11 Contoh Geguritan Tema Kemerdekaan Indonesia Bahasa Jawa Singkat

11 Contoh Geguritan Tema Kemerdekaan Indonesia Bahasa Jawa Singkat – Bulan Agustus merupakan salah satu bulan paling sakral bagi masyarakat Indonesia.

Hal ini dikarenakan pada bulan inilah setiap tahunnya dilakukan peringatan hari proklamasi kemerdekaan Indonesia.

Peringatan proklamasi ini sendiri dilakukan bukan sekedar untuk mengenang perjuangan para pahlawan yang telah berjuang mengorbankan jiwa dan raga demi kemerdekaan Indonesia.

Arti Penting Kemerdekaan

https://www.freepik.com/author/jcomp

Peringatan proklamasi bertujuan menumbuhkan rasa cinta kepada generasi muda untuk menghargai perjuangan para pahlawan, serta menumbuhkan cinta tanah air.

Dengan adanya rasa cinta tanah air inilah yang akan membuat para pemuda merasa terpanggil untuk menjaga kemerdekaan Indonesia.

Wujud peringatan hari kemerdekaan ini dapat dilakukan dengan berbagai macam cara. Selain dengan lomba-lomba juga dapat dilakukan dengan menciptakan geguritan dengan Tema Kemedekaan.

Di bawah ini adalah contoh geguritan Tema Kemerdekaan.

Contoh Geguritan Tema Kemerdekaan

Contoh 1

Panji Gula Klapa

Mardhika

Tembung kebak makna

Kumandhang ing saindhenging Indonesia

Diucapake dening sakabehe bangsa Indonesia

 

Mardhika

Endahe nembangake Indonesia Raya

Sang gula klapa kumlawe ing langit

Kaumbulake dening para pejuang Indonesia

 

Indonesia

Mardhika kanthi gegaman Bhineka Tunggal Ika

Ngripta kamulyan ing Nuswantara

Daktohi nyawa

Amarga tresnaku mumh Indonesia

Contoh 2

Udan Mimis

Segara getih kutah ing tanah nuswantara

Atusan nyawa musna

Katerjang mimis kang nggembol pepati

Tumrap para putra lan putri

Kang ora lila nyawang ibu pertiwi

Dirudapeksa dening bangsa manca

 

Kasebar ing tanah ora ana wong

Sawah, tegal, lan alas

Dadi seksi

Kaprawirane kusuma bangsa

Adol nyawa kanggo kamardhikane bangsa

 

Sawijining prajurit mbengok sora

Ngangkat dhuwur panji gula klapa

Tangan kiwa nyekel gegaman

Nantang penjajah sing duwe ati denawa

Mung ana rong tembung kang kawetu

Mardhika utawa mati

 

Sanalika dudu grimis kang dumadi

Nanging mimis kang nyebar pepati

Senajan ludira kasuntak lan raga

Ndhepani bantala

Nanging ora nyuda gilige tekad

 

Para pahlawan ngoncatake para penjajah

Bali menyang negarane

Murih kamardhikan sing wis suwe

Dienteni tekane ora dadi impen

Kang ilang katerjang angin sore

2022

Contoh 3

Nasibe Pejuang

Nganti saiki wis ewonan liter getih kutah

Nganti saiki wis ewonan nyawa wis ilang

Nganti kaping wis ewonan luh kutah

Nangisi kadang kang pralaya

Merga ngupayakake kamardhikane bangsa

 

Ana rega sing kudu dibayar

Kanggo mujudake kamardhikane Indonesia

Kamardhikan sing ora mung impen

Kamardhikan sing bakal ngowahi sejarahe bangsa

 Jamane pancen wis mardhika

 

Ananging isih akeh sing lali

Nora ngucap atur panuwun mring para pahlawan

Kang wis ngurbanane jiwa lan raga

Kanggo kamardhikane bangsa

 

Ing jaman kang wis sarwa kepenak

Akeh sing tumindake sapenakake dhewe

Para pejuang dilalekake

Para pejuang dijarake

Urip kelunta-lunta

Ing dalan-dalan

 

Nempil kawelasan kanggo nyambung

Urip ing dina kang tansaya rengka

Ing ngendi papan dununge rasamu

Nyawang pawongan sing wis wani

Kekancan pati murih kamardhikan

Dudu sawates ana ing alam impi

 

Sliramu ngguyu lakak-lakak

Mbuwang panganan sapenake

Mangka pawongan sing merjuangake

Kamardhikan sasate ora nate

Mung bisa kelebon sega wetenge

Yen ana wong kang kersa

Andum kawelasan marang slirane

Contoh 6

Indonesiaku

Negaraku

Negaraku negara sugih

Negara sing kebak budaya

Negara sing tansah gumregah

Ing saben generasi

 

Nanging, ana crita nyata ing jaman kawuri

Kolonisasi njajah ibu pertiwi

Perjuangan nglawan penjajah culika

Kanthi semangat makantar-kantar

Wani ngurbanake nyawa

 

Supaya bangsa bisa mardhika

Supaya anak-putu bisa ambegan landhung.

Tanpa ngrasakake rekasane diidak bangsa liya

Ing negarane dhewe

Contoh 7

Surabaya Mangsa Ketiga

Kumlebat maneh lelabuhanmu nalika mbela negara

Senajan langit kebak mendhung sarta grimis mimis

Nanging tan bias nyandhet laku bela negaramu

Senajan mung nganggo jejege tekad

Sliramu saguh pralaya sauger bumi pertiwi tetep mardika

Nanging lelabuhanmu saiki wis dianggep kaya crita wingi

Sing mung gawe panglipure ati

Jerit pananglangsamu

wis kasirep swara-swara kutha sing wis kok bela

nyatane sejarah wis owah

jalaran sing salah wis dianggep lumrah

senajan Surabaya wis dadi kutha kang manjila

sajake Surabaya wis lali marang sapa pahlawane

jalaran luwih nengenake pawongan sing njarah tinimbang

nengenake pawongan sing wis ngrakit sejarah

mangsa ketiga isih dawa jerit panalangsa kumawa mbedhah angkasa

nanging apa iya jeritane isih keprungu dening para nata praja?

2014

Contoh 8

Nalika Sejarah Ora Bisa Diejrah

Nalika sejarah wis dadi aksara kang ora bisa diejrah                                          

Mula aja koksalahke yen akeh tatanan kang dadi owah

Nalika para pejabat wis kasubya dening rasa nikmat

Mula aja koksalahke yen weruh uripe rakyat tansaya kesrakat

Nalika ora ana sing mangerteni negara iki duweke sapa

Mula aja koksalahke yen akeh para kawula padha ngutahake tangis panalangsa

 

Nalika ana pambiji kliru marang luhuring budaya

Mula aja koksalahake yen dinane iki akeh sing ora ngerti tata krama

Nalika

Nalika

Nalika

Nyatane kabeh kawiwitan saka tembung nalika

Kira-kira apa kang bisa didadekake wangsulan

Nalika para pejuang takon geneya negara iki dadi kaya ngene?

Contoh 9

Prau Jaman

Blarak-nlarak padha kumlawe

Nalika kasimpar sumilire angin sore

Saka sadawane pesisir kene

Daksawang lakune prau-prau wektu

Sing tansaya nyesekake dhadhaku

Kumlebat maneh panji gula klapa

Tanpa tenaga sarta katon sepa

 

Apa ana sing isih bisa kok luru

Nalika tembunge mung kanggo lelamisan wae

Sinempyok blarak sadawane pesisir kene

Rikala tansaya adoh sunare srengenge

Lamat-lamat keprungu

 

Swara tangis kawutah bebarengan ilange candhik ala

Apa iki tandha jaman wis tuwa

Nalika akeh pawongan lali marang sejarah

Perjuangane para leluhure dhewe

Contoh 10

Mangsa Tuwa

Ana crita kang sumimpen ing langit-langit sore

Ing kana tinulis kanthi trawaca

Ngenani owah mosiking mangsa

Sumilir angin sore nyempyok pang-pang aking

Ngiring angin panas

Nyipta bumi rengka ing mangsa ketiga

Wektu candhikala

 

Werna jingga kesaput petengi wengi

Nyasmitakake yen aku lan kowe

Kudu enggal marak seba

Kanthi nggawa swara-swara kawula kang srakat

Amrih para panguwasa ngerti sengsarane rakyat

Lamat-lamat lumakune wektu ngancik teka punjere wengi

 

Nalika dakcoba ngleremake mripat

Ana pitakon kang ngganjel ing ati

Apa iya para pejabat isih keprungu sambate para veteran

Kang wus ora saguh ngadhepi kejeme jaman?

Contoh 11

Tanpa Daya

Ora ana maneh sing kudu ditakoni

Ana ngendi dumununge papan palagane arek-arek surabaya

Nalika njaga kamardhikan kanthi nyawa kang dadi tumbale

Jalaran ing sore iki akeh sing lali marang lelabuhane para pahlawan

Para pemudha luwih seneng sinau budaya manca

Tinimbang sinau ngilmu rasa

Saengga bakal nuwuhake tata krama sarta trapsila marang sapadaning manungsa

 

Taun gumanti taun uripe basa jawa tansaya nelangsa

Akeh wong jawa lali marang basane lan lali marang adate

Taun iki mujudake taun pungkasan kanggo budaya jawa ing pawiyatan

Menawa taun-taun candhake ora bakal ana maneh bocah kang ngerti

Apa iku jumpritan lan apa iku guritan

Ngertine mung tik-tokan lan instagraman

Saeba emane nalika guritan bakal mlebu museum

Lan ora ana maneh kang ngronce ukara nalika tumekane purnama

Menawa iki mujudake wektu pungkasan kanggo basa jawa

Muga-muga isih ana kang kasisa

Pawongan kang ngerti ngelmu Jawa

Senajan iku wong manca negara

Demikianlah 11 contoh geguritan Tema Kemerdekaan Indonesia. Semoga artikel ini menambah wawasanmu tentang sastra Jawa modern utamanya tentang geguritan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta