Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tentang Sekolah, Alam, dan Kebudayaan

Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tentang Sekolah, Alam, dan Kebudayaan – Geguritan berbahasa Jawa merupakan salah satu genre sastra Jawa yang baru muncul pada kisaran 1900-an.

Kemunculan geguritan berbahasa Jawa ini mendapat pengaruh dari puisi dalam bahasa Indonesia.

Di awal kemunculannya geguritan berbahasa Jawa ini banyak yang mengambil tema tentang perjuangan.

Namun, seiring dengan perjalanan waktu, tema yang diambil untuk menuliskan geguritan berbahasa Jawa ini sangat beragam. Mulai dari tema tentang alam, lingkungan, sosial, kebudayaan, sekolah, asmara, dll.

Mengenal Geguritan Bahasa Jawa Lebih Dekat

https://www.kompas.id/

Jika dilihat dari teknik penulisannya, geguritan berbahasa Jawa memiliki perbedaan yang sangat mencolok dengan teknik penulisan tembang macapat.

Geguritan berbahasa Jawa dituliskan secara bebas tanpa terikat dengan aturan yang mengikat seorang penulis dalam proses penciptaannya.

Hal ini tentu sangat berbeda dengan penulisan atau penciptaan tembang macapat yang mengharuskan seorang penulis harus patuh dengan aturan yang berlaku.

Apabila kamu masih kebingungan mengenai bagaimana membuat geguritan berbahasa Jawa yang baik dan benar. Simak baik-baik contoh di bawah ini.

Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tentang Sekolah, Alam, dan Kebudayaan

Di bawah ini adalah Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tentang Sekolah.

Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tentang Sekolah 1

Iki Sekolahku

Iki sekolahku

Panggonan kanggoku ngupadi ilmu

Ing kene

Bapak tuwin ibu guru medhar ngilmu

Paring pituduh

Endi sing bener lan endi sing luput

Kanthi kebak sih katresnan

 

Iki sekolahku

Papanku mesu dhiri

Ngupadi lan ngasah kaluwihan

Murih bisa mujudake gegayuhan

Saengga bisa gawe mongkog

Manahe bapak tuwin ibu

 

Iki sekolahku

Ing kene ora mung diwulang maca buku

Nanging uga diwulang

Yen manungsa iku beda-beda

 

Bapak tuwin ibu guru tansah ngelingake

Aja gampang nglokro lamun nemahi kegagalan

Kudu tansah semangat ngupaya

Sinau kanthi tenanan

Sarta aja tumindak sembranan

Amrih ora ngalami kapitunan

Ing tembe mburine

Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tentang Sekolah 2

Wewangunan Tuwa

Apa sliramu isih kelingan

Marang wewangunan tuwa

Sing manggon cedhak tapel watese desa

Biyen saben esuk

Aku lan slirane

Padha tugelan rel

Ditabuh Pak Bon

Minangka tandha piwulangan

Bakal kawiwitan

Ing gedhung tilase Walanda kuwi

Aku lan slirane ajar maca

Aksara latin lan aksara Jawa

Saengga bisa dadi kaya saiki

Contoh Geguritan Tema Alam

Di bawah ini adalah contoh geguritan dengan tema alam

Contoh Geguritan Tema Alam 1

Merapi

Sliramu tansah katon gagah

Pedhut putih katon sundhul langit

Tilas tapaking lahar katon kanthi cetha

Rikala katiban cahyane srengenge

 

Merapi

Saumpama slirane saguh crita

Lamun ditulis mesthi dawa pindha ula

Wiwit jaman Jawa kuna

Nganti tekan jaman mardhika

 

Merapi

Samesthine wis akeh sing kok sekseni

Maneka owah-owahan wis kok weruhi

Esem lan tangis nyawiji dadi siji

Manunggal minangka garising Gusti

Wiwit jamane Promodyawardhani

Nganti jamane Presiden Jokowi

 

Merapi

Sliramu pancen ora nate lirwa ing janji

Dudu karusakan sing kok paringake

Nanging sawates nindakake wajib

Kaya kang wis didhawuhake Gusti

Contoh Geguritan Tema Alam 2

Banjir

Swara ocehe manuk wengi

Mecah landhepe sepi

Ganda wangi kembang kegawa angin

Ndadekake adheme wengi tansaya ndadi

Ing langit katon rembulan lan lintang

Jejagongan ngrasani manungsa ing bumi

Kang isih seneng gawe polusi

Kang tansaya gawe rusake bumi

 

Bumi wis salin rupa

Alas akeh sing ilang dadi kutha

Kali kebak larahan

Iwak-iwak padha musna kari crita

Yen mangsa rendheng

Saben udane teka mesthi akeh waspa

Kang kutah rikala banjir nyaba kutha

Contoh Geguritan Tema Alam 3

Bun-bun Wengi

Salagine bun-bun wengi

Durung ana sing luruh

Kanggo wisuh lan masuh

Lebu kang mburemake mripat

Bakal dakgegem dakjaga kali-kali

Saka tangane manungsa

Kang seneng tumindak sakarepe dhewe

 

Rembulan ing langit tansah ngelingake

Beda ing sabarang kalir mujudake kodrating manungsa

Kang ora bisa diselakaki dening sapa wae

Anane beda kuwi nyatane kanggo nuduhake

Sepira gedhene kuwasan-E

Contoh Geguritan Tema Alam 4

Angin Pelabuhan

Salagine wengi iki isih dawa

Pengin dakwasuh atiku

Nganggo weninge banyu tlaga

Amrih saprotelone wengi mengko

 

Nalika manembah mring Gusti

Atiku tansah suci

Saka sakehing reregeding donya

Ana esem manis

Sinungging ing wengi kang tansaya atis

 

Senajan ora ngerti esem kuwi kanggo sapa

Nanging saben kelingan eseme

Ana rasa tentrem kang dakrasake

Muga wae

Bisa daktempil esemane

Kanggo pikuwating ati lungse

Dakakoni urip iki kebak kangelan

Pacoban teka lan lunga

Tanpa nate takon sepira gedhene lila

Sarta ora melu ngetung tetesing waspa

Kang kutah nalika dhadha

Ketaman prahara

 

Alun mangsa wengi bali aweh panyapa

Marang wedhi-wedhi ing gisiking segara

Kekarone rerangkulan rumaket sinambi

Negesi swaraning ati

Nalika baita-baita budhal lelayaran

Katon padha gegayuhan

Sarta donga keslametan

 

Saka gisiking segara bisaku

Mung saderma ngulur pandulu

Merga ora dakngerteni

Kudu menyang ngendi

Anggenku nempil sethithik kabagyan

Sajroning jaman kang kebak cecongkrahan

Contoh Geguritan Tema Alam 5

Sangisore Ombak Gedhe

Ing tepining segara kang biru

Aku lungguh dhewe nyawang ombak

Kang gulung-ginulung nuwuhake

Swasana kebak pitakonan

Sapa wonge sing ngira

Sangisore ombak

Kang saguh ngrubuhake gedhung

Ana panguripan lan sesawangan endah

Iwak-iwak lan terumbu karang kang endah

Urip tentrem ing sangisore ombak gedhe

Contoh Geguritan Tema Kebudayaan

Di bawah ini adalah contoh geguritan dengan tema kebudayaan

Contoh Geguritan Tema Kebudayaan 1

Dhawuhan

Nalika mawar lan mlathi kalarung

Siji mbaka siji

Ing iline kali cilik sapinggire

Situs menggung

Kabeh padha ndedonga

Manut kapitayane dhewe-dhewe

 

Esuk kuwi kabeh padha manunggal

Nyisihake sakehing pambeda

Kanthi sineksen pedhute gunung lawu

Senajan duwe beda kapitayan

Nanging kabeh padha saguh ngraketake paseduluran

Supaya katentreman iki ora kapancal

Merga tumindake manungsa kang mursal

Contoh Geguritan Tema Kebudayaan 2

Petilasan

Yagene isih ana sing gelem ngruwat warisan

Lila legawa ninggalake kesibukan

Kanggo genduri ing papan kinaran petilasan

Mesthine aku lan slirane

Wis padha ngerti

Ana sing luwih utawa

Saka murak sekul suci

Utawa nyuwiri ulam sari

Amarga ing kono ana panggulawentahe dhiri

Ngenani kepriye carane dadi manungsa utama

Jaman oleh wae edan

Ananging aja dadi alesan rusake seduluran

Yen isih seneng ngomong; NKRI Harga Mati

Mesthine uga gelem ngramut toleransi

Ing telenge ati

Contoh Geguritan Tema Kebudayaan 3

Pitakone Dhukun Bayi

Tangan-tangan pengkuh kang nate

Paring pitulungan tumrap para ibu

Nglairake putrane

Saiki padha sedheku

Owah gingsire jaman

Sarta anane aturan

Saka kang mengku kakuwasan

Nuwuhake panganggep yen kawruh warisan

Para leluhur kudu disingkur

Merga dianggep ketinggalan jaman

Kamangka lamun dipirsani kanthi tliti

Ora mung ngelmune para dhukun bayi

Kang kudu diupayakake murih lestari

 

Nanging

Anggene ngabdi marang sapadha

Sarta aweh tetulung tanpa

Sulap marang manising arta

Kudu dituladhani tekan kukute donya

Wengi iki ing pinggiring samodra

 

Ana mripat kaca-kaca

Nalika Dhukun bayi tuwa

Lelungguhan sinambi takon marang mega

Apa iya iki wis teka

Ing wancine kawruh kuna

Musna kauntal mangsa?

Penutup

Demikian contoh geguritan bahasa Jawa dengan tema sekolah, alam, dan kebudayaan.

Semoga artikel ini memudahkan kamu dalam membuat dan memahami sastra Jawa yang bernama geguritan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta