Advertisement
Source : Getty Images/Lincoln Beddoe

Contoh Pidato tentang Perpisahan Kelulusan Sekolah Bahasa Jawa Singkat

Jika kamu ingin mencari tentang teks pidato perpisahan kelulusan sekolah dengan memakai bahasa Jawa. Maka, kamu dapat menyimak contoh-contohnya dalam artikel berikut ini.

28 Januari 2024 Zuly Kristanto

Sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha izinipun kita sedaya saged nyawiji raos wonten ing acara wisuda kelas 12 SMAN 1 Kalidawir.

Ing kalodhangan ingkang bingah punika, kula minangka wakil saking kelas 12 SMAN 1 Kalidawir ngaturaken sugeng tanggap warsa dhumateng rencang-rencang sedaya ingkang sampun rampung ujian akhir saha lulus kanthi kasil kanthi biji ingkang sae.

Mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya sekolah ingkang sampun kasil nglulusaken siswanipun.

Para rawuh ingkang minulya,

Kathah kenangan ingkang sampun kita lampahi nalika 3 taun sinau wonten ing SMAN 1 Kalidawir.

Sampun kathah lelampahan ingkang sampun kita lewati sesarengan, nanging menawi wonten patemon wonten perpisahan. Samenika sampun dumugi kagem kita nglajengaken marginipun gesang piyambak-piyambak.

Ing kalodhangan menika ugi kula minangka wakil saking rencang-rencang ngaturaken agunging panuwun dhumateng para guru ingkang sampun ngorbanaken sedaya wekdal kangge ndhidhik saha mbimbing kita.

Mugi-mugi Allah SWT paring piwales dhumateng sedaya lelabuhanipun para guru. Kula kinten cekap sematen rumiyin atur saking kawula.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh Pidato tentang Kebersihan Lingkungan Sekolah Singkat dan Jelas

Penutup

Demikianlah contoh pidato tentang perpisahan kelulusan bahasa Jawa singkat. Semoga artikel contoh pidato tentang perpisahan ini memudahkanmu dalam menyusun teks pidato bahasa Jawa yang baik dan singkat.


Halaman:

Advertisement