Advertisement
Source : Canva/@mihaela-stoicas-images

15 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Berbagai Topik

Hingga saat ini, pidato bahasa Jawa masih banyak digunakan. Apabila kamu punya keinginan untuk melakukan pidato berbahsa Jawa, simak dulu contoh-contohnya di sini.

30 Januari 2026 Mamikos

12. Contoh Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 9

Siswa Sekolah Menengah Pertama yang diminta membuat pidato perpisahan bahasa Jawa biasanya diambil dari kelas 9.

Tidak seperti pidato bahasa Jawa untuk Sekolah Dasar, konten pidato kelas 9 biasanya lebih bervariasi dengan kosakata yang lebih luas.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMP Kemangi
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMP Kemangi

Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Kemangi

Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih amargi ing wekdal menika kita taksih pinaringan kaharjan saengga saged makempal.

Kula Trisna wakil saking kelas 9 ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresan anggenipun nggulawentah dhumateng kula ran rencang-rencang, saengga kita saged ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing SMP Kemangi kanthi lulus.

Kula lan rencang-rencang naming saged ngaturaken pandonga mugi-mugi amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan karentreman, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna kanthi NEM ingkang sae. 

Kula lan rencang-renang ugi nyuwun agenging pangapunten awit asring ndamel Bapak Ibu Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih Bapak Ibu Guru sedaya.

Mugi-mugi kita sedaya saged sukses lan mbanggakaken sekolah.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalilh, kula nyuwun agenging pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb

13. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan Lingkungan

Sampaikanlah pidato bahasa Jawa tentang kebersihan lingkungan ketika membuka acara kerja bakti atau ketika ada acara yang bertema lingkungan.

Akan lebih baik lagi jika pendengar pidatomu adalah orang yang lebih tua karena penggunaan bahasa Jawa dianggap lebih sopan.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala RW  70 Sambikerep
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu RW  70
Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya

Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem ngawiwiti kerja bakti, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah SWT, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya mboten kirang satunggal menapa.

Perlu kita mangerteni menawi lingkungan penting sanged kagem papan panggenan lan nggantungaken urip. Menawi lingkungan resik, masyarakatipun ugi sehat lan saged rukun.

Menawi manungsa njagi lingkungan lan manfaatke kasilipun saking bumi, urip dados luwih becik lan rukun. 

Salah sawijining cara njagi lingkungan inggih menika mboten mbucal sampah ing trotoar utawi papan kanthi salah.

Salajengipun, kita saged milah sampah ingkang taksih saged manfaat utawi sampah ingkang kudu dibucal.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami rawuh.

Kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya.

Wassalamualaikum wr.wb

14. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Sumpah Pemuda

Hari sumpah pemuda yang selalu diperingati tanggal 28 Oktober adalah momentum yang paling tepat untuk menyulut kembali semangat para pemuda.

Pemilihan kata pada pidato sumpah pemuda berbahasa Jawa tentu perlu disesuaikan dengan usia pendengar agar lebih mudah dipahami.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Ketua Pemuda Kampung Klayaran
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Kampung Klayaran ingkang sampun rawuh
Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya

Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, amargi ing wekdal menika kita taksih pinaringan rahmat saengga kita saged makempal wonten acara pengetan dinten Sumpah Pemuda kanthi pinaringan karaharjan. 

Kula Amarila, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu ingkang sampun rawuh ing pawiyatan menika.

Bapak Ibu sarta sedherek ingkang kula urmati, kados sampun kita mangertosi bilih rikala 28 Oktober 1928, para pemuda Indonesia nglaksanakaken Sumpah Pemuda.

Para pemuda saking kathah wilayah saking Indonesia ngaturaken sumpah kagem niteni menawi para pemuda ugi gadhah semangat kagem njagi NKRI.

Sumpah Pemuda ingkang kawujud deklarasi dados tanda menawi semangat njagi kesatuan NKRI mboten namung wonten tiyang sepuh kemawon, nanging ugi tiyang nom. Isi sumpah pemuda inggih menika:

“1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia
3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan, bahasa Indonesia”

Mugi-mugi isi sumpah pemuda menika saged dados diamalke kagem Indonesia ingkang luwih becik. Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, kulanyuwun agenging pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

15. Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Disiplin

Pidato bahasa Jawa tentang disiplin cocok disampaikan saat upacara sekolah atau kegiatan pembinaan siswa agar lebih tertib lan tanggung jawab.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMP Harapan Bangsa
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru
Lan ingkang kula tresnani rencang-rencang sedaya

Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah SWT, awit saking sih rahmatipun, kita sedaya taksih pinaringan sehat saha kesempatan kangge makempal wonten ing papan menika.

Sholawat saha salam tansah kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun paring tuntunan dhumateng umatipun.

Ing wekdal menika, kula badhe ngaturaken sekedhik sesorah babagan pentingipun disiplin ing gesang padintenan, mliginipun kangge para siswa.

Disiplin menika minangka pondasi utama supados kita saged dados pribadi ingkang tanggung jawab, tertib, lan sukses. Wiwit saking rawuh pas wektunipun, nglajengaken tugas kanthi temen, ngantos ngajeni aturan sekolah, sedaya punika wujud disiplin.

Menawi kita saged nerapaken disiplin wiwit alit, ing tembe wingking kita badhe langkung gampang nggayuh cita-cita lan dados tiyang ingkang migunani tumrap bangsa lan negara.

Mila saking menika, ayo kita sedaya bebarengan sinau ngleksanani disiplin kanthi ikhlas lan penuh tanggung jawab.

Cekap semanten sesorah saking kula. Menawi wonten kalepatan ing atur saha solah bawa, kula nyuwun agenging pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

Contoh Pidato tentang Perpisahan Kelulusan Sekolah Bahasa Jawa Singkat

Penutup

Sekian contoh pidato bahasa Jawa yang dapat Mamikos sampaikan. Semakin lama kamu berlatih, kamu akan semakin terbiasa dan tidak merasa kikuk ketika harus menyampaikan pidato tersebut di depan umum.

Cobalah untuk meminta teman atau keluarga menilai penampilanmu sekaligus memberi masukan.

Gunakan properti dan pakaian yang sesuai agar orang-orang semakin terkesan. Selamat menyampaikan pidato bahasa Jawa!😊✨


Halaman:

Advertisement