Contoh Drama Bahasa Jawa 6 Orang Tentang Lingkungan dan Kenakalan Remaja Singkat

Contoh Drama Bahasa Jawa 6 Orang Tentang Lingkungan dan Kenakalan Remaja Singkat – Salah satu tugas yang sering diberikan guru bahasa Jawa kepada siswa adalah meminta siswa untuk membuat naskah teks drama bahasa Jawa.

Seperti pada drama yang dibuat dengan menggunakan bahasa Indonesia. Drama yang dibuat dengan menggunakan bahasa Jawa juga harus memiliki unsur-unsur drama yang lengkap.

Adanya unsur-unsur ini bertujuan agar pesan yang ingin disampaikan oleh drama yang sedang ditampilkan dapat dipahami oleh penonton.

Tentang Drama Bahasa Jawa

https://www.youtube.com/@kalurahantrirenggo2095

Meski secara struktur sama, tetapi ada sedikit perbedaan antara drama yang ditulis dengan menggunakan bahasa Jawa dengan drama yang ditulis dengan bahasa Indonesia.

Salah satunya adalah pemilihan bahasanya. Meski di dalam drama, sebaiknya saat tokoh berbicara kepada tokoh lain yang usianya lebih tua. Sebaiknya bahasa yang digunakan adalah bahasa krama.

Supaya kamu lebih memahami bagaimana membuat teks drama berbahasa Jawa.

Perhatikan contoh drama di bawah ini.

Contoh Drama Bahasa Jawa 6 Orang

Di bawah ini adalah contoh drama bahasa Jawa 6 orang tentang kenakalan remaja dan tentang lingkungan.

Untuk yang pertama adalah contoh drama bahasa Jawa 6 orang bertema lingkungan.

Drama Bahasa Jawa 6 Orang Tentang Lingkungan

Larahan

Sawijining awan Dewi lan Dina bingung arep mbuwang larahan sing digawa saka omahe. ing wektu kuwi kekarone kepikiran arep mbuwang larahan menyang kali.

Dewi

Dibuwang menyang kali wae ya, Din?

Dina

Iya, Wi. Soale yen golek tempat sampah adoh.

Dewi

Tapi, kali sisih ngendi sing sepi, ya? Soale yen dibuwang neng kali cedhak kene samarku mengko konangan wong akeh. Yen nganti konangan mengko awake dhewe didenda.

Dina

Menyang kali mburi sekolahan wae piye? Sore kaya ngene rak ya sepi wisan?

Dewi

Hooh ayo budhal.

Sawetara candhake Dina lan Dewi wis tekan papan sing dikarepake.

Dewi

Ayo, Din. Saiki ayo dibuwang.

Dina

Ayo…

Apese sadurunge Dewi lan Dina mbuwang larahan. Saka kadohan Niko lan Andri bengok-bengok.

Niko

Eh… mandheg-mandheg

Andri

Hoe, larahane aja dibuwang menyang kono.

Dina

Piye iki, Wi? Awake dhewe konangan iki.

Dewi

Santai wae, Din. Bocah loro kae dakadhepane.

Niko

Karepmu iki piye kok mbuwang larahan ana kene?

Dewi

Ya, supaya cepet ta?

Niko

Apa kowe ora ngerti yen mbuwang larahan menyang kali iku ora apik kanggo lingkungan

Dewi

Ngerti. Tapi sing mbuwang larahan menyang kali dudu aku wae.

Andri

Ya, yen ngerti kudune kowe ora perlu melu-melu

Dina

Yen ora mbuwang larahan menyang kene. Banjur aku mbuwang larahan menyang ngendi?

Andri

Ya, menyang papan samesthine ta?

Dina

Menyang ngendi? Wong papan pembuwangane wae gak ana. Yen ora dibuwang rak ya sing ora sehat malih aku.

Dewi

Yen ora entuk dibuwang menyang kali. Becike dibuwang menyang kene wae.

Dewi banjur nyuntak larahane menyang dalan. Kebeneran wektu iku ana Pak Budi lan sisihane sing lagi nyurung gerobak sampah

Andri

Eh…eh kowe piye ta?

Dewi

Salahe aku ora entuk mbuwang larangan menyang kali? Wusanane tak buwang menyang kene.

Andri

Bocah kok nekad banget.

Ing wektu iku bocah papat kuwi padha padu. Ing kalane bocah papat padu iku dumadakan ana pak Sugeng lan sisihane sing misah bocah papat sing lagi padu

Bu Budi

Hey wis leren aja padu ta le, ndhuk. Kowe kuwi padu ngapa ta?

Niko

Niki hlo, Bu. Bocah kalih niki badhe mbuwang larahan dhateng lepen.

Pak Budi

Aja hlo, Ndhuk. Aja mbuwang larahan menyang kali. Bahaya.

Dewi

Lajeng kedah kula buwang dhateng pundi? Soale papan kagem mbuwang larahan boten wonten.

Bu Sugeng

Yen kowe bingung menyang ngendi mbuwange. Kene larahanmu dakgawane.

Dina

Hlo, badhe damel napa, Bu?

Bu Sugeng

Ya, didaur ulang maneh. kanthi didaur ulang larahanmu bisa dadi barang kang nduwe aji lan migunani tumrap manungsa.

Wangsulane Bu Sugeng iki ndadekake Dewi lan Dina kaget. Kekarone lagi ngerti yen larahan bisa dadi barang kang migunani.

Contoh Drama Bahasa Jawa 6 Orang Tentang Kenakalan Remaja

CCTV

Sawijining esuk Danang lan Andin ditimbali Pak Sugeng supaya menyang ruwang BK. Kekarone didakwa ngrusak piala sing ana ing kelas XII IPA

Pak Sugeng

Danang lan Andin kowe ngerti kena apa bapak utus mrene?

Danang

Boten, Pak. Kula boten ngertos.

Andin

Inggih, Pak. Kula ugi boten ngertos.

Pak Sugeng

Bapak kuciwa banget karo sakloron. Bapak kuciwa ora gelem blaka.

Danang

Blaka babagan punapa, Pak?

Pak Sugeng banjur ngetokake paial sing wis rusak.

 Pak Sugeng

Ayo saiki ngakua sapa sing kowe sakloron ta sing ngrusak piala iki? Saiki aku tak takon. Apa alasanmu ngrusak piala iki?

Danang lan Andin pandeng-pandengan

Danang

Saestu, Pak. Kula boten ngrusak.

Andin

Kula ugi, Pak. Kula ugi boten ngrusak. Kula malah nembe saniki ngertos piala kejuaraan kebersihan kelas kagungane kelas XII IPA rusak kados punika.

Pak Sugeng

Kowe bocah loro kok pancet ora blaka. Mangka Gayuh wis crita akeh. Kowe sakloron ngrusak piala iki jalaran kelasmu kalah ing lomba kebersihan kelas wingi ta?

Danang

Wah, niku boten leres Pak. Saestu kula boten ngrusak. Kula kinten Andin inggih mekaten. Kula kalih kalih Andin pancen getun boten saged menang ing lomba punika. Nanging, saestu kula boten ngantos tumindak kados ingkang tuduhaken.

Pak Sugeng

Yen dudu kowe sakloron banjur sapa? Apa mungkin pialane bisa rusak dhewe.

Andin

Dhasar napa ingkang didamel Gayuh ngantos nudhuh kula kaliyan Danang ingkang ngrusak piala menika Pak?

Pak Sugeng

Wingi Gayuh ngerti kowe sakloron metu saka kelas XII IPA sabubare sekolah bubaran. Sawise kowe sakloron ninggalake kelas XII IPA. Gayuh weruh piala wis rusak. Ana perlu apa kowe mlebu menyang kelas XII IPA?

Andin

Oh, babagan kula kaliyan Danang mlebet dhateng kelas XII IPA punika amargi kula diutus mundhutaken kaca tingal kaliyan buku kagungane Bu Resti ingkang kentun ing kelas XII IPA, Pak?

Danang

Leres ingkang dipunandharaken Andin, Pak. Upami bapak boten percados. Pripun menawi kita cek wonten CCTV ingkang kapasang wonten ngajenge kelas XII IPA. Kula kinten sinten ingkang ngrusak piala niki bakal saged dipunsumurubi.

Andin

Inggih, Pak. Kanthi mirsani rekaman ingkan wonten CCTV. Kita bakal ngertos kedadeyan ingkang satenane.

Pak Sugeng

Oh. Ide apik. Yen kaya ngono panjalukmu. Ayo melu aku.

Sauntara iku, Gayuh, Tatag, lan Deny lagi nglumpuk ing kantin sekolah.

Deny

Piye nasibe Danang lan Andin?

Gayuh

Hahahaha, bocah loro kae mesthi bakal oleh ukuman sing abot. Soale aku maeng wis omong menyang Pak Sugeng yen sing ngrusak piala neng kelase dhewe kuwi Danang lan Andin.

Tatag

Tapi, gak bahaya ta? Mangka sing ngrusak piala kuwi lak ya aku karo Deny merga kok kongkon ta, Yuh?

Gayuh

Wis, ta tenang wae. Arepa Danang lan Andin selak kaya ngapa. Pak Sugeng bakal luwih percaya karo sing dakcritakake. Apa mungkin Pakdheku dhewe ora percaya karo omonganku.

Tatag

Dadi Pak Sugeng kuwi Pakdhemu?

Gayuh

Yoii, dadi amanlah. Aku seneng banget yen bisa nyawang Danang lan Andin diukum. Soale Gara-gara bocah loro iku. Aku gagal dadi pacare Mega.

Ing papan liya, Andin, Danang, lan Pak Sugeng nonton rekaman CCTV sing ana ngarepe ruwang XII IPA.

Danang

Pak, saniki panjenengan sampun ngertos piyambak. Saking rekaman CCTV punika sampun cetha menawi sanes kula kaliyan Andin ingkang ngrusak piala.

Pak Sugeng

Iya, Danang lan Andin. Bapak njaluk sepura marang kowe sakloron. Jebule sing ngrusak piala iku Deny lan Tatag. Bocah-bocah kuwi sesuk bakale bapak celuk lan bakal bapak wenehi ukuman. Nanging, kowe sakloron gelem ngapura bapak ta?

Andin lan Danang

Inggih, Pak.

Cuthel

Penutup

Demikian contoh drama Bahasa Jawa 6 orang tentang lingkungan dan kenakalan remaja.

Semoga contoh di atas dapat menginspirasi kamu dalam membuat naskah drama berbahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta