15 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Berbagai Topik
Hingga saat ini, pidato bahasa Jawa masih banyak digunakan. Apabila kamu punya keinginan untuk melakukan pidato berbahsa Jawa, simak dulu contoh-contohnya di sini.
6. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kesehatan
Pidato tentang kesehatan dalam bahasa Jawa bisa diberikan pada peringatan suatu acara atau ketika membuka acara yang berkaitan dengan kesehatan.
Pilihlah tema yang sesuai dengan acara, misalnya ketika diadakan acara mengenai peringatan kanker, maka topik pidato yang perlu kamu sampaikan juga harus sesuai dengan kanker.
Apabila kamu tidak punya ide, kamu bisa menyampaikan tips untuk menjaga kesehatan dan sebagainya.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala Dinas Kesehatan
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu pengurus Puskesmas Dinirejo
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu ingkang sampun rawuh
Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem mengeti Dinten Kesehatan, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah SWT, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing papan menika kita sedaya saged sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.
Kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan kagem mengeti dinten kesehatan ing papan puskesmas Dinirejo menika.
Samenika, papan lan lingkungan kita sampun kathah tercemar amargi sampah.
Menawi sampah kasebat mboten diolah kanthi bener, masyarakat ingkang wonten ing papan menika saged kena penyakit.
Mula kagem njaga resikipun papan panggonan, kerja bakti marang keluarga lan warga kampung saged diuri-uri.
Menawi lingkungan papan panggonan lan lingkungan kampung saged resik, penyakit nular mboten bakal wonten.
Mekaten pidato saking kula. Menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih panjenengan, kula nyuwun pengapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
7. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kemerdekaan
Pidato bahasa Jawa yang bertema kemerdekaan sangat diperlukan untuk menyambut hari istimewa bangsa Indonesia.
Oleh karena itu, kamu bisa mencari tahu poin-poin penting yang akan kamu bahas di dalam pidato.
Misalnya saja tentang perjuangan pahlawan yang berasal dari daerahmu, tips bagi para pemuda di era kemerdekaan, maupun cara menghargai jasa para pahlawan.
Berikut adalah referensi pidato bahasa Jawa kemerdekaan Indonesia yang bisa kamu gunakan.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala RW 70
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu Kampung Aksara
Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya
Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga kita saged makempal wonten acara tiraatan kagem mengeti dinten kemerdekaan kanthi pinaringan karaharjan.
Kula Trisna, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu ingkang sampun rawuh ing pawiyatan menika.
Bapak Ibu sarta sedherek ingkang kula urmati, kados sampun kita mangertosi bilih rikala 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.
Pahlawan bangsa punika gadhah cita-cita luhur kagem merdekaaken Indonesia.
Tanggal 17 Agustus, para pemimpin bangsa wusananipun kasil maosaken proklamasi kamardhikan ingkang kedah kita mangertosi.
Mugi-mugi bangsa Indonesia saklajengipun langkung sae lan saged ngisi kalihan njaga semangat nasionalisme.
Cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun matur, kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
8. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Budi Pekerti
Pidato dengan tema budi pekerti bisa disampaikan pada acara seremonial atau acara yang dilakukan di instansi.
Jika kamu diminta untuk menyampaikan pidato bahasa jawa tentang budi pekerti, maka kamu perlu mengetahui sasaran pendengar isi pidato yang kamu sampaikan.
Tentu pemilihan kalimat dan kosakata untuk siswa sekolah dasar akan jauh berbeda dengan kosakata untuk siswa sekolah menengah, sehingga kamu perlu menyesuaikan diri.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Pinawengi
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Pinawengi
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Pinawengi
Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dhumateng Alloh SWT, saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan.
Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.
Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya jawi wiwit ngalaksanakaken unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal ayem, tentrem, saha bagya.
Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinaken.
Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru.
Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
9. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pengalaman Pribadi
Pengalaman adalah guru yang terbaik. Oleh karena itu, kamu tidak perlu bingung ketika diminta menyampaikan pidato bahasa Jawa dengan tema pengalaman pribadi.
Ambillah contoh pengalaman yang paling berkesan agar penyampaianmu lebih mudah diterima oleh para pendengar.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala Dusun Geger
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu Dusun Geger
Ingkang kula tresnani rencang-rencang Dusun Geger
Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula badhe ngaturaken sesorah kagem mengeti dinten dadosipun Dusun Geger.
Menawi kula taksih nom, Dusun Geger mboten kados punika. Toya lan pangan susah sanget. Para warga kados mlampah puluhan kilometer supados saged tetep urip.
Nalika Pak Geger rawuh, dusun menika kondisinipun saged luwih becik. Pak Geger nggulawenthah para warga kagem nandur pari, nggawe sumur, lan babagan tetandur.
Kula ugi diparingi ngelmu, saengga samenika saged nularaken ngelmu kaliyan para warga.
Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, mila, kita kedah sami-sami njagi Dusun Geger supados tetep tentrem lan sejahtera.
Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
10. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Ulang Tahun
Pidato bahasa Jawa bisa disampaikan pada acara ulang tahun dan biasanya disampaikan oleh orang yang lebih tua, misalnya saja oleh orang tua untuk menyambut ulang tahun buah hati.
Ada pula pidato bahasa Jawa yang disampaikan untuk memperingati hari ulang tahun pernikahan. Berikut ini contoh pidato bahasa Jawa tentang ulang tahun sebagai referensi.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Para Tamu
Ingkang kula tresnani rencang-rencang ingkang sampung rawuh
Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem mengeti dinten miyosipun Bu Eni, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah SWT, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing papan menika kita sedaya saged sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.
Kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan menika. Pengetan dinten miyosipun Bu Eni
Sampun kita mangertosi Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April ing Jepara taun 1879.
Pramila saben tanggal 21 April kita pangeti dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini lan perjuanganipun ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita ngantos saged sami kaliyan drajating priya.
Para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan ing jaman rumiyin, saengga mboten dipun keparengaken sekolah, mboten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya.
Kita saged mirsani samenika para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya, saged makarya lan saged nerusake pendidikan.
Sampun kathah wanita ingkang gadhah amanah ing jabatan penting, contonipun dados pemimpin.
Menawi para priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita kedah dipun parengaken supados mboten naming ing pawon.
Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyengkuyung pangetan dinten Kartini.
Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
11. Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa
Siswa Sekolah Dasar biasanya diminta untuk menyampaikan pidato bahasa Jawa dalam rangka acara perpisahan.
Poin-poin yang perlu disampaikan diantaranya adalah ucapan terima kasih bagi para guru yang telah berjasa meluluskan anak didiknya.
Selain itu, kamu juga bisa menyisipkan kenangan-kenangan yang pernah dialami selama duduk di kelas 6.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SD Kemangi
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SD Kemangi
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SD Kemangi
Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT awit ing wekdal menika kita taksih pinaringan kaharjan saengga ing wekdal menika lan ing papan SD Kemangi kita saged makempal.
Kula Amalia wakil saking kelas 6 ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresan anggenipun nggulawentah dhumateng kula ran rencang-rencang, saengga kita saged ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawitan SD Kemangi.
Mugi-mugi amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Allah SWT, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna, kanthi sukses ugi kanthi biji ingkang sae.
Kula lan rencang-renang ugi nyuwun agenging pangapunten awit asring ndamel Bapak Ibu Guru kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih.
Rencang-rencang sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamiin.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Halaman:

