangan sayekti iki kudu dilakoke saka kabeh elemen, klebu nglibatke warga masyarakat.

Pelibatan masyarakat iki sing gencar dilakoke Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemdikbud) neng ngisor komando Anies Baswedan.

Wakilan Koalisi Masyarakat Sipil kanggo Transformasi pamulangan (KMSTP), Citra ngaji, mandang pamulangan dadi gerakan bareng masyarakat wae isih durung cukup.”nanging luwih jero meneh kepriye awake dhewe nggoleki makna pendidikan kuwi dhewe.

Dadekne pamulangan dadi proses sing bisa nggerake manungsa, dudu wae prosedur sinau mulang,” ujar Citra, njero siji diskusi neng Kemdikbud, Jakarta, dina Kemis.

Amarga sifate dadi gerakan kuwi, tembung Citra, pamulangan bisa mbukak peluang masyarakat umum lan Kemdikbud lelinggihan ngrumusake pola paling becik kanggo negeri iki.

Hal kuwi diamini Sekretaris Jenderal Kemdikbud Suhardi. Miturut piyambake, tanggung Jawab pamulangan dudu mung neng pundhak pamerentah nanging uga nglibatke masyarakat.

“Kabisan anggaran uga kewates banget. Yen awake dhewe ora ngliibatke masyarakat, mula ora bisa nggayuh kwalitas pamulangan sing luweh becik,” gamblange.

Kemdikbud dhewe wis nglibatke publik ing jero macem-macem hal terkait pamulangan.

Neng antarane, mbukak peluang nglaporke macem-macem pelanggaran pamulangan sing dekne kabeh temoni. Contoh pawarta bahasa Jawa memaknai pendidikan.

Pitakon 5W + 1H Pawarta Basa Jawa:

  • Apa makna pendidikan miturut Kemdikbud lan masyarakat sipil? Pendidikan luwih saka transfer ilmu, nanging kudu dadi gerakan bebarengan kanggo nggoleki makna sejati.
  • Sapa sing ngandharake gagasan iki? Citra saka Koalisi Masyarakat Sipil Transformasi Pendidikan (KMSTP).
  • Ing pundi diskusi babagan pendidikan iki dianakake? Neng Kemdikbud, Jakarta.
  • Kapan diskusi kasebut kelakon? Ing dina Kemis.
  • Sapa sing nguatake pendapat kasebut saka pihak pemerintah? Suhardi, Sekretaris Jenderal Kemdikbud.
  • Kepiye cara masyarakat dilibatkan? Masyarakat diajak melu ngrumusake pola pendidikan lan laporan pelanggaran pendidikan.

5. Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa: Banjir

Wis adat saben, tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah – tengahing April, dibarengi karo pawarta – pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan, kayata banjir, lemah longsor, lan liyane.

Kang kelebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa.

Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang kelebu dhaerah Jawa Barat nganti pesisir isih wetan kang kelebu ing daerah Jawa Timur.

Ing sasi – sasi kaya ngene iki, ngancik sasi Juni nganti tekan Agustus, wis bisa dibedheg, inflasi luwih dhuwur tinimbang ing sasi – sasi sadurunge. Amarga ing sasi -sasi iki akeh warga masyarakat padha ngoyak butuh lan akeh ngetokake wragad.

Pitakon 5W + 1H Pawarta Basa Jawa:

  • Apa sing kedadeyan ing wiwitan taun? Banjir gedhe ing pesisir lor Jawa (Pantura).
  • Ing pundi banjir dumadi? Saka Jawa Barat nganti Jawa Timur ing wilayah pantura.
  • Kapan banjir iki asring kelakon? Nalika mangsa rendheng, Desember nganti April.
  • Sapa sing kena dampak paling akeh? Warga masyarakat ing wilayah pesisir lor Jawa.
  • Apa akibat liya nalika mangsa iki? Inflasi mundhak amarga kebutuhan masyarakat uga mundhak.
  • Kepiye masyarakat ngadhepi kondisi iki? Masyarakat kudu waspada lan nyiapake kebutuhan luwih akeh nalika musim udan.
Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan, Lingkungan, dan Kesehatan

7. Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa: Dalan Rusak

Dalan kabupaten saka wilayah kecamatan Sreseh tumeko kutha Sampang rusak lan podho growok, kendaraan roda 2 utawa roda 4 sing arep liwat ing dalan iku kudu ati-ati lan waspodo.

Sampek saiki dalan iku durung di dandani karo pemerintah daerah Sampang.

Saiful (25 taun) warga sing sering liwat dalan iku ngeluhkake bab dalan sing rusak iku,” sampek saiki isih rusak padahal dalan iku wes suwe rusak nanging durung di dandani”. Ucape Saiful wektu di temoni radar Jawa Pos kala wingi.

Akibat dalan sing rusak iku mau, ndadekno akeh wong sing nganggo kendaraan roda 2 utawa roda 4 ngalami kecelakaan ana ing dalan iku.

Pitakon 5W + 1H Pawarta Basa Jawa:

  • Apa sing dadi masalah ing Sampang? Dalan kabupaten saka Sreseh tekan kutha Sampang rusak lan bolong-bolong.
  • Ing pundi lokasi dalan rusak kasebut? Wilayah kabupaten Sampang, Jawa Timur.
  • Kapan dalan iku rusak? Wis suwe nanging durung diperbaiki nganti saiki.
  • Sapa sing ngeluh amarga dalan rusak? Saiful (25 taun), warga sing kerep liwat dalan kasebut.
  • Sapa sing tanggung jawab ndandani dalan? Pemerintah daerah Sampang.
  • Kepiye akibat saka dalan sing rusak? Akeh pengendara roda loro lan papat ngalami kecelakaan.

8. Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa: Gugur Gunung

Dinten Minggu warga padukuhan Pogung Kidul, Melati Sleman ingkang rancak inggih para pria tumut kerja bakti ndamel Paving Konblock. Konblock menika dipun ndamel saking campuran pasir lan semen ingkang saklajengipun dipuncetak lan dipepe ngantos garing.

Ketua RW Pogung Kidul Purwantho mratelaken kerja bakti kados mekaten inggih ajek ditindakaken saben Minggu.

Dene ancasipun inggih kangge nggantos konblock ingkang risak dateng sakuruting margi ing padukuhan. Awit ngiwatosipun ragat, pramila warga gotong royong ndamel konblock dene ragatipun dipundutaken saking iuran warga padukuhan Pogung Kidul ing saben wulanipun.

Pitakon 5W + 1H Pawarta Basa Jawa:

  • Apa sing ditindakake warga Pogung Kidul? Kerja bakti nggawe paving konblock.
  • Ing pundi kegiatan kerja bakti dilakokakĂ©? Padukuhan Pogung Kidul, Melati Sleman.
  • Kapan kerja bakti iki dianakake? Saben Minggu.
  • Sapa sing mimpin utawa ngatur kegiatan iki? Purwantho, Ketua RW Pogung Kidul.
  • Kangge apa paving konblock digawe? Nganti ganti paving sing rusak ing sakitering dalan padukuhan.
  • Kepiye biaya kerja bakti iki ditanggung? Saka iuran warga padukuhan saben wulan.

9. Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa: Kebakaran Pasar Tradisional

Ing dina Selasa esuk jam loro, pasar tradisional Legi ing kutha Surakarta kobong amarga geni sing dumadi saka salah siji kios kang adol kain. Amarga angin banter, geni cepet nyebar menyang kios-kios liyane nganti kabeh pedagang padha sumelang.

Petugas pemadam kebakaran langsung teka lan nyoba mateni geni nganti telung jam luwih. Untunge ora ana korban jiwa nanging kerugian ditaksir nganti milyaran rupiah.

Sawise kebakaran iki, para pedagang ngarep-arep ana bantuan saka pamaréntah kanggo mulihake ekonomi lan dagangan sing wis ilang kabakar.

Pitakon 5W + 1H Pawarta Basa Jawa:

  • Apa sing kedadeyan ing Pasar Legi Surakarta? Kebakaran gedhe sing nyebar saka kios kain.
  • Ing pundi lokasi kebakaran? Pasar Tradisional Legi, Kutha Surakarta.
  • Kapan kebakaran dumadi? Selasa esuk jam loro.
  • Sapa sing langsung nangani geni? Petugas pemadam kebakaran.
  • Pinten kerugian sing ditaksir? Milyaran rupiah.
  • Kepiye harapan para pedagang sawise kebakaran? Ana bantuan saka pemerintah kanggo mulihake ekonomi lan dagangan.

Halaman:

Advertisement