Advertisement
Source : Getty Images/Lincoln Beddoe

Contoh Pidato tentang Perpisahan Kelulusan Sekolah Bahasa Jawa Singkat

Jika kamu ingin mencari tentang teks pidato perpisahan kelulusan sekolah dengan memakai bahasa Jawa. Maka, kamu dapat menyimak contoh-contohnya dalam artikel berikut ini.

28 Januari 2024 Zuly Kristanto

Kita ugi mboten kesupen ngaturaken shalawat saha salam dumateng Rasulullah SAW, mugi-mugi tansah pikantuk syafaatipun ing dinten pungkasan benjing.

Bapak Kepala Sekolah saha guru-guru SD Mirigambar II saha para rawuh ingkang ditresnani Allah, keparenga kula Amri minangka wakil saking siswa kelas 6 badhe matur ing kalodhangan menika.

Boten kraos wektu cepet sanget lumampahipun. Kala wingi rasane kula taksih sepisan mlebet ing sekolah punika, rebutan kursi kaliyan kanca-kanca, guyon-guyon, guyu-guyu, tepang kaliyan Bapak ugi Ibu Guru sing boten bosen-bosen anggenipun ndhidhik sarta mulang.

Sedaya lelabuhanipun Bapak lan Ibu Guru boten bakal saged kula lalekaken ngantos kapan mawon.

Kula taksih kemutan kanthi cetha kados pundi murid-murid ing SD Mirigambar II dugi kanthi dikancani tiyang sepuhipun, nangis-nangis amargi pengin dikancani, malah wonten ingkang dirantos dumugi kelas purna.

Ananging kanthi kesabaran ugi lumampahipun wekdal kula dalah kanca-kanca saged tuwuh dados murid ingkang mandhiri. Saengga boten dikancani malih rikala sinau wonten ing salebeting kelas.

Matur nuwun sanget dumateng Bapak saha Ibu guru SD Mirigambar II ingkang sampun mulang kula dalah kanca-kanca ingkang saderenge wuta aksara ngantos saniki saged maca sawernanipun tulisan dalah saged wasis itung-itungan.

Kula ngrumaosi bilih tanpa lelabuhanipun para bapak tuwin ibu guru SD Mirigambar II, dumugi wekdal niki kula dalah kanca-kanca mesthinipun taksih wuta aksara sarta mokal saged ngetang.

Salajengipun kula sacara pribadhi ugi minangka wakiling siswa kelas 6 badhe ngaturaken atur panuwun ingkang tanpa upami amargi saking lelabuhanipun bapak dalah ibu guru saged nglantari kula sakanca lulus saking ujian Nasional.

Pramila sepindah malih keparenga kula minangka wakilipun mitra-mitra kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru minangka pahlawan tanpa tanda jasa.

Kula lan kanca-kanca ugi nyuwun pangapunten menawi sadangunipun wonten ing pawiyatan SD SD Mirigambar II hanggadhahi kathah kalepatan, malah mboten jarang malah damel gela sarta kuciwa manahipun para guru.

Kagem kanca-kanca ingkang sampun lulus, sumangga padha ngudi nglajengake sekolah ing SMP utawa ingkang sababak supados langkung gampil anggenipun mujudaken gegayuhanipun.

Ingkang pungkasan kula nyuwun donga kaliyan restu saking Bapak Kepala Sekolah, Bapak saha Ibu Guru, saha panjenengan sedaya supados sasampunipun lulus saking pawiyatan menika taksih saged mbekta nama sekolah ingkang sae.

Kumpulan Contoh Pantun Penutup Pidato Formal dan Tidak Formal yang Menarik

Pungkasan kula nyuwun agunging pangaksami menawi wonten tata susila, tata krama, ugi tata susila ingkang kirang mranani dhumateng manah panjenengan sedaya

Wassalamualaikum wr. wb.

Halaman:

Advertisement