Advertisement
Source : https://unsplash.com/@farhanabas

Contoh Teks Persuasif Bahasa Jawa Singkat Tema Pendidikan, Lingkungan, dan Kesehatan

Jika kamu menginginkan menjadi orang yang ahli dalam membuat naskah persuasif bahasa Jawa. Selain rajin melakukan latihan kamu juga dapat menyimak contoh teks persuasif pada artikel ini.

27 Januari 2023 Zuly Kristanto

Ing jaman saiki, miturut panliten akeh wong kang batine kurang sehat. Ngenani kang nyebabake batine manungsa ora sehat iki akeh banget jalarane.

Salah siji penyebabe yaiku media sosial. Genea media sosial bisa gawe mentale pawongan saiki kurang sehat?

Jalaran sosial media jaman saiki akeh kang digunakake kanggo ajang pamer tumrape wong kang duwe kaunggulan ing babagan materi.

Senajan tujuan pamere iku niyate kanggo aweh motivasi supaya sing nonton bisa gumregah lan semangat anggene tandang gawe. Nanging kadhang ditegesi liya dening wong liya.

Kadhang unggahan iku dadi bahan kanggo mbandhing-bandhingake kasuksenane wong siji marang sijine.

Contone ana pawongan sing sebut wae jenenge si Suta kang umure lagi 29 taun. Si Suta iki gawe video sing diposting ing sosial mediane.

Ing postingane kuwi, Si Suta menehi ngerti yen senajan umure isih 29 taun, nanging dheweke wis duwe perusahaan dhewe, duwe motor lan mobil mewah lan tabungane luwih saka 4 milyar rupiah.

Tujuane si Suta gawe unggahan iki kanggo menehi semangat kanggo generasi mudha tansah semangat nyambut gawe murih ing tembe bisa sukses kaya dheweke.

Pancen ora ana klirune karo sing ditindakake si Suta. Nanging apa sing diunggah si Suta iki bisa ndadekake panemu liya kanggo si Waru.

Si Waru mujudake nom-noman kang umure nembe wae 31 taun. Gara-gara nonton unggahane si Suta ndadekake si Waru ngrasa jagad iki ora adil.

Jalaran masia si Waru wis ngupaya kanthi temenan ora kendhat anggene ndedonga, wis sedhekah lan melu pelatihan apa wae. nanging rejekine adoh banget yen ditandhingake karo si Suta.

Gara-gara ngrasa jagad iki ora adil kanggo dheweke. Banjur ndadekake Waru stres lan merga anggene stres iki ora entuk penanganan.

Si Waru ngrasa yen jagad iki ora bisa dadi mitrane kang bisa aweh panyengkuyung marang sekabehane usahane.

Gara-gara pangrasa kaya ngene iki kang banjur ndadekake Waru kepingin uwal saka gegemaning donya kanthi cara kang nistha. Waru kang ora kuwat ngadhepi kridhaning jaman milih mupus lan mungkasi uripe.

Halaman:

Advertisement