Advertisement
Source : umy.ac.id

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa tentang Stop Bullying di Sekolah

Jika kamu sedang mencari contoh teks pidato bahasa Jawa tentang stop bullying di Sekolah. Yuk, temukan contohnya dengan membaca artikel ini sampai selesai!

1 Januari 2024 Zuly Kristanto

Sebenarnya telah banyak upaya yang dilakukan pihak sekolah untuk meminimalisir perilaku bullying di antara siswa di kalangan sekolah.

Salah satunya adalah dengan mengajak siswa untuk untuk saling mengingatkan bahaya bullying dengan berpidato dengan tema bahaya bullying.

Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa tentang Kebersihan Sekolah

Pidato tentang bullying bisa dilakukan dengan menggunakan bahasa apa saja. Selain dengan memakai bahasa Indonesia.

Pidato tentang bahaya bullying dapat pula dilakukan dengan menggunakan bahasa Jawa, baik bahasa Jawa Krama maupun Bahasa Jawa Ngoko.

Supaya kamu bisa lebih memahami tentang bagaimana contoh pidato bahaya bullying dengan memakai bahasa Indonesia. Di bawah ini adalah contohnya.

Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Kebersihan Lingkungan

Contoh Pidato tentang Stop Bullying Bahasa Jawa

Contoh 1

Assalamualaikum warrahamtullahi wabarakatuh.

Sugeng siyang bapak kepala sekolah SMP Nusantara 3 ingkang kula khurmati ugi kula tresnani.

Sugeng siyang para ibu, bapak guru, sarta staf karyawan SMP Pancasila 3 ingkang kula khurmati ugi kula tresnani.

Sarta para mitra kula ingkang kula tresnani.

Saderengipun tepangaken nami kula Jaka Purnawa, ing ngriki kula miangka sesulih saking kelas IX badhe ngaturaken bebaya saking tumindak bullying dhateng lingkungan sekolah.

Miturut saweneh paneliten, ingkang kalebet tumindak bullying menika kathah sanget. Wiwit saking tumindak ngece, ngasorake, ngilokake, ngantos mara tangan dhateng liyan.

Tumindak menika kedah dipunsingkrihi awit saged mahanani kahanan ingkang kirang sae dhumateng kurbanipun.

Kurban tumindak bullying menika mboten namung bakal risak kapribadhen sarta mentalipun. Nanging ugi saged risak prestasinipun. Malah nate wonten siswa ingkang nate nglalu utawi lampus dhiri amargi dipun bully dening mitranipun

Mula saking niku, supados lingkungan sekolah tansah sae tumrap pangrembakanipun mental sarta sariranipun siswa. Kita sedaya kedah nyingkrihi sarta ngawontenaken perang dhumateng tumindak bullying.

Ing perangan sanes supados tumindak bullying dhateng lingkungan sekolah saged ical, kita kedah ngrangkul para mitra kados ngrangkul dhiri pribadhi.

Tegesipun menawi kita ngraos sakit menawi dipun jiwit, kita sampun ngantos jiwit dhateng tiyang sanes.

Kanthi nindakaken tumindak kados mekaten. Kula kinten tumindak bullying dhateng lingkungan sekolah bakal ical.

Kula kinten cekap semanten riyin ingkang saged kula aturaken. Sugeng siyang lan matur nuwun kagem wekdal ugi papan ingkang sampun diparingaken.

Wassalamualaikum warrhamatullahi wabarakatuh.

Halaman:

Advertisement