33 Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa 2023 Halus Mohon Maaf Lahir dan Batin

33 Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa 2023 Halus Mohon Maaf Lahir dan Batin – Setiap umat islam memiliki cara yang berbeda untuk mengungkapkan rasa gembira seiring dengan datangnya hari raya idul fitri.

Selain dengan berkunjung langsung untuk meminta maaf atas segala kesalahan. Dapat pula kita mengirimkan ucapan permohonan maaf kepada siapapun yang kenal dengan kita.

Berbagai Contoh Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus

https://pikiran-rakyat.com/

Hari raya idul fitri merupakan saat yang paling dinanti oleh umat muslim di dunia.

Kamu bisa meramaikan perayaan idul fitri dengan menggunakan ucapan idul fitri bahasa Jawa pada daftar ucapan berikut.

Contoh Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus Bagian 1

  1. Sugeng riyadi 1444 H kagem sanak kadang ingkang kula tresnani. Kula nyuwun agunging pangaksami saking sedaya lepat kanthi tulusing ati.
  2. Dhumateng para mitra ing kula tresnani, kula ngaturaken sugeng riyadi 1444 H, mugya pesen punika saged dados cucuk lampah anggen kula nyuwun samudraning pangksami dhumateng panjenengan sedaya saking sedaya lepat tumrap panjenengan sedaya.
  3. Sugeng riyadi 1444 H mugya ing dinten riyaya punika sedaya lepat tansah linebur dening Gusti Allah Ta’ala.
  4. Ing dinten suci inggih dinten riyadi idul fitri 1444 H kula badhe nyuwun sih samudraning pangaksami dhumateng bapak ….. ugi ibu….. mugi panjenengan kekalih tansah kersa paring sepura saking seda lepat kula.
  5. Boten wonten tetembungan ingkang badhe kalair kejawi sugeng idul fitri 1444 H kagem sedaya sederek ingkang kula trensani. Mugi-mugi panjenengan sedaya saged paring samudraning pangaksami tumrap sedaya kalepatan ingkang nate kula tindakaken.
  6. Sugeng riyadi 1444 H kagem para mitraku kang daktresnani. Mugya ing dinten riyadi niki sedaya luput saged linebur kadya lebu kang sinaput wening bun ing wanci esuk.
  7. Sugeng riyadi 1444 H mring para siswa-siswaku, menawi bapak gadhah luput, bapak badhe nyuwun pangapura kang tulus saking lebete dhadha.
  8. Ngaturaken sugeng riyadi 1444 H kagem panjenengan sakulawarga, kula ….. dalah ….. badhe nyuwun samudraning pangaksami, mugi panjenengan tansah kersa paring pangaksama saking sedaya kalepatan kula dalah kaluwarga.
  9. Dinten 1 syawal 1444 H mujudaken dinten ingkang suci, pramila dipun ijini, sowan kula ngriki kagem nyuwun samudraning pangaksami tumrap sedaya lepat ingkang nate wonten sadangunipun kita memitran.
  10. Binarung swara angin ing mangsa wengi, nggodha ati kang nembe manggihi sunaring Illahi, ngaturaken sugeng riyadi 1444 H, mugi Gusti Allah paring ampunan sarta kanugrahan tumrap sedaya titah ingkang wonten bumi

Contoh Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus Bagian 2

  1. Ing wanci riyadi 1444 H punika sacara pribadhi kula badhe nempik sekedhik kawelasan sarta pangapura dhumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan kersa paring pangapura tumrap sedaya tindak ugi tutur ingkang kirang mranani dhumateng penggalihing manah panjenengan sedaya.
  2. Senaosa mripat dereng saged kepanggih mripat ugi dereng saged pepanggihan sacara langsung, lumantar layang maya punika, kula sakulawarga ngaturaken sugeng riyadi 1444 H, ing dinten ingkang suci punika. Kula sakulawarga nyuwun agunging pangaksama dhumateng panjenengan sakulawarga kanthi satulusing raga ugi jiwa.
  3. Sesarengan kaliyan kumandhangipun swanten takbir ingkang ngrenggani wengi, ing wanci punika kula ngaturaken sugeng riyadi 1444 H, mugya ing dinten riyaya punika saged ngapura-ingapura saengga saged nglebur sakathahing dosa ingkang sampun katindakaken ing dinten kawuri.
  4. Kumandhangipun swanten takbir ing dalu punika mujudaken tandha wulan pasa sampun rampung lan kaganti wulan riyaya ingkang kebak ampunan. Pramila kepareng matur, kula badhe nyuwun samudraning pangaksami ugi badhe ngaturaken sugeng riyadi 1444 H kagem sedaya bapak ugi ibu guru ingkang kawula bekteni ugi khurmati.
  5. Sadhangunipun sesrawungan dhumateng panjenengan, samesthinipun wonten tata tutur ugi tata susila ingkang kirang mranani ing manahipun panjenengan, bapak saha ibu (sebutkan nama). Mula saking niku, ing dinten riyadi 1444 H kula badhe nyuwun samudraning pangaksami dhumateng panjenengan. Mugi-mugi panjenengan kersa paring pangapura saking sedaya kalepatan kula.
  6. Ing dinten riyaya punika boten wonten ingkang kula pengini kejawi agunging pangaksama saking panjenengan sedaya, mugya pangaksama saking panjenengan saged nglebur sedaya lepat ingkang nate kula tindakaken sacara sengaja sarta ingkang boten sengaja.
  7. Sugeng riyadi 1444 H kagem para bapak lan ibu ingkang kula khurmati. Mugi-mugi ing dinten riyadi punika, kula dalah panjenengan sedaya tansah manggihi kabegjan saha ampunan saking Gusti Allah Ingkang Maha Wikan.
  8. Sugeng riyadi 1444 H, mugi-mugi ing dinten ingkang suci punika kita saged sesarengan masuh ati, supados sedaya rereg saged luntur sedaya. Saengga ing dinten riyadi punika kita saged bali suci kadya bayi ingkang nembe mirsani padhanging donya.

