Advertisement
Source : https://unsplash.com/@farhanabas

Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan, Lingkungan, dan Kesehatan

Jika kamu menginginkan menjadi orang yang ahli dalam membuat naskah persuasif bahasa Jawa. Selain rajin melakukan latihan kamu juga dapat menyimak contoh teks persuasif pada artikel ini.

27 Januari 2023 Zuly Kristanto

Ilmu kang didum iki mau lamun anggene menehake kanthi ikhlas lan ora merga kepengi dialembana dening liyan. Bisa wae ilmu iki bakal dadi amal jariah kang pahalane bakal terus mbanyu mili senajan sing aweh ilmu wis kapundhut.

Ngelingi wigati lan gedhene sembulih saka Gusti Pangeran kang bakal diparingake marang pawongan sing gelem andum ilmune.

Dakkira ora ana lamun kita bisa andum ilmu marang sapadha murih ing tembe kahanan ing Indonesia iki bakal luwih apik tinimbang sadurunge.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan, Kesehatan, Cita-cita, dan Menuntut Ilmu

Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Lingkungan

Karesikan lingkungan mujudake tanggungjawabe bebarengan. Mujudake lingkungan kang resik bakal ndadekake warga kang manggon ing papan kasebut ngrasa ayem lan tentrem.

Ngancik mangsa rendheng iki adate akeh dumadi kahanan kang ora dipengini. salah sijine yaiku anane banjir lan tanah longsor.

Mulane kanggo ngawekani babagan kasebut. Prayogane kabeh masyarakat kudu tansah bebarengan njaga karesikane lingkungan.

Cara sing paling gampang kanggo njaga karesikane lingkungan yaiku kanthi mbuwang larahan ing papan kang samesthine.

Aja pisan-pisan mbuwang sampah utawa larahan ing kali utawa selokan. Jalaran sampah utawa larahan kang dibuwang ing kali bisa nyumpeti iline banyu.

Yen nganti iline banyu kasumpet. Menawa ana udan gedhe, samesthine bakal ndadekake banjir kang banget ngrugekake warga kang mapan ing sauruting kali.

Ing perangan liya, saliyane aja mbuwang sampah utawa larahan ing kali. Prayogane masyarakat bisa nindakake kegiyatan 3 M (mengubur barang bekas, menutup tempat penampungan air, menguras bak air) kanggo ngawekani serangan nyamuk demam berdarah kang adate metune mbarengi tekane mangsa rendheng.

Muga-muga kanthi njaga karesikane lingkungan kanthi bebarengan iki bakal ndadekake kita kabeh adoh saka sawernaning bebaya lan samubarang kang ora dipenginake.

27 Contoh Pidato Bahasa Indonesia untuk Tugas Sekolah Berbagai Tema

Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Kesehatan

Kabeh manungsa ing alam donya mesthine padha duwe pangajab awake sehat lan adoh saka sawernane penyakit.

Mulane akeh manungsa kang ngupaya maneka werna supaya tansah pinaringan sehat. Kang dikarepake sehat ing kene ora mung awak kang sehat nanging uga mental kang sehat.

Halaman:

Advertisement