3 Contoh Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai, Kolam Renang, dan Rumah Nenek
Apakah kamu sedang mencari referensi karangan bahasa Jawa tentang liburan ke pantai, kolam renang, dan rumah nenek? Yuk, temukan contoh karangannya hanya di sini!
Salah satu jenis tugas yang sering diminta guru dalam mata pelajaran bahasa Jawa adalah membuat karangan dengan tema liburan, misalnya liburan ke pantai, kolam renang, atau ke rumah nenek.
Membuat karangan tentang liburan bisa diawali dengan menceritakan kapan kamu berangkat, apa yang kamu lihat selama perjalanan, dan apa yang kamu rasakan saat berada di lokasi.
Nah, di bawah ini adalah contoh karangan bahasa Jawa tentang liburan ke pantai, kolam renang, dan ke rumah nenek. Pelajari dengan baik agar kamu bisa mengerjakannya, ya! 😉✍️
Daftar Isi
Contoh Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan

Di bawah ini adalah beberapa contoh karangan tentang liburan yang bisa kamu pelajari, supaya kamu membuatnya sendiri
1. Contoh Karangan tentang Liburan ke Pantai
Plesiran Menyang Pesisir Cemara Sewu
Dina setu sore, Anto lan kaluwargane budhal menyang pesisir Cemara Sewu kang manggon ing desa Kalibatur, kecamatan Kalidawir, kabupaten Tulungagung.
Anggone budhal sengaja sore amarga Anto lan kaluwargane bakal kemah ing pesisir Cemara Sewu supaya esuke bisa nyawang srengenge mlethek.
Sadurunge budhal, Anto nyepakake sawetara barang kang dibutuhakake kanggo kemah. Wiwit saka tendha, matras, nganti piranti kanggo masak dicepakake.
Sadurunge dilebokake menyang njero tas ransel kabeh piranti sing digawa dipriksa luwih dhisik. Ancase supaya kabeh piranti sing digawa bisa digunakake kaya samesthine.
Kira-kira jam setengah papat sore Anto lan kaluwargane budhal saka ngomah. Nanging, sawise tekan JLS (Jalur Lintas Selatan). Bapake Anto takon, “Le, piye yen awake dhewe njajal menyang prapatan Mekah dhisik?”
Pitakone bapake iki ndadekake Anto bingung. Jalaran lagi iki dheweke ngerti ana prapatan Mekah.
Wiwitane Anto ngrasa sing dikandhakake bapake iku mung gojekan. Ing batine apa iya ing Tulungagung ana papan sing arane prapatan Mekah.
“Bapak niki remenane gojek mawon. Mosok badhene dhateng pesisir cemara sewu kok dadak mampir Prapatan Mekah. Mangke rak nggih ketebihen,” wangsulane Anto.
“Hla iya ta, Le. Bapakmu iku ana-ana wae,” ibune Anto melu nambahi.
Bapake Anto mung mesem krungu wangsulane Anto lan sisihane.
“Bune karo Anto sing bapak karepke prapatan Mekah kuwi dudu prapatan sing ana ing Arab. Nanging, prapatan sing ana ing JLS iki. Manggone cedhak karo pesisir Kedhung Tumpang. Papan kuwi sinebut prapatan Mekah merga dadi papan kumpule para wisatawan. Jalaran sesawangane endah.”
Sawise keprungu katrangan saka bapake ngenani prapatan Mekah. Anto lan ibune sarujuk. Mobil sing disetiri bapak Anto banjur digelak menyang prapatan Mekah.
Nalika Anto lan kaluwargane teka, kahanan prapatan Mekah wis rame banget. Untunge, Anto lan kaluwargane isih kebageyan papan parkir.
Sawise kuwi Anto lan kaluwargane andhok menyang warung kopi sing manggon ing papan kang paling dhuwur. Saka warung kopi sing digawe andhok, Anto bisa nyawang jembar lan birune segara kidul.
Kateg anggone ngopi, Anto lan kaluwargane banjur nerusake laku menyang pesisir Cemara Sewu kang jarake saka prapatan Mekah udakara 4 kilonan.
Sepuluh menit candhake, Anto lan kaluwargane wis tekan pesisir Cemara Sewu. Sawise mbayar karcis lan markirake mobil. Anto lan kaluwargane golek papan kang trep kanggo ngedegake tendha.
Anggone nggolek papan sengaja milih ing papan kang cemarane rada rungkut. Ancase supaya sesuk awan ora kepanasan.
Kebeneran, wektu Anto lan kaluwargane kemah kuwi nepaki mangsa ketiga ing wektu purnama. Dadine mbulane katon cetha banget.
Ya, saka anane cahya purnama kuwi kang ndadekake swasana ing sakiwa tengene tendha rada suda petenge.
Watara jam pitu bengi, wetenge Anto krasa luwe. Senajan ing kono ana warung sing nyedhiakake maneka panganan nganti jam sanga bengi.
Nanging ibune Anto milih masak dhewe. Ing wektu kuwi Anto, bapake, lan ibune padha gotong royong kanggo masak sega goreng. Ibune Anto sing nggoreng segane, bapake Anto sing nggoreng sosis, lan Anto sing ngonceki sosis sing isih kabuntel plastik.
Sawetara menit candhake, sega goreng wis mateng lan dimaem bebarengan. Ganda arume sega goreng katambahan swara ombak lan segere hawa wengi ing pesisir Cemara Sewu ndadekake rasa wetenge Anto tansah ndadi.
Senajan sing dimaem sega goreng, nanging merga dimasak bebarengan lan dimaem ing pesisir Cemara Sewu ing wayah wulan purnama rasane enak banget.
Nalika jam nuduhkake jam sanga wengi, Anto mlebu tenda kanggo turu. Merga hawane adhem banget, Anto turune nganggo sleeping bag.
Esuke, watara jam setengah lima Anton wis tangi. Untunge esuk kuwi langite ora mendhung. Saengga Anto bisa nyawang srengenge mlethek.
Anto bungah banget bisa nyawang srengenge mlethek saka pesisir Cemara Sewu. Bareng srengengene wis rada dhuwur. Anto bisa dolanan ing gisike segara bareng bapake.
Kira-kira jam setengah rolas awan Anto lan kaluwargane mulih. Sadurunge mulih Anto lan kaluwargane ngresiki papan sing digawe kemah. Pengalaman kemah ing pesisir Cemara Sewu mujudake salah siji pengalaman nyenengake sing dirasakake Anto.
Halaman:


