Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa beserta 5W + 1H yang Benar

Contoh teks pawarta bahasa Jawa berikut ini akan memudahkan kamu untuk mengerti maksudnya karena terdapat pertanyaan serta jawabannya.

14 Januari 2025 Mamikos

5. Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa: Banjir

Wis adat saben, tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah – tengahing April, dibarengi karo pawarta – pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan, kayata banjir, lemah longsor, lan liyane.

Kang kelebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa.

Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang kelebu dhaerah Jawa Barat nganti pesisir isih wetan kang kelebu ing daerah Jawa Timur.

Ing sasi – sasi kaya ngene iki, ngancik sasi Juni nganti tekan Agustus, wis bisa dibedheg, inflasi luwih dhuwur tinimbang ing sasi – sasi sadurunge. Amarga ing sasi -sasi iki akeh warga masyarakat padha ngoyak butuh lan akeh ngetokake wragad.

7. Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa: Dalan Rusak

Dalan kabupaten saka wilayah kecamatan Sreseh tumeko kutha Sampang rusak lan podho growok, kendaraan roda 2 utawa roda 4 sing arep liwat ing dalan iku kudu ati-ati lan waspodo.

Sampek saiki dalan iku durung di dandani karo pemerintah daerah Sampang.

Saiful (25 taun) warga sing sering liwat dalan iku ngeluhkake bab dalan sing rusak iku,” sampek saiki isih rusak padahal dalan iku wes suwe rusak nanging durung di dandani”. Ucape Saiful wektu di temoni radar Jawa Pos kala wingi.

Akibat dalan sing rusak iku mau, ndadekno akeh wong sing nganggo kendaraan roda 2 utawa roda 4 ngalami kecelakaan ana ing dalan iku.

8. Contoh Teks Pawarta Singkat Bahasa Jawa: Gugur Gunung

Dinten Minggu warga padukuhan Pogung Kidul, Melati Sleman ingkang rancak inggih para pria tumut kerja bakti ndamel Paving Konblock. Konblock menika dipun ndamel saking campuran pasir lan semen ingkang saklajengipun dipuncetak lan dipepe ngantos garing.

Ketua RW Pogung Kidul Purwantho mratelaken kerja bakti kados mekaten inggih ajek ditindakaken saben Minggu.

Dene ancasipun inggih kangge nggantos konblock ingkang risak dateng sakuruting margi ing padukuhan. Awit ngiwatosipun ragat, pramila warga gotong royong ndamel konblock dene ragatipun dipundutaken saking iuran warga padukuhan Pogung Kidul ing saben wulanipun.

Itulah beberapa contoh teks pawarta singkat bahasa Jawa.📖😊✨

Tentunya melalui contoh teks pawarta singkat bahasa Jawa, maka akan terlihat seperti apa unsur-unsur yang ada di dalamnya, yang mana akan semakin memudahkan pembaca saat akan membacanya.

Close