Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan, Lingkungan, dan Kesehatan

Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan, Lingkungan, dan Kesehatan – Membuat teks persuasif berbahasa Jawa bagi sebagian orang dianggap lebih sulit daripada menuliskan cerita cekak berbahasa Jawa.

Namun, kenyataannya menulis teks persuasif bahasa Jawa tidak sesulit apa yang sering digambarkan atau dibicarakan orang.

Selama kamu tekun
berlatih dan cermat dalam melihat fenomena yang ada di sekitarmu pastinya akan
memudahkanmu untuk membuat teks persuasif berbahasa Jawa.

Membuat Teks Persuasif Bahasa Jawa

https://unsplash.com/@farhanabas

Sebelum membuat teks
persuasif bahasa Jawa, yang harus kamu lakukan adalah pahami dahulu bagaimana
cara penulisan ejaan bahasa Jawa yang benar.

Sebab, sejauh ini masih banyak orang yang secara isi tulisan yang hendak disampaikannya bagus, tetapi karena penulisan katanya salah akan mengubah isi dan kandungan yang ada dalam naskah.

Nah, untuk menghormati hal-hal yang tidak diinginkan ini akan membuatmu lebih terlatih dalam menulis bahasa Jawa dengan baik dan benar.

Di bawah ini adalah contoh teks persuasif bahasa Jawa yang baik dan benar.

Contoh
Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan

Ing jagad iki ana samubarang
kang wigati banget tumrap panguripan, yaiku pendhidhikan. Mula sapa wae kang
kepengin kepenak lan ayem uripe kudu banget anggene nengenake babagan
pendhidhikan.

Prelu dikawuningani
babagan pendhidhikan iki ora mung manggon ing bangku sekolah. Wong kang pengin
duwe ilmu ora kudu ing sekolahan.

Jalaran sing aran
ilmu iku bisa ana ing ngendi wae. salah sijine yaiku ing pasrawungan. Akeh wong
sing bisa lan dadi pintere amarga sregep srawung klawan tangga utawa kanca sing
duwe ilmu tartamtu.

Ing jagading pasrawungan, becike kabeh iku bisa mapanake dhiri lan aja ana sing ngeman klawan ilmu kang diduweni.

Tegese aja ngeman ilmu yaiku lamun ana pawongan sing pengin ngerti utawa nempil ilmu kang diduweni.

Dakkira ora ana lupute yen ilmune didum kanthi cathethan ilmune digunakake kanggo samubarang kang becik.

Ilmu kang didum iki
mau lamun anggene menehake kanthi ikhlas lan ora merga kepengi dialembana
dening liyan. Bisa wae ilmu iki bakal dadi amal jariah kang pahalane bakal
terus mbanyu mili senajan sing aweh ilmu wis kapundhut.

Ngelingi wigati lan
gedhene sembulih saka Gusti Pangeran kang bakal diparingake marang pawongan
sing gelem andum ilmune.

Dakkira ora ana lamun
kita bisa andum ilmu marang sapadha murih ing tembe kahanan ing Indonesia iki
bakal luwih apik tinimbang sadurunge.

Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Lingkungan

Karesikan lingkungan
mujudake tanggungjawabe bebarengan. Mujudake lingkungan kang resik bakal
ndadekake warga kang manggon ing papan kasebut ngrasa ayem lan tentrem.

Ngancik mangsa
rendheng iki adate akeh dumadi kahanan kang ora dipengini. salah sijine yaiku
anane banjir lan tanah longsor.

Mulane kanggo
ngawekani babagan kasebut. Prayogane kabeh masyarakat kudu tansah bebarengan
njaga karesikane lingkungan.

Cara sing paling
gampang kanggo njaga karesikane lingkungan yaiku kanthi mbuwang larahan ing
papan kang samesthine.

Aja pisan-pisan
mbuwang sampah utawa larahan ing kali utawa selokan. Jalaran sampah utawa
larahan kang dibuwang ing kali bisa nyumpeti iline banyu.

Yen nganti iline
banyu kasumpet. Menawa ana udan gedhe, samesthine bakal ndadekake banjir kang
banget ngrugekake warga kang mapan ing sauruting kali.

Ing perangan liya,
saliyane aja mbuwang sampah utawa larahan ing kali. Prayogane masyarakat bisa
nindakake kegiyatan 3 M (mengubur barang bekas, menutup tempat penampungan air,
menguras bak air) kanggo ngawekani serangan nyamuk demam berdarah kang adate
metune mbarengi tekane mangsa rendheng.

Muga-muga kanthi
njaga karesikane lingkungan kanthi bebarengan iki bakal ndadekake kita kabeh
adoh saka sawernaning bebaya lan samubarang kang ora dipenginake.

Contoh
Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema
Kesehatan

Kabeh manungsa ing
alam donya mesthine padha duwe pangajab awake sehat lan adoh saka sawernane
penyakit.

Mulane akeh manungsa
kang ngupaya maneka werna supaya tansah pinaringan sehat. Kang dikarepake sehat
ing kene ora mung awak kang sehat nanging uga mental kang sehat.

Ing jaman saiki,
miturut panliten akeh wong kang batine kurang sehat. Ngenani kang nyebabake
batine manungsa ora sehat iki akeh banget jalarane.

Salah siji penyebabe
yaiku media sosial. Genea media sosial bisa gawe mentale pawongan saiki kurang
sehat?

Jalaran sosial media
jaman saiki akeh kang digunakake kanggo ajang pamer tumrape wong kang duwe
kaunggulan ing babagan materi.

Senajan tujuan pamere
iku niyate kanggo aweh motivasi supaya sing nonton bisa gumregah lan semangat
anggene tandang gawe. Nanging kadhang ditegesi liya dening wong liya.

Kadhang unggahan iku
dadi bahan kanggo mbandhing-bandhingake kasuksenane wong siji marang sijine.

Contone ana pawongan
sing sebut wae jenenge si Suta kang umure lagi 29 taun. Si Suta iki gawe video
sing diposting ing sosial mediane.

Ing postingane kuwi,
Si Suta menehi ngerti yen senajan umure isih 29 taun, nanging dheweke wis duwe
perusahaan dhewe, duwe motor lan mobil mewah lan tabungane luwih saka 4 milyar
rupiah.

Tujuane si Suta gawe
unggahan iki kanggo menehi semangat kanggo generasi mudha tansah semangat
nyambut gawe murih ing tembe bisa sukses kaya dheweke.

Pancen ora ana
klirune karo sing ditindakake si Suta. Nanging apa sing diunggah si Suta iki
bisa ndadekake panemu liya kanggo si Waru.

Si Waru mujudake nom-noman
kang umure nembe wae 31 taun. Gara-gara nonton unggahane si Suta ndadekake si
Waru ngrasa jagad iki ora adil.

Jalaran masia si Waru
wis ngupaya kanthi temenan ora kendhat anggene ndedonga, wis sedhekah lan melu
pelatihan apa wae. nanging rejekine adoh banget yen ditandhingake karo si Suta.

Gara-gara ngrasa
jagad iki ora adil kanggo dheweke. Banjur ndadekake Waru stres lan merga
anggene stres iki ora entuk penanganan.

Si Waru ngrasa yen
jagad iki ora bisa dadi mitrane kang bisa aweh panyengkuyung marang sekabehane
usahane.

Gara-gara pangrasa
kaya ngene iki kang banjur ndadekake Waru kepingin uwal saka gegemaning donya
kanthi cara kang nistha. Waru kang ora kuwat ngadhepi kridhaning jaman milih
mupus lan mungkasi uripe.

Ndulu kahanane Waru
iki, kita bisa entuk piwulangan. Yen sosial media iku apik nanging nyatane
sosial media uga duwe sisi kurang apik kang bisa ngrusak mental.

Mulane ora ana salahe
lamun awake dhewe mapanake sosial media iku mung sawates hiburan wae. saengga
masia akeh wong sing pamer kaduwekane, anggep wae iku mung sawates hiburan lan
aja dilebokake ati.

Ing jagad iki perlu
dieling-eling yen nyawa sing ana awake dhewe iki mung saderma titipan sing kudu
dijaga nganti Kang Duwe Nyawa mundhut dhewe kanthi cara kang ora bakal bisa
dinuga dening manungsa.

Penutup

Demikianlah contoh teks persuasif bahasa Jawa beragam tema yang dapat kamu jadikan sebagai rujukan referensi. Semoga berkat artikel ini membuatmu semakin ahli membuat naskah persuasif bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta