Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan, Lingkungan, dan Kesehatan
Jika kamu menginginkan menjadi orang yang ahli dalam membuat naskah persuasif bahasa Jawa. Selain rajin melakukan latihan kamu juga dapat menyimak contoh teks persuasif pada artikel ini.
Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan, Lingkungan, dan Kesehatan – Membuat teks persuasif berbahasa Jawa bagi sebagian orang dianggap lebih sulit daripada menuliskan cerita cekak berbahasa Jawa.
Namun, kenyataannya menulis teks persuasif bahasa Jawa tidak sesulit apa yang sering digambarkan atau dibicarakan orang.
Selama kamu tekun berlatih dan cermat dalam melihat fenomena yang ada di sekitarmu pastinya akan memudahkanmu untuk membuat teks persuasif berbahasa Jawa.
Daftar Isi
Membuat Teks Persuasif Bahasa Jawa

Sebelum membuat teks persuasif bahasa Jawa, yang harus kamu lakukan adalah pahami dahulu bagaimana cara penulisan ejaan bahasa Jawa yang benar.
Sebab, sejauh ini masih banyak orang yang secara isi tulisan yang hendak disampaikannya bagus, tetapi karena penulisan katanya salah akan mengubah isi dan kandungan yang ada dalam naskah.
Nah, untuk menghormati hal-hal yang tidak diinginkan ini akan membuatmu lebih terlatih dalam menulis bahasa Jawa dengan baik dan benar.
Di bawah ini adalah contoh teks persuasif bahasa Jawa yang baik dan benar.
Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan
Ing jagad iki ana samubarang kang wigati banget tumrap panguripan, yaiku pendhidhikan. Mula sapa wae kang kepengin kepenak lan ayem uripe kudu banget anggene nengenake babagan pendhidhikan.
Prelu dikawuningani babagan pendhidhikan iki ora mung manggon ing bangku sekolah. Wong kang pengin duwe ilmu ora kudu ing sekolahan.
Jalaran sing aran ilmu iku bisa ana ing ngendi wae. salah sijine yaiku ing pasrawungan. Akeh wong sing bisa lan dadi pintere amarga sregep srawung klawan tangga utawa kanca sing duwe ilmu tartamtu.
Ing jagading pasrawungan, becike kabeh iku bisa mapanake dhiri lan aja ana sing ngeman klawan ilmu kang diduweni.
Tegese aja ngeman ilmu yaiku lamun ana pawongan sing pengin ngerti utawa nempil ilmu kang diduweni.
Dakkira ora ana lupute yen ilmune didum kanthi cathethan ilmune digunakake kanggo samubarang kang becik.
Ilmu kang didum iki mau lamun anggene menehake kanthi ikhlas lan ora merga kepengi dialembana dening liyan. Bisa wae ilmu iki bakal dadi amal jariah kang pahalane bakal terus mbanyu mili senajan sing aweh ilmu wis kapundhut.
Ngelingi wigati lan gedhene sembulih saka Gusti Pangeran kang bakal diparingake marang pawongan sing gelem andum ilmune.
Dakkira ora ana lamun kita bisa andum ilmu marang sapadha murih ing tembe kahanan ing Indonesia iki bakal luwih apik tinimbang sadurunge.
Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Lingkungan
Karesikan lingkungan mujudake tanggungjawabe bebarengan. Mujudake lingkungan kang resik bakal ndadekake warga kang manggon ing papan kasebut ngrasa ayem lan tentrem.
Ngancik mangsa rendheng iki adate akeh dumadi kahanan kang ora dipengini. salah sijine yaiku anane banjir lan tanah longsor.
Mulane kanggo ngawekani babagan kasebut. Prayogane kabeh masyarakat kudu tansah bebarengan njaga karesikane lingkungan.
Cara sing paling gampang kanggo njaga karesikane lingkungan yaiku kanthi mbuwang larahan ing papan kang samesthine.
Aja pisan-pisan mbuwang sampah utawa larahan ing kali utawa selokan. Jalaran sampah utawa larahan kang dibuwang ing kali bisa nyumpeti iline banyu.
Yen nganti iline banyu kasumpet. Menawa ana udan gedhe, samesthine bakal ndadekake banjir kang banget ngrugekake warga kang mapan ing sauruting kali.
Ing perangan liya, saliyane aja mbuwang sampah utawa larahan ing kali. Prayogane masyarakat bisa nindakake kegiyatan 3 M (mengubur barang bekas, menutup tempat penampungan air, menguras bak air) kanggo ngawekani serangan nyamuk demam berdarah kang adate metune mbarengi tekane mangsa rendheng.
Muga-muga kanthi njaga karesikane lingkungan kanthi bebarengan iki bakal ndadekake kita kabeh adoh saka sawernaning bebaya lan samubarang kang ora dipenginake.
Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Kesehatan
Kabeh manungsa ing alam donya mesthine padha duwe pangajab awake sehat lan adoh saka sawernane penyakit.
Mulane akeh manungsa kang ngupaya maneka werna supaya tansah pinaringan sehat. Kang dikarepake sehat ing kene ora mung awak kang sehat nanging uga mental kang sehat.
Ing jaman saiki, miturut panliten akeh wong kang batine kurang sehat. Ngenani kang nyebabake batine manungsa ora sehat iki akeh banget jalarane.
Salah siji penyebabe yaiku media sosial. Genea media sosial bisa gawe mentale pawongan saiki kurang sehat?
Jalaran sosial media jaman saiki akeh kang digunakake kanggo ajang pamer tumrape wong kang duwe kaunggulan ing babagan materi.
Senajan tujuan pamere iku niyate kanggo aweh motivasi supaya sing nonton bisa gumregah lan semangat anggene tandang gawe. Nanging kadhang ditegesi liya dening wong liya.
Kadhang unggahan iku dadi bahan kanggo mbandhing-bandhingake kasuksenane wong siji marang sijine.
Contone ana pawongan sing sebut wae jenenge si Suta kang umure lagi 29 taun. Si Suta iki gawe video sing diposting ing sosial mediane.
Ing postingane kuwi, Si Suta menehi ngerti yen senajan umure isih 29 taun, nanging dheweke wis duwe perusahaan dhewe, duwe motor lan mobil mewah lan tabungane luwih saka 4 milyar rupiah.
Tujuane si Suta gawe unggahan iki kanggo menehi semangat kanggo generasi mudha tansah semangat nyambut gawe murih ing tembe bisa sukses kaya dheweke.
Pancen ora ana klirune karo sing ditindakake si Suta. Nanging apa sing diunggah si Suta iki bisa ndadekake panemu liya kanggo si Waru.
Si Waru mujudake nom-noman kang umure nembe wae 31 taun. Gara-gara nonton unggahane si Suta ndadekake si Waru ngrasa jagad iki ora adil.
Jalaran masia si Waru wis ngupaya kanthi temenan ora kendhat anggene ndedonga, wis sedhekah lan melu pelatihan apa wae. nanging rejekine adoh banget yen ditandhingake karo si Suta.
Gara-gara ngrasa jagad iki ora adil kanggo dheweke. Banjur ndadekake Waru stres lan merga anggene stres iki ora entuk penanganan.
Si Waru ngrasa yen jagad iki ora bisa dadi mitrane kang bisa aweh panyengkuyung marang sekabehane usahane.
Gara-gara pangrasa kaya ngene iki kang banjur ndadekake Waru kepingin uwal saka gegemaning donya kanthi cara kang nistha. Waru kang ora kuwat ngadhepi kridhaning jaman milih mupus lan mungkasi uripe.
Ndulu kahanane Waru iki, kita bisa entuk piwulangan. Yen sosial media iku apik nanging nyatane sosial media uga duwe sisi kurang apik kang bisa ngrusak mental.
Mulane ora ana salahe lamun awake dhewe mapanake sosial media iku mung sawates hiburan wae. saengga masia akeh wong sing pamer kaduwekane, anggep wae iku mung sawates hiburan lan aja dilebokake ati.
Ing jagad iki perlu dieling-eling yen nyawa sing ana awake dhewe iki mung saderma titipan sing kudu dijaga nganti Kang Duwe Nyawa mundhut dhewe kanthi cara kang ora bakal bisa dinuga dening manungsa.
Penutup
Demikianlah contoh teks persuasif bahasa Jawa beragam tema yang dapat kamu jadikan sebagai rujukan referensi. Semoga berkat artikel ini membuatmu semakin ahli membuat naskah persuasif bahasa Jawa.
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:
Kost Dekat UGM Jogja
Kost Dekat UNPAD Jatinangor
Kost Dekat UNDIP Semarang
Kost Dekat UI Depok
Kost Dekat UB Malang
Kost Dekat Unnes Semarang
Kost Dekat UMY Jogja
Kost Dekat UNY Jogja
Kost Dekat UNS Solo
Kost Dekat ITB Bandung
Kost Dekat UMS Solo
Kost Dekat ITS Surabaya