Contoh Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus Bagian 3

  1. Sugeng riyadi 1444 H, mugya ing dinten riyaya punika kita saged sesarengan reresik reregeding jiwa, supados ing dinten riyaya punika kita saged tinarbuka kagem nyenyuwun ugi paring jembaring pangapura tumrap sedaya luput ingkang nate dipuntindakaken dening mitra lan kaluwarga.
  2. Kula sawutuhe sadhar menawi dipunetung, kalepatan ingkang sampun kula tindakaken agenge ngungkuli gunung anakan, ananging ing dinten riyaya punika, kula sowan ngriki kagem nyuwun agunging pangaksama dhumateng panjenengan. Mugya panjenengan kersa paring pangapura dhumateng sedaya lepat kula.
  3. Sugeng riyadi 1444 H kagem para sedulur ingkang kula tresnani, mugya panjenengan sedaya tansah kersa paring samudraning pangaksama tumrap sedaya kalepatan kula.
  4. Rembulan ugi lintang ing angkasa tansah dados seksi kumandanging takbir tansah paring tandha dumugine mangsa riyaya, pramila kula sakulawarga badhe nyuwun agunging pangaksama dhumateng panjenengan sedaya. Mugi-mugi ing sasi ingkang suci menika kita tansah saged sesarengan ngupaya dados manungsa ingkang sampurna.
  5. Wulan pasa ingkang sampun kalampahan mulangaken supados kita tansah ajar dados titah ingkang sabar sarta ngertos wates, salajengi dumugi wancine wulan riyaya ingkang mulang supados kita kagungan ati segara. Mula saking niku kula badhe nyuwun pangapura menawi tumindak kula wonten ingkang kirang mranani dhumateng panjenengan sedaya.
  6. Rujak klapa dilawuhi sambel teri  kula nyuwun agunging pangaksama dhumateng sedaya mitra ing dinten kang fitri.
  7. Tahu kupat didhahar sinambi maos pawarta, mugya kabeh lepat padha lebur ing dina riyaya.
  8. Dhadhar sambel teri sinambi kayang, sugeng riyadi 1444 H para kadang.

Contoh Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus Bagian 4

  1. Wonten sapi kalungan tambang, sugeng riyadi 1444 H, Duh sayang
  2. Kebo nesu kalungan klasa, klasane bedhah ngarep lan mburi, mumpung dinten riyaya, kula nyuwun pangapura kanthi tulusing ati.
  3. Toya mripat namine waspa, kula ngaku lepat nyuwun agunging pangapura
  4. Toyane klapa namine santen, kula ingkang lepat lan nyuwun agunging pangapunten.
  5. Boten wonten peparingan ingkang saged nuwuhaken katentreman kejawi paringan pangapura saking panjenengan.
  6. Gula klapa ginawe saking sarining tebu, kula nyuwun pangapura saking lebeting kalbu.
  7. Sekar mlathi arum gandhane ing wanci dalu, sugeng riyadi para mitraku.

Demikianlah contoh ucapan idul fitri bahasa Jawa 1444 H yang dapat kamu bagikan kepada orang-orang terdekatmu. Semoga artikel ini dapat membuat lebaranmu lebih bermakna dan menyenangkan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat mu:

Kost Jogja Murah

Kost Jakarta Murah

Kost Bandung Murah

Kost Denpasar Bali Murah

Kost Surabaya Murah

Kost Semarang Murah

Kost Malang Murah

Kost Solo Murah

Kost Bekasi Murah

Kost Medan Murah