14 Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek tentang Berbagai Tema
Jika kamu sedang mencari informasi tentang beberapa contoh puisi jawa dengan berbagai tema, temukan jawabannya dengan membaca artikel berikut hingga selesai.
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 10
Kembang Wijaya Kusuma
Senajan kembangku wijaya kusuma
Ing tritisan omah mekar
Lan ganda arume sumebar
Menyang sajembare latar
Nanging dheweke durung kuwawa
Nyuda rasa perih lan ngusadani
Tatu ing jroning dhadha
Merga esem ngujiwat
Kang nate nglairake sewu janji
Saiki milih lali
Lan tansah mlayu kadya kilat
Samangsa daktagih janjine
Sawise daksembadani kabeh panjaluke
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 11
Punjering Donga
Muga isih ana kalodhangan
Kanggoku nyawang gebyaring lintang
Ing tlapukane mripatmu kang ora nate kendhat
Anggene paring pepadhang sarta katentreman
Tumrapku kang isih kasasar ing alas alang-alang
Saengga bisa dakcecep rasa nikmat
Nampa luberaning tresna
Saka dheweke punjering donga
Kang tansah dakwaca ing pungkasaning dina

Advertisement
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 12
Rasane Udan
Rasane udan taun iki beda
Tinimbang udan taun wingi
Wis ora ana maneh sing kena disambati
Jalaran kabeh wis padha lunga
Samungkure ngerti
Aku kelangan sekti
Sakawit pancene gela
Nyawang sing nate dakbela
Padha ninggalake aku kang kelangan daya
Nalikane garising pesthi
Nggawa jangkahku kudu ngadhepi pacoban
Paling abot sing kudu dakadhepi
Wiwit lair tekan saiki
Wengi isih dawa
Sinambi nyawang cagak-cagak gegayuhanku
Kang padha ambruk
Samungkure katerjang dahuru
Aku nyoba nyawang jembare langit
Ing adoh kana
Nyatane isih ana sacuwil sunare rembulan
Kang bisa dakdadekake cecolok
Nalikane winih rasa trima coba daktandur
Ing sela-selane dhadha kang isih kebak mala
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 13
Kemuning
Yen kembangku kemuning mekar
Aja kok salahake dheweke ngumbar
Gandha wangi
Ing sadawane wengi
Yen esemanmu isih kaya wingi
Aja kok salahake atiku kang wis kumawani
Nyedhiani kursi
Kang mung sliramu sawiji
Kang daklilani nglingguhi
Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek 14
Truntum Sumekar
Truntum kembang ing latar
Siji mbaka siji padha mekar
Mbarengi tekane taun anyar
Gandane kang arum sumebar
Nganti tekan njero kamar
Aweh pralampita murih nalar
Tansah dijaga tetep sadhar
Kalane ngadhepi wong sasar
Sing ngaku saguh dadi dedamar
Swasana taun iki bakal luwih mangar-mangar
Jarene bakal akeh wong sing tapihe wudhar
Mung kanggo nglabuhi sacuwil endhog dhadhar
Mula aja lali nggedhekake rasa sabar
Supaya paseduluran iki ora sigar
Kena trajange wong sing duwe karemenan
Mendem kadonyan lan gawe kaonaran
Demikian contoh-contoh puisi bahasa Jawa atau geguritan yang dapat diberikan. Semoga artikel ini bermanfaat bagi yang membutuhkan.