Advertisement
Source : umy.ac.id

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa tentang Stop Bullying di Sekolah

Jika kamu sedang mencari contoh teks pidato bahasa Jawa tentang stop bullying di Sekolah. Yuk, temukan contohnya dengan membaca artikel ini sampai selesai!

1 Januari 2024 Zuly Kristanto

Contoh 2

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh.

Sugeng enjing bapak kepala SMP 7 Tulungagung ingkang kula khurmati ugi kula mulyakaken.

Sugeng enjing bapak ugi ibu guru SMP 7 Tulungagung ingkang kula bekteni ugi kula khurmati.

Sugeng enjing sedaya staf karyawan ugi para mitra kelas 3 SMP 7 Ngunut ingkang kula tresnani.

Tepangaken, kula Adinda Mustika saking kelas 3 F. Kula ing ngriki badhe ngaturaken ngenani bebaya bullying dhumateng mentalipun siswa.

Tumindak bullying mujudaken tumindak ala ingkang kedah dipunsingkrihi dening sinten kemawon ing alam donya niki.

Awit tumindak bullying menika boten wonten gunanipun lan menawi dipun tindakaken ingkang nglampahi bakal pikantuk dosa ingkang ageng.

Kahanan ingkang kados menika saged dumados jalaran sedaya agama ingkang wonten alam donya sami sampun sarujuk menawi bullying menika salah satunggiling tumindak ingkang nglanggar sarengatipun agama.

Saliyane niku, tumindak bullying punika kalebet tumindak ingkang nglanggar hukum kang menawi dipunlaporaken dhateng pihak ingkang kagungan wenang, pelaku ingkang nindakaken bullying saged diganjar dikunjara.

Para rawuh,

Tumindak bullying menika mujudaken salah setunggaling tumindak ingkang sanget mbebayani tumrap pangrembakanipun kapribaden siswa.

Awit siswa ingkang ngalami bullying punika saged risak mentalipun. Bonten niku mawon, siswa utawa kurban bullying menika saged kelangan rasa percaya dhirinipun.

Ing ngriki kula ugi badhe matur kenging menapa tumindak bullying asring dumados dhateng lingkungan sekolah.

Salah satunggale amargi kurban bullying kathah ingkang mendel amargi rumaos ajrih kaliyan para pelaku.

Kedahipun, para kurban niki saged matur dhumateng bapak utawi ibu guru ngenani tumindak bullying kang dipun alami.

Menawi rumaos ajrih badhe matur dhumateng bapak utawa ibu guru. Para kurban saged matur dhumateng tiyang sepahe kekalih.

Salajenge tiyang sepah ingkang pikantuk laporan saking putrane. Sampun ngantos mendel kemawon. Tiyang sepah ingkang pikantuk laporan kados mekaten saged manggihi tiyang sepahe pelaku utawi langsung laporan dhumateng polisi.

Kanthi nindakaken lampah kados mekaten, samesthine bakal saged ndadosaken pelaku bullying ngraos kapok saengga boten bakal ngambali tumindake malih.

Wekdal punika taksih kathah ingkang nganggep tumindak bullying menika perkawis ingkang remeh lan kelebet kenakalan remaja.

Pamanggih mekaten niki ingkang lepat. Awit tumindak bullying menika sejatose sampun kelebet tumindak ingkang nglanggar ukum.

Supados tumindak bullying saged ical. Kita kedah teges. Pamrihipun pelaku tumindak bullying saged ngraos kapok amargi nampi paukuman kang abot.

Kula kinten cekap semanten riyin anggen kula matur. Sugeng enjing lan matur nuwun kagem wekdal ugi papan ingkang sampun diparingaken.

Wassalamualaikum warrhamtullahi wabarakatuh.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan, Kesehatan, Cita-cita, dan Menuntut Ilmu

Demikian contoh pidato bahasa Jawa tentang bullying. Semoga artikel ini dapat bermanfaat bagi yang membutuhkan.


Halaman:

Advertisement